Kabupatèn Pemalang: Béda antara owahan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Konten dihapus Konten ditambahkan
c sithik
c sithik
Larik 25: Larik 25:


== Sajarah ==
== Sajarah ==
Eksistensi Pemalang ing abad XVI bisa digayutaké karo cathetan [[Rijkloff van Goens]] lan dhata ing buku W. Fruin-Mees sing njlèntrèhaké manawa ing taun 1575 Pemalang iku dadi salah siji saka 14 laladan kang mardika ing Pulo Jawa, sing dipanggedhèni déning pangéran utawa ratu. Ing perkembangané, Sénopati lan Panembahan Sedo Krapyak saka [[Mataram]] nelukaké laladan-laladan kasébut, ing antarané Pemalang. Wiwit iku Pemalang dadi laladan vasal Mataram sing dipréntah déning pangéran utawa ratu vasal.<ref name="internet1"/>
Anané Pemalang ing abad XVI bisa digayutaké karo cathetan [[Rijkloff van Goens]] lan dhata ing buku W. Fruin-Mees sing njlèntrèhaké manawa ing taun 1575 Pemalang iku dadi salah siji saka 14 laladan kang mardika ing Pulo Jawa, sing dipanggedhèni déning pangéran utawa ratu. Ing perkembangané, Sénopati lan Panembahan Sedo Krapyak saka [[Mataram]] nelukaké laladan-laladan kasébut, ing antarané Pemalang. Wiwit iku Pemalang dadi laladan vasal Mataram sing dipréntah déning pangéran utawa ratu vasal.<ref name="internet1"/>


Pemalang lan [[Kendhal, Kendhal|Kendhal]] ing mangsa sadurungé abad XVII minangka laladan sing luwih wigati tinimbang [[Tegal]], [[Pekalongan]] lan [[Semarang]]. Amarga saka iku dalan gedhé sing ngubungaké laladan pasisir lor karo laladan pedalaman Jawa Tengah (Mataram) sing ngliwati Pemalang lan [[Wiradésa, Pekalongan|Wiradésa]] dianggep dalan tuwa dhéwé sing ngubungaké rong kawasan mau.
Pemalang lan [[Kendhal, Kendhal|Kendhal]] ing mangsa sadurungé abad XVII iku laladan sing luwih wigati tinimbang [[Tegal]], [[Pekalongan]] lan [[Semarang]]. Amarga saka iku dalan gedhé sing ngubungaké laladan pasisir lor karo laladan pedalaman Jawa Tengah (Mataram) sing ngliwati Pemalang lan [[Wiradésa, Pekalongan|Wiradésa]] dianggep dalan tuwa dhéwé sing ngubungaké rong kawasan mau.


Populasi sing ndunungi minangka pemukiman ing padésan sing wis tumata muncul ing kalamangsa abad wiwitan Masehi nganti abad XIV lan XV, lan sabanjuré tuwuh ngrembaka ing abad XVI, ya iku ing ing sajeroning mangsa perkembangan Islam ing Jawa sangisoré Krajan [[Demak]], [[Cirebon]] lan [[Mataram]].
Populasi sing ndunungi minangka pemukiman ing padésan sing wis tumata muncul ing kalamangsa abad wiwitan Masehi nganti abad XIV lan XV, lan sabanjuré tuwuh ngrembaka ing abad XVI, ya iku ing ing sajeroning mangsa perkembangan Islam ing Jawa sangisoré Krajan [[Demak]], [[Cirebon]] lan [[Mataram]].

Révisi kala 3 Oktober 2020 18.50

Kabupatèn Pemalang

Lambang {{{nama}}}
Moto: Indah, Komunikatif, Hijau, Lancar, Aman, Sehat (IKHLAS)


{{{peta}}}
Peta lokasi {{{nama}}} di Jawa Tengah
Koordinat: -
Propinsi Jawa Tengah
Tanggal peresmian -
Pamaréntahan
 - DAU Rp. 330.900.000.000
Luas {{{luas}}}
Gunggung cacah jiwa
 - Total {{{penduduk}}}
 - Kepadatan {{{kepadatan}}}
Démografi
 - Kode area telepon 0284
Pembagian administratif
Simbol khas daerah
Situs web http://www.pemalangkab.go.id/

Kabupatèn Pemalang iku kabupatèn kang ana ing Provinsi Jawa Tengah.[1] Jarake kira-kira 135 km mengulon saka Semarang.[1] Kabupatèn iki wewatesan karo Segara Jawa ing sisih lor, Kabupatèn Pekalongan ing sisih wétan, Kabupatèn Purbalingga ing sisih kidul, sarta Kabupatèn Tegal ing sisih kulon.

Sajarah

Anané Pemalang ing abad XVI bisa digayutaké karo cathetan Rijkloff van Goens lan dhata ing buku W. Fruin-Mees sing njlèntrèhaké manawa ing taun 1575 Pemalang iku dadi salah siji saka 14 laladan kang mardika ing Pulo Jawa, sing dipanggedhèni déning pangéran utawa ratu. Ing perkembangané, Sénopati lan Panembahan Sedo Krapyak saka Mataram nelukaké laladan-laladan kasébut, ing antarané Pemalang. Wiwit iku Pemalang dadi laladan vasal Mataram sing dipréntah déning pangéran utawa ratu vasal.[1]

Pemalang lan Kendhal ing mangsa sadurungé abad XVII iku laladan sing luwih wigati tinimbang Tegal, Pekalongan lan Semarang. Amarga saka iku dalan gedhé sing ngubungaké laladan pasisir lor karo laladan pedalaman Jawa Tengah (Mataram) sing ngliwati Pemalang lan Wiradésa dianggep dalan tuwa dhéwé sing ngubungaké rong kawasan mau.

Populasi sing ndunungi minangka pemukiman ing padésan sing wis tumata muncul ing kalamangsa abad wiwitan Masehi nganti abad XIV lan XV, lan sabanjuré tuwuh ngrembaka ing abad XVI, ya iku ing ing sajeroning mangsa perkembangan Islam ing Jawa sangisoré Krajan Demak, Cirebon lan Mataram.

Kagunan Kabudayan

Kesenian tradhisional Sintren
  • Sintren, kesenian iki nggambaraké laku uripé bocah wadon sing isih gadhis, dilakokaké déning gadhis sing isih prawan lan durung akil balik.[2]
  • Jaran Ebleg
  • Wayang Kulit
  • Wayang Golèk
  • Penganten Pemalangan utawi Penganten Sintren
  • Jogèd Slendhang Pemalang
  • Jogèd ATBM, sawijiné jogèd cekakan saka ukara Piranti Tenun Bukan Mesin, jogèd kanggo mromosikake prodhuk unggulan Pemalang wujud sarung tenun lurik asil kerajinan masarakat ing Kacamatan Taman.
  • Baritan

Géografi

Kabupatèn Pemalang wewatesan:

ing sisih lor karo: Segara Jawa
ing sisih kidul karo: Kabupatèn Purbalingga
ing sisih kulon karo: Kabupatèn Tegal
ing sisih wétan karo: Kabupatèn Pekalongan

Pembagian Laladan Administratif

Kabupatèn Pemalang dibagi dadi 14 kacamatan,[1] lan dibagi manèh dadi pirang-pirang désa lan kalurahan. Pusat pemerintahané ing Kacamatan Pemalang.

Kejaba Pemalang, kutha-kutha kacamatan liyané sing cukup signifikan perkembanganané ya iku Comal, Petarukan, Ulujami, Randudongkal lan Moga.

Kacamatan ing Kabupatèn Pemalang ya iku:

Kabupatèn Pemalang akèhé saka suku Jawa. Ing sisih kulon lan kidul, pendunungé ngomongé nganggo basa Jawa dhialèk Tegal lan Banyumas, ing sisih wétan kaya ing Petarukan, Comal, Ulujami, Ampelgading lan Bodeh nganggo basa Jawa dhialèk Pekalongan.

Indhustri Rumah Tangga[1]

  • ATBM, Industri cilik krajinan Tenun ATBM akèh ditemoni ing Désa Wanarejan, Désa Bèji Kec. Taman Kabupatén Pemalang. Prodhuksi sing dihasilké awujud sarung kemabang / goyor sarung palekat kain lurik kas Pemalang Prodhuksi sarung goyor mau wis akèh sing ngerti lan pemasarané nganti luar laladan lan manca nganti tekan Afrika Timur lan Timur Tengah.[1]
  • Konveksi ing Ulujami.
  • Sapu Glagah ing Majalangu.
  • Krajinan Kulit Ula ing Comal.

Panggonan Pariwisata[1]

  • Pasisir Widuri. Obyèk wisata iki dadi andhalané Pemalang ing sèktor pariwisata, dumunung ing désa Widuri Kacamatan Pemalang. Pasisir iki duwé sesawangan sing éndah, mligi ing wektu sunset (srengéngé arep kangslup) lan sunrise (srengéngé arep njedhul).[3]
  • Kolam Renang dan Peristirahatan Moga
  • Cepaka Wulung
  • Curug Sibedil
  • Curug Sipendok
  • Telaga Silating
  • Curug Bengkawah
  • Gunung Gajah
  • Goa Gunung Wangi
  • Pasisir Joko Tingkir
  • Pasisir Blendung
  • Pasisir Widuri
  • Bukit Mendelem
  • Curug Lawang
  • Curug Barong
  • Telaga Rengganis
  • Bèji Bening

Kuliner

Panganan kas saka Pemalang ya iku grombyang, lonthong dhekem, kamir, lan apem Comal.

Tokoh Kawentar saka Pemalang

Cathetan suku

  1. a b c d e f g Situs Resmi Kabupatèn Pemalang (diunduh tanggal 22 Maret 2011)
  2. Budaya (diunduh tanggal 23 April 2011)
  3. Pasisir Widuri Pemalang Memiliki Keunikan Tersendiri (diunduh tanggal 23 April 2011)
  4. a b Daftar Kapolri dari Dulu Hingga Sekarang (diunduh tanggal 24 April 2011) Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; jeneng "internet7" diwedharaké ping bola-bali déné isiné béda
  5. Setiawan/id/107 Hendra_Setiawan (diunduh tanggal 24 April 2011)
  6. Jebul Artis Kristina Wong Pemalang (diunduh tanggal 24 April 2011)
  7. Keluarga Tunggu Jenazah Dulmatin (diunduh tanggal 24 April 2011)
  8. al-qur-an-h-muammar (diunduh tanggal 24 April 2011)

Pranala njaba