Banū Mūsā: Béda antara owahan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Konten dihapus Konten ditambahkan
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
→‎Pagesanganipun: ganti isi, replaced: Ananging → Nanging
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
c →‎Padamelanipun: éjaan, replaced: sak punika → sapunika using AWB
Larik 30: Larik 30:


==Padamelanipun==
==Padamelanipun==
Banu Musa inggih sampun nyerat 20 buku ingkang pokok ingkang sak punika kathah bukunipun ingkang sampun ical.{{sfn|Casulleras|2007}} Tuladha asiling karyanipun ing antawisipun inggih kados makaten:
Banu Musa inggih sampun nyerat 20 buku ingkang pokok ingkang sapunika kathah bukunipun ingkang sampun ical.{{sfn|Casulleras|2007}} Tuladha asiling karyanipun ing antawisipun inggih kados makaten:
* ''[[Book of Ingenious Devices]]'', ingkang nggambaraken 100 asiling temunan, ingkang salah satunggalipun inggih sampun dipunrekonstruksi kados dipunrancang.
* ''[[Book of Ingenious Devices]]'', ingkang nggambaraken 100 asiling temunan, ingkang salah satunggalipun inggih sampun dipunrekonstruksi kados dipunrancang.
* ''Qarasṭūn'', satunggaling risalah ngengingi keseimbangan berat badanipun.
* ''Qarasṭūn'', satunggaling risalah ngengingi keseimbangan berat badanipun.

Révisi kala 27 Sèptèmber 2020 15.45

Banū Mūsā
An illustration of a self-trimming lamp from Ahmad's On Mechanical Devices, written in Arabic.
Lair9th-century
ÉraIslamic Golden Age
WilayahBaghdad
Kawigatèn utamaAstronomy, Geometry
Gagasan wigatiApplication of arithmetic to geometry[1]
Karya utamaBook of Ingenious Devices, Book on the Measurement of Plane and Spherical Figures

Banū Mūsā gadhah tigang sedherek ("Para putra Musa"), kanthi nama Abū Jaʿfar, Muḥammad ibn Mūsā ibn Shākir (ingkang miyos sadèrengipun taun 803Pebruari, 873), Abū al‐Qāsim, Aḥmad ibn Mūsā ibn Shākir (gesang ing abad kaping 9) lan Al-Ḥasan ibn Mūsā ibn Shākir (ingkang gesang ing abad kaping 9) inggih punika tigang sarjana Islam saking Baghdad ingkang misuwur saking asiling bukunipun ngèngingi "Ingenious Devices" ing bab mesin otomatis lan piranti- piranti mesin ing abad kaping 9. Asiling pakaryan sanèsipun saking ketiganipuninggih punika kitab utawi buku ngengingi pengukuran montor mabur lan Spherical Figures, satunggaling karya ingkang saged dados dhasar karyanipun ing bab geometri ingkang asring dipunpethik saking kekalih ilmuwan matematika Islam lan Éropah.[2]

Banu Musa makarya ing observatorium astronomi ingkang wonten ing Baghdad déning Abbasid Caliph al Ma'mun kados asiling panalitènipun ing House of Wisdom. Banu Musa lan sedherek- sedherekipun ugi ndhèrèk partisipasi ing abad kaping sanga wonten ing èkspèdhisi kanggé damel pengukuran bab geodesic kanggé ngindhèntifikasi dawanipun satunggaling barang ing ukuran drajat.[2]

Pagesanganipun

Banu Musa inggih putra kakung nomer tiga saking kulawarga Mūsā ibn Shākir, ingkang ing gesang sadèrengipun ugi sampun naté dados penyamun lan astronom ing Greater Khorasan kanthi urut- urutaning turunan ingkang boten dipunmangertosi.[3] Sasampunipun kekancan kaliyan Al Ma'mun, ingkang salajengipun dados gubernur ing Khorasan lan dalem ing Marw, Musa makarya dados peramal Islam lan ugi astronom Islam.[4] Sasampunipun piyambakipun séda, putranipun ingkang paling enem dipunpadosi déning pengadilan al Ma'mun.[5] Al Ma'mun inggih ngakeni kaprigelanipun saking ketigang sedherek kala wau lan ndhaptaraken ketiganipun ing House of Wisdom ingkang sampun misuwur lan ugi ing pabukon lan pusat penerjemahan ing Baghdad.[6]

