Paribasan Jawa: Béda antara owahan
Konten dihapus Konten ditambahkan
c mbusak Kategori:Paribasa lan Saloka Jawa; nambah Kategori:Paribasan Jawa (HotCat) |
bocah sing longgor Tenger: Besutan visual Besutan punsèl Besutan wèb punsèl |
||
Larik 1: | Larik 1: | ||
paribasan |
|||
Iki arupa pratélan '''paribasa lan saloka''' basa Jawa (durung pepak) kang ditata urut abjad. Paribasan iku [[tebung|tetembungan]] utawa [[ukara]] saèmper [[saloka]] nanging tegesé wantah, dudu [[pepindhan]]. Ana ing pratélan iki paribasan lan saloka digabung dadi siji amrih luwih prasaja. |
|||
__NOTOC__ |
__NOTOC__ |
Révisi kala 23 Agustus 2018 17.06
paribasan
A
Paribasa | Teges |
---|---|
Adhang-adhang tetesé embun | Njagakaké barang mung trima saolèh-olèhé |
Adigang, adigung, adiguna | Aja ngandhelaké kaluwihané dhéwé waé |
Agama ageming aji | Agama dadi panuntun tingkah laku lan bisa ngatonaké jatining dhiri |
Aja dumèh | Aja ngagungaké kalungguhan, kasudibyan, utawa kalungguhané |
Aja golèk wah, mengko dadi owah | Aja mburu marang pandelenganing liyