James Franck: Béda antara owahan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Konten dihapus Konten ditambahkan
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
→‎top: éjaan, replaced: Kejawi → Kajawi
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
c →‎top: ndandani pangéja, replaced: Amérika Sarékat → Amérikah Sarékat using AWB
Larik 10: Larik 10:

[[Gambar:Franck,James Autogramm 1952..jpg|thumb|left|James Franck, Chicago 1952]]
[[Gambar:Franck,James Autogramm 1952..jpg|thumb|left|James Franck, Chicago 1952]]
Sasampunipun [[Nazi]] dados panguwasa wonten ing [[Républik Weimar]], Franck nuju dhateng [[Amérika Sarékat]] nalika taun [[1933]]. Ingkang kapisanan piyambakipun dumunung wonten ing [[Baltimore, Maryland|Baltimore]], [[Maryland]] ing pundi piyambakipun dados Speyer Professor wonten ing [[Universitas Johns Hopkins]]. Lajeng piyambakipun wangsul malih dhateng [[Éropah]] antawis satunggal taun, saperlu dados dhosèn tamu wonten ing [[Kopenhagen]], [[Denmark]].<ref>http://www.nasonline.org/publications/biographical-memoirs/memoir-pdfs/franck-james.pdf</ref>
Sasampunipun [[Nazi]] dados panguwasa wonten ing [[Républik Weimar]], Franck nuju dhateng [[Amérikah Sarékat]] nalika taun [[1933]]. Ingkang kapisanan piyambakipun dumunung wonten ing [[Baltimore, Maryland|Baltimore]], [[Maryland]] ing pundi piyambakipun dados Speyer Professor wonten ing [[Universitas Johns Hopkins]]. Lajeng piyambakipun wangsul malih dhateng [[Éropah]] antawis satunggal taun, saperlu dados dhosèn tamu wonten ing [[Kopenhagen]], [[Denmark]].<ref>http://www.nasonline.org/publications/biographical-memoirs/memoir-pdfs/franck-james.pdf</ref>

Nalika taun [[1935]], Franck wangsul malih dhateng [[Johns Hopkins University]] minangka Profesor Fisika. Piyambakipun ninggalaken kalungguhan punika taun [[1938]], saperlu nampi gelar [[profesor]] wonten ing kimia fisika ing [[Universitas Chicago]]. Nalika taun [[1947]], [[University of Chicago]] maringi Franck kalungguhan [[profesor emeritus]]. Dumugi ing taun [[1956]], Franck terus makarya wonten ing [[Chicago]] minangka Kepala Grup Riset Fotosintesis. Iinggih punika ketua Komite Permasalahan Pulitik dan Sosial ingkang gegayutan kaliyan bom atom; ingkang kalebet [[Donald J. Hughes]], [[J. J. Nickson]], [[Eugene Rabinowitch]], [[Glenn T. Seaborg]], [[J. C. Stearns]] lan [[Leo Szilard]]. Komite punika misuwur amargi pangumpulan “Laporan Franck”, dipunpungkasaken tanggal [[11]] [[Juni]] [[1945]], ingkang minangka ikhtisar saking perkawis-perkawis ingkang gegayutan kaliyan lamaran militèr dhateng bom atom. Wonten ing laporan punika, Franck ndésak Departemen Perang migunakaken senjata wonten ing lokasi ingkang boten wonten penghuninipun utawi maringi pengetan dhateng mungsuh sadéréngipun ngluncuraken bom.<ref>http://www.nuclearfiles.org/menu/library/biographies/bio_franck-james.htm</ref>

Révisi kala 12 Juli 2019 08.14

James Franck

James Franck (lair 26 Agustus 1882 – pati 21 Mèi 1964 ing umur 81 taun) inggih punika salah satunggaling fisikawan Jerman ingkang pikantuk Penghargaan Nobel babagan Fisika sesarengan kaliyan Gustav Ludwig Hertz taun 1925 kanggé "penemuan" kekalihipun ing hukum ingkang nemtokaken dapak elektron tumrap atom.[1]

James Franck miyos wonten ing kutha Hamburg, Jerman. Piyambakipun sinau kimia antawis satunggal taun wonten ing Universitas Heidelberg, lan salajengipun sinau fisika wonten ing Universitas Berlin, ing pundi piyambakipun pikantuk gelar dhoktor taun 1906. Nalika taun 1911, piyambakipun pikantuk kalungguhan dhosèn fisika wonten ing Universitas Berlin, ing pundi piyambakipun tetep wonten ing mrika dumugi taun 1918. Antawis taun 1912-1914, Franck makarya kanthi intensif babagan [eksperimen Franck-Hertz kaliyan Gustav Ludwig Hertz. Riset punika madosi saperlu nliti tingkat ènergi atom kanthi ékspériméntal. Panalitén punika minangka penegasan wigati babagan modhèl atom Bohr, kaliyan elektron ingkang ngubengi inti atom kaliyan ènergi spesifik lan diskret. Franck kaliyan Hertz mbuktikaken bilih atom namung saged nyerap ènergi wonten ing jumlah tartamtu.[2]

Sadangunipun Perang Dunia I, Franck dipuntugasi wonten ing Freikorps. Sasampunipun PD I pungkasan, Franck dados pandéga wonten ing Divisi Fisika wonten ing Institut Kaiser Wilhelm kanggé Kimia Fisika ing laladan Berlin-Dahlem. Satunggal taun candhakipun, taun 1920, Frank pindhah dhateng Universitas Göttingen saperlu dados Profesor Fisika Eksperimental lan Direktur Institut Fisika Eksperimental ingkang angka kalih.[3]

Nalika taun 1925, Franck pikantuk Bebungah Nobel Fisika, ingkang dipuntampi sesarengan kaliyan Hertz, kanggé pakaryanipun wonten ing babagan fisika kuantum. Mekanika kuantum inggih punika téyori fisika fundamental ingkang nambahi jembar, ngleresaken lan manunggalaken mekanika Newton lan elktromagentisme Maxwell, wonten ing tingkat atom lan subatom. Franck lan Hertz ngamati obahan elektron bébas wonten ing manéka jinis gas lan prabawa ingkang wonten ing elektron punika wonten ing fungsi atom.

James Franck, Chicago 1952

Sasampunipun Nazi dados panguwasa wonten ing Républik Weimar, Franck nuju dhateng Amérikah Sarékat nalika taun 1933. Ingkang kapisanan piyambakipun dumunung wonten ing Baltimore, Maryland ing pundi piyambakipun dados Speyer Professor wonten ing Universitas Johns Hopkins. Lajeng piyambakipun wangsul malih dhateng Éropah antawis satunggal taun, saperlu dados dhosèn tamu wonten ing Kopenhagen, Denmark.[4]

Nalika taun 1935, Franck wangsul malih dhateng Johns Hopkins University minangka Profesor Fisika. Piyambakipun ninggalaken kalungguhan punika taun 1938, saperlu nampi gelar profesor wonten ing kimia fisika ing Universitas Chicago. Nalika taun 1947, University of Chicago maringi Franck kalungguhan profesor emeritus. Dumugi ing taun 1956, Franck terus makarya wonten ing Chicago minangka Kepala Grup Riset Fotosintesis. Iinggih punika ketua Komite Permasalahan Pulitik dan Sosial ingkang gegayutan kaliyan bom atom; ingkang kalebet Donald J. Hughes, J. J. Nickson, Eugene Rabinowitch, Glenn T. Seaborg, J. C. Stearns lan Leo Szilard. Komite punika misuwur amargi pangumpulan “Laporan Franck”, dipunpungkasaken tanggal 11 Juni 1945, ingkang minangka ikhtisar saking perkawis-perkawis ingkang gegayutan kaliyan lamaran militèr dhateng bom atom. Wonten ing laporan punika, Franck ndésak Departemen Perang migunakaken senjata wonten ing lokasi ingkang boten wonten penghuninipun utawi maringi pengetan dhateng mungsuh sadéréngipun ngluncuraken bom.[5]

Kajawi pikantuk Bebungah Nobel, piyambakipun dipunanugrahi Medali Max Planck saking Masarakat Fisika Jerman taun 1951. Nalika taun 1955, kanggé karyanipun babagan fotosintesis, Franck pikantuk Rumford Medal saking American Academy of Arts and Sciences. Pungkasanipun, taun 1964, piyambakipun dipunangkat minangka Anggota Asing Royal Society ing London.

Franck séda wonten ing laladan Gottingen, Jerman.

Cathetan suku

Pranala njaba