Sinau wonten ing House of Widom ing sak ngandhapipun wewarah saking Yahya ibn Abi Mansur, lan piyambakipun inggih ugi ndhèrèk ing kupiya kanggé ngalih aksarakaken karyanipun ing basa Yunani Kuno lan ug dhateng basa Arab kanthi cara ngirim teks ing basa Yunani Kuno dhateng basa Byzantium, lan pikantuk bayaran ingkang ageng saking asiling terjemahanipun lan ugi piyambakipun sinau basa Yunani kanthi mandhiri. Ing satunggaling wekdal nalika tindakan, Muhammad kepanggih kaliyan ilmuwan matematika lan penerjema ingkang misuwur lan lajeng dipunrekrut kanggé mbiyantu padamelanipun inggih pnika Thabit ibn Qurra. Wonten ing pinten - pinten titik, Hunayn Ibn Ishaq inggih ugi mlebet wonten ing pérangan klompokipun.[2] Sasampunipun sedanipun al Ma'mun, Banu Musa nerasaken padamelanipun ing sak ngandhaping kalifah al Mu'tasim, al Wathiq, lan al Mutawakkil. Nanging ing salebeting pamarentahanipun al Wathiq lan al Mutawakkil wonten masalah internal bab saingan ing antawisipun para ilmuwan ingkang wonten ing House of Wisdom. Wonten ing sapérangan titik, BAnu Musa inggih dados pasukanipun al Kindi lan paring kontribusi kanggé paring persekusi déning al Mutawakkil. Piyambakipun lan para sedherekipun lajeng dipunparingi padamelan déning al Mutawakkil kanggé mbangung kanal kitha énggal saking al Jafariyya.[1]

Padamelanipun

Banu Musa inggih sampun nyerat 20 buku ingkang pokok ingkang sapunika kathah bukunipun ingkang sampun ical.[2] Tuladha asiling karyanipun ing antawisipun inggih kados makaten:

  • Book of Ingenious Devices, ingkang nggambaraken 100 asiling temunan, ingkang salah satunggalipun inggih sampun dipunrekonstruksi kados dipunrancang.
  • Qarasṭūn, satunggaling risalah ngengingi keseimbangan berat badanipun.
  • On Mechanical Devices, ingkang wossipun inggih bab satunggaling pakaryan bab piranti- piranti pneumatic, ingkang dipunserat déning Ahmad.
  • A Book on the Description of the Instrument Which Sounds by Itself, ngengingi téyori musikal.[6]
  • Book on the First Motion of the Celestial Sphere (Kitāb Ḥarakāt al‐falak al‐ūlā),
  • Book on the Mathematical Proof by Geometry That There Is Not a Ninth Sphere Outside the Sphere of the Fixed Stars, déning Ahmad.
  • Book on The Construction of the Astrolabe, dipunpethik déning al-Biruni.[2]
  • Book on the Solar Year,
  • On the Visibility of the Crescent, by Muhammad.
  • Book on the Beginning of the World, déning Muhammad.
  • Book on the Motion of Celestial Spheres (Kitāb Ḥarakāt al‐aflāk), déning Muhammad.
  • Book of Astronomy (Kitāb al‐Hayʾa), déning Muhammad.
  • A book of zij, déning Ahmad
  • Another book of zij

Cathetan suku

  1. a b John J. O'Connor lan Edmund F. Robertson. Banu Musa brothers ing MacTutor archive.
  2. a b c d e f Casulleras 2007.
  3. Gutas, Dimitri (1998-07-23). Greek Thought, Arabic Culture: The Graeco-Arabic Translation Movement in Baghdad and Early 'Abbasaid Society. Routledge. kc. 133. ISBN 0415061334.
  4. Pingree 1988.
  5. Masood, Ehsad (2009). Science and Islam A History. Icon Books Ltd. kc. 161–163.
  6. a b Al-Darrbagh 1970.