Pulo Bacan: Béda antara owahan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Konten dihapus Konten ditambahkan
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
→‎Obyek Wisata: ganti isi, replaced: mahkota → makutha, Mahkota → Makutha
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
c →‎Obyek Wisata: éjaan, replaced: sak punika → sapunika using AWB
Larik 22: Larik 22:
* Papan Anggegana Usman Sadik
* Papan Anggegana Usman Sadik
* Kraton [[Sultan Bacan]]. Kraton Sultan Bacan dipuncet kanthi warna [[jene]] ingkang dados simbul warna kesultanan. Atap kraton Sultan Bacan inggih ketigal inggil kados griya adat ing laladan [[Bima]], [[Sumbawa Besar]]. Ing salebeting kraton saged dipuntingali barang-barang tilaran sajarah ingkang saged dipunselamataken nalika wonten kebakaran ing kraton, inggih punika makutha, [[keris]], saha payung kraton. Makutha Raja ing kraton Sultan Bacan ingkang dipunsebat ''Lakare'' punika dipundamel saking [[kain]] beludru ingkang boten naté kusem saha dipunsukani rerenggan watu-watu mulia asli. Sedaya barang-barang tilaran kraton punika saged dipuntingali déning para wisatawan manawi Sultan wonten ing kraton.<ref name="internet 1">[http://ambularo.wordpress.com/2008/06/20/pulau-bacan/] Pulau Bacan (dipunundhuh tanggal 4 Januari 2013)</ref>
* Kraton [[Sultan Bacan]]. Kraton Sultan Bacan dipuncet kanthi warna [[jene]] ingkang dados simbul warna kesultanan. Atap kraton Sultan Bacan inggih ketigal inggil kados griya adat ing laladan [[Bima]], [[Sumbawa Besar]]. Ing salebeting kraton saged dipuntingali barang-barang tilaran sajarah ingkang saged dipunselamataken nalika wonten kebakaran ing kraton, inggih punika makutha, [[keris]], saha payung kraton. Makutha Raja ing kraton Sultan Bacan ingkang dipunsebat ''Lakare'' punika dipundamel saking [[kain]] beludru ingkang boten naté kusem saha dipunsukani rerenggan watu-watu mulia asli. Sedaya barang-barang tilaran kraton punika saged dipuntingali déning para wisatawan manawi Sultan wonten ing kraton.<ref name="internet 1">[http://ambularo.wordpress.com/2008/06/20/pulau-bacan/] Pulau Bacan (dipunundhuh tanggal 4 Januari 2013)</ref>
* Benteng Bernevald (dipunyasa déning [[Portugis]] kanggé nahan serangan [[Spanyol]]. Benteng punika dipunkiteri déning kalen alit saha taksih wonten sapérangan [[meriam]] ingkang kedah dipunrawat kanthi langkung saestu. Ing sak njawinipun saha ing lebetipun bètèng ugi kathah suket-suket alasan. Ingkang kedah dipundandosi malih kanggé njaga bètèng supados tetep wutuh inggih saking watu-watu kali ingkang dados bahan dhasar kanggé damel bètèng ingkang sak punika sampun maleh dados lapisan [[semen]] ingkang boten dipunurus malih.
* Benteng Bernevald (dipunyasa déning [[Portugis]] kanggé nahan serangan [[Spanyol]]. Benteng punika dipunkiteri déning kalen alit saha taksih wonten sapérangan [[meriam]] ingkang kedah dipunrawat kanthi langkung saestu. Ing sak njawinipun saha ing lebetipun bètèng ugi kathah suket-suket alasan. Ingkang kedah dipundandosi malih kanggé njaga bètèng supados tetep wutuh inggih saking watu-watu kali ingkang dados bahan dhasar kanggé damel bètèng ingkang sapunika sampun maleh dados lapisan [[semen]] ingkang boten dipunurus malih.
* Pasisir Pawete
* Pasisir Pawete
* Cagar alam
* Cagar alam

