Pananggalan Grégoriyus: Béda antara owahan
→top: ganti isi, replaced: musim → mangsa |
→top: ganti isi, replaced: sawijining → siji |
||
Larik 1: | Larik 1: | ||
'''Pananggalan Grégorius''' utawa '''Kalèndher Grégorius''' iku pananggalan wektu sing paling akèh digunakaké ing [[Donya Kulon]]. Pananggalan iki |
'''Pananggalan Grégorius''' utawa '''Kalèndher Grégorius''' iku pananggalan wektu sing paling akèh digunakaké ing [[Donya Kulon]]. Pananggalan iki siji modhifikasi saka [[Pananggalan Julius]]. Sing pisan ngusulaké iku ya dhoktor [[Aloysius Lilius]], saka [[Napoli]], [[Italia]] lan dituruti déning [[Paus Gregorius XIII]] ing titimangsa [[24 Fèbruari]] [[1582]]. |
||
Pananggalan iki digawé amarga Pananggalan Julius digagas kurang akurat, amarga wiwitan [[mangsa semi]] ([[21 Maret]]) saya maju dadi, parayan [[Paskah]] sing wis disarujuki wiwit [[Konsili Nicea I]] ing taun [[325]] ora tepat manèh. |
Pananggalan iki digawé amarga Pananggalan Julius digagas kurang akurat, amarga wiwitan [[mangsa semi]] ([[21 Maret]]) saya maju dadi, parayan [[Paskah]] sing wis disarujuki wiwit [[Konsili Nicea I]] ing taun [[325]] ora tepat manèh. |
Révisi kala 24 Sèptèmber 2018 04.37
Pananggalan Grégorius utawa Kalèndher Grégorius iku pananggalan wektu sing paling akèh digunakaké ing Donya Kulon. Pananggalan iki siji modhifikasi saka Pananggalan Julius. Sing pisan ngusulaké iku ya dhoktor Aloysius Lilius, saka Napoli, Italia lan dituruti déning Paus Gregorius XIII ing titimangsa 24 Fèbruari 1582.
Pananggalan iki digawé amarga Pananggalan Julius digagas kurang akurat, amarga wiwitan mangsa semi (21 Maret) saya maju dadi, parayan Paskah sing wis disarujuki wiwit Konsili Nicea I ing taun 325 ora tepat manèh.
Banjur ing taun 1582, dina Setu 4 Oktober dituti karo dina Minggu 15 Oktober.
Prabédane karo Pananggalan Julius
Sawijining taun ing Pananggalan Julius suwéné ana 365,25 dina. Nanging amarga puteran bumi sing ngubengi srengéngé suwéné mung 365,2425 dina, mula saben sa-milenium, Kalèndher Julius kaluwihan 7-8 dina. Masalah iki dipecahaké carané nambahaké karo dina-dina wuntu sing rada séjé ing pananggalan anyar iki. Ing pananggalan Julius, saben taun sing bisa dibagi karo 4 dadi taun wuntu. Nanging ing pananggalan anyar iki mung taun sing bisa dibagi karo 100 dianggep taun wuntu, yèn taun iki uga bisa dibagi karo 400. Contoné taun 1700, 1800 lan 1900 dudu taun-taun wuntu. Nanging taun 1600 lan 2000 iku taun wuntu.
Masalah anyar
Sawisé pananggalan Grégorius dicanangaké, ora kabèh nagara gelem nganggo. Lagi pirang abad sawisé iki, mèh kabèh nagara kulon gelem nganggo. Rusia contoné lagi gelem nganggo ing taun 1918. Dadi Revolusi Kuminis Rusia sing saiki dipèngeti saben 7 November, diarani Revolusi Oktober.
Gréja Ortodoks nganti saiki isih nganggo Pananggalan Julius.
Liya-liya
Wiwit tanggal 1 Januari 1622, 1 Januari ditetapaké dadi wiwitané taun. Sadurungé saben nagara séjé-séjé.
Sasi-sasi taun
Saben taun dibagi dadi 12 sasi:
No. | Jeneng | Suwene dina |
---|---|---|
1 | Januari | 31 |
2 | Fèbruari | 28 utawa 29 |
3 | Maret | 31 |
4 | April | 30 |
5 | Mèi | 31 |
6 | Juni | 30 |
7 | Juli | 31 |
8 | Agustus | 31 |
9 | September | 30 |
10 | Oktober | 31 |
11 | November | 30 |
12 | Dhésèmber | 31 |