Basa krama: Béda antara owahan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Konten dihapus Konten ditambahkan
Larik 1: Larik 1:
{{Other uses|Krama}}
{{Other uses|Krama}}
'''Basa krama''' (uga kaaran '''subasa''' lan '''parikrama'''<ref>{{Cite book|title=Serat Bausastra: Jarwa Kawi|last=Sasradiningrat|first=Bendara Kangjeng Radèn Adipati|last2=Wirapustaka|first2=Ngabèi|publisher=Sie Dhian Hö|year=1903|isbn=|location=Surakarta|pages=1082}}</ref>) iku [[basa Jawa]] kang nganggo tembung, ater-ater, lan panambang krama. Ater-ater (préfik) lan panambang (sufik) krama ana ''dipun-'', ''-(n)ipun'', lan ''-(k)aken''. Tembung krama inggil lan tembung krama andhap uga sok kaanggo ing basa krama iki kanggo mbédakaké basa krama kang alus lan kang kurang alus. Mula, basa krama kapérang loro, ya iku basa krama lugu lan krama alus. Ing pamulangan duk nguni, basa krama sok kapérang telung tataran saka ngisor mandhuwur: wrédha krama, kramantara, lan mudha krama.{{sfn|Suwadji|2013|pp=11}}
'''Basa krama''' (uga kaaran '''subasa''' lan '''parikrama'''<ref>{{Cite book|url=https://www.sastra.org/katalog/judul?ti_id=75|title=Serat Bausastra: Jarwa Kawi|last=Sasradiningrat|first=Bendara Kangjeng Radèn Adipati|last2=Wirapustaka|first2=Ngabèi|publisher=Sie Dhian Hö|year=1903|isbn=|location=Surakarta|pages=1082}}</ref>) iku [[basa Jawa]] kang nganggo tembung, ater-ater, lan panambang krama. Ater-ater (préfik) lan panambang (sufik) krama ana ''dipun-'', ''-(n)ipun'', lan ''-(k)aken''. Tembung krama inggil lan tembung krama andhap uga sok kaanggo ing basa krama iki kanggo mbédakaké basa krama kang alus lan kang kurang alus. Mula, basa krama kapérang loro, ya iku basa krama lugu lan krama alus. Ing pamulangan duk nguni, basa krama sok kapérang telung tataran saka ngisor mandhuwur: wrédha krama, kramantara, lan mudha krama.{{sfn|Suwadji|2013|pp=11}}

== Pérangan ==
== Pérangan ==
Larik 9: Larik 9:
Basa wréda krama iku basa krama kang dianggo wong tuwa (wrédha) marang wong enom. Tembung-tembung kang kaanggo iku kabèh krama, nanging panambang kang kaanggo iku ngoko: ''-(n)é'' utawa ''-(k)aké''.{{sfn|Suwadji|2013|pp=11}} Ing isor iki conto ukara ing basa wréda krama.

Pun anak punapa ajeng nedha ulam ménda, '''di'''saté raos'''é''' éca, pun Monah saged ambakar'''aké'''.
Pun anak punapa ajeng nedha ulam ménda, '''di'''saté raos'''é''' éca, pun Monah saged ambakar'''aké'''.<ref name=":0">{{Cite book|url=https://www.sastra.org/katalog/judul?ti_id=165|title=Kawruh Basa|last=Prajapustaka|first=Mas Ngabèi|publisher=N. V. Mardi Mulya|year=1925|isbn=|location=Ngayogyakarta|pages=5-6}}</ref>

Conto ing dhuwur nganggo tembung krama, déné ater-ater lan panambangé nganggo ngoko.
Conto ing dhuwur nganggo tembung krama, déné ater-ater lan panambangé nganggo ngoko.
Larik 16: Larik 16:
Basa kramantara iku basa krama kang dianggo wong-wong kang tatarané (kalungguhané, pangkaté, sekolahé, utawa umuré) padha. Tembung-tembung kang kaanggo iku kabèh krama, samono uga ater-ater lan panembang kang kaanggo: ''dipun-'', ''-(n)ipun'', lan ''-(k)aken''.{{sfn|Suwadji|2013|pp=11}} Basa kramantara mirib basa wrédha krama, mung béda ing panganggoning ater-ater lan panambang. Ing isor iki conto ukara ing basa kramantara.

Kang sarira punapa ajeng nedha ulam ménda, dipunsaté raosipun éca, pun Monah saged ambakaraken.
Kang sarira punapa ajeng nedha ulam ménda, dipunsaté raosipun éca, pun Monah saged ambakaraken.<ref name=":0" />

Conto ing dhuwur mung nganggo tembung krama.
Conto ing dhuwur mung nganggo tembung krama.
Larik 23: Larik 23:
Basa mudha krama utawa basa krama lugu iku basa krama kang dianggo wong enom (mudha) marang wong tuwa. Tembung-tembung kang kaanggo iku krama kanthi campuran krama inggil lan krama andhap. Ater-ater utawa panambang kang kaanggo uga krama.{{sfn|Suwadji|2013|pp=11}} Ing isor iki conto ukara ing basa mudha krama.

'''Panjenengan sampéyan''' ''punapa'' '''karsa''' '''dhahar''' ''ulam'' ''ménda''.
'''Panjenengan sampéyan''' ''punapa'' '''karsa''' '''dhahar''' ''ulam'' ''ménda''.<ref name=":0" />

Conto ing dhuwur nganggo tembung krama lan krama inggil (''panjenengan sampéyan'', ''karsa'', lan ''dhahar'')
Conto ing dhuwur nganggo tembung krama lan krama inggil (''panjenengan sampéyan'', ''karsa'', lan ''dhahar'')

Révisi kala 22 Agustus 2019 08.46

Basa krama (uga kaaran subasa lan parikrama[1]) iku basa Jawa kang nganggo tembung, ater-ater, lan panambang krama. Ater-ater (préfik) lan panambang (sufik) krama ana dipun-, -(n)ipun, lan -(k)aken. Tembung krama inggil lan tembung krama andhap uga sok kaanggo ing basa krama iki kanggo mbédakaké basa krama kang alus lan kang kurang alus. Mula, basa krama kapérang loro, ya iku basa krama lugu lan krama alus. Ing pamulangan duk nguni, basa krama sok kapérang telung tataran saka ngisor mandhuwur: wrédha krama, kramantara, lan mudha krama.[2]

Pérangan

Lawasan

Wréda krama

Basa wréda krama iku basa krama kang dianggo wong tuwa (wrédha) marang wong enom. Tembung-tembung kang kaanggo iku kabèh krama, nanging panambang kang kaanggo iku ngoko: -(n)é utawa -(k)aké.[2] Ing isor iki conto ukara ing basa wréda krama.

Pun anak punapa ajeng nedha ulam ménda, disaté raosé éca, pun Monah saged ambakaraké.[3]

Conto ing dhuwur nganggo tembung krama, déné ater-ater lan panambangé nganggo ngoko.

Kramantara

Basa kramantara iku basa krama kang dianggo wong-wong kang tatarané (kalungguhané, pangkaté, sekolahé, utawa umuré) padha. Tembung-tembung kang kaanggo iku kabèh krama, samono uga ater-ater lan panembang kang kaanggo: dipun-, -(n)ipun, lan -(k)aken.[2] Basa kramantara mirib basa wrédha krama, mung béda ing panganggoning ater-ater lan panambang. Ing isor iki conto ukara ing basa kramantara.

Kang sarira punapa ajeng nedha ulam ménda, dipunsaté raosipun éca, pun Monah saged ambakaraken.[3]

Conto ing dhuwur mung nganggo tembung krama.

Mudha krama (krama lugu)

Basa mudha krama utawa basa krama lugu iku basa krama kang dianggo wong enom (mudha) marang wong tuwa. Tembung-tembung kang kaanggo iku krama kanthi campuran krama inggil lan krama andhap. Ater-ater utawa panambang kang kaanggo uga krama.[2] Ing isor iki conto ukara ing basa mudha krama.

Panjenengan sampéyan punapa karsa dhahar ulam ménda.[3]

Conto ing dhuwur nganggo tembung krama lan krama inggil (panjenengan sampéyan, karsa, lan dhahar)

Anyaran

Krama lugu

Basa krama lugu iku basa krama kang tembung-tembung, ater-ater, lan panambangé kabèh krama.[4] Basa krama lugu anyar béda saka basa krama lugu lawas kang uga aran basa mudha krama. Basa krama lugu anyar padha karo basa kramantara kang lawas. Ing isor iki conton tulisan ing basa krama lugu.

Mangké sonten, manawi siyos, kula badhé késah dhateng Surabaya. Manawi sampéyan gadhah arta, bok kula dipunsambuti sangu. Badhé nédha Paman, piyambakipun saweg boten gadhah arta. Wonten arta sakedhik, nanging, cariyosipun Paman, sampun kalajeng dipuntumbasaken obat. Bibi sakit tanganipun. Saged ta nyebrak sadinten kalih dinten?[4]

Conto ing dhuwur mung nganggo tembung krama.

Krama alus

Basa krama lugu iku basa krama kang tembung-tembung, ater-ater, lan panambangé krama kanthi campuran tembung krama inggil lan krama andhap.[4] Ing isor iki conton tulisan ing basa krama lugu.

Mangké sonten, manawi siyos, dalem badhé késah dhateng Surabaya. Manawi panjenengan kagungan arta, bok dalem dipunparingi ngampil sangu. Badhé nyuwun Paman, panjenenganipun saweg boten kagungan arta. Wonten arta sakedhik, nanging, pangandikanipun Paman, sampun kalajeng dipunpundhutaken obat. Bibi gerah astanipun. Saged ta nyuwun ngampil sadinten kalih dinten?[4]

Conto ing dhuwur nganggo tembung krama, tembung krama inggil (panjenengan, kagungan, paring, ngampil, nyuwun, pangandika, pundhut, gerah, lan asta), lan tembung krama andhap (dalem).

Cathetan sikil

  1. Sasradiningrat, Bendara Kangjeng Radèn Adipati; Wirapustaka, Ngabèi (1903). Serat Bausastra: Jarwa Kawi. Surakarta: Sie Dhian Hö. kc. 1082.
  2. a b c d Suwadji 2013, kc. 11.
  3. a b c Prajapustaka, Mas Ngabèi (1925). Kawruh Basa. Ngayogyakarta: N. V. Mardi Mulya. kc. 5–6.
  4. a b c d Suwadji 2013, kc. 13–14.

Rujukan