Révisi kala 27 Sèptèmber 2020 15.40

Pulo Bacan

Benteng Oldebarneveld di Bacan di taun 1880

Pulo Bacan inggih punika salah satunggaling pulo ingkang dumunung wonten ing Kapuloan Maluku. Ingkang langkung trep, papanipun wonten ing sisih kulon radi kidul pulo Halmahera. Pulo Bacan kalebet ing wewengkon Kabupatèn Halmahéra Selatan provinsi Maluku Utara. Kutha krajanipun inggih punika Labuha ugi wonten ing Pulo Bacan. Pulo Bacan inggih punia pulo ingkang paling ageng ingkang mapan wonten ing Halmahera Selatan.

Obyek Wisata

Ing Pulo Bacan ugi wonten sapérangan papan ingkang saged dados objek wisata kados ta:

  • Papan Anggegana Usman Sadik
  • Kraton Sultan Bacan. Kraton Sultan Bacan dipuncet kanthi warna jene ingkang dados simbul warna kesultanan. Atap kraton Sultan Bacan inggih ketigal inggil kados griya adat ing laladan Bima, Sumbawa Besar. Ing salebeting kraton saged dipuntingali barang-barang tilaran sajarah ingkang saged dipunselamataken nalika wonten kebakaran ing kraton, inggih punika makutha, keris, saha payung kraton. Makutha Raja ing kraton Sultan Bacan ingkang dipunsebat Lakare punika dipundamel saking kain beludru ingkang boten naté kusem saha dipunsukani rerenggan watu-watu mulia asli. Sedaya barang-barang tilaran kraton punika saged dipuntingali déning para wisatawan manawi Sultan wonten ing kraton.[1]
  • Benteng Bernevald (dipunyasa déning Portugis kanggé nahan serangan Spanyol. Benteng punika dipunkiteri déning kalen alit saha taksih wonten sapérangan meriam ingkang kedah dipunrawat kanthi langkung saestu. Ing sak njawinipun saha ing lebetipun bètèng ugi kathah suket-suket alasan. Ingkang kedah dipundandosi malih kanggé njaga bètèng supados tetep wutuh inggih saking watu-watu kali ingkang dados bahan dhasar kanggé damel bètèng ingkang sapunika sampun maleh dados lapisan semen ingkang boten dipunurus malih.
  • Pasisir Pawete
  • Cagar alam
  • Gunung Batusibela kanthi dhuwuripun 2.111 mèter dpl
  • Masjid Raya Cacan ingkang dangunipun sampun langkung satunggal abad
  • Makam sapérangan sulltan saha para ulaam saking nagari Jiran

Transportasi

Manawi badhé tumuju dhateng Pulo Bacan, dipunbetahaken wekdal ingkang dangunipun kirang langkung 8 jam kanthi ngginakaken kapal laut saking Ternate dumugi Pelabuhan Babang. Lajeng manawi badhé dhateng kutha krajan Labuha saged nitih angkudan umum, dangunipun 30 menit saking Babang dhateng kutha krajan Kabupatèn Halmahera Selatan punika.[2]

Pendhudhuk

Sapérangan ageng warga masarakat ing Pulo Bacan inggih punika suku Bacan, nanging ugi wonten ingkang saking suku Makian, Bugis, Tobele Galela, Button, saha Ternate.[2] Déné agama ingkang kathah dipunpitados déning masarakat Pulo Bacan inggih punika sapérangan ageng dados Musilim (agama Islam) lan sapérangan aling kanthi agama Kristen Protèstan. Basa ingkang dipun-ginakaken déning masarakat inggih padatanipun basa Pasar utawi Indonésia Pasar kanthi logat saha dhialèk ingkang boten patos béda antawisipun suku satunggal kaliyan suku sanèsipun.

Uga delengen

Cathetan suku

  1. [1] Pulau Bacan (dipunundhuh tanggal 4 Januari 2013)
  2. a b [2] Profil Kabupatèn Halmahera Selatan (dipunundhuh tanggal 4 Januari 2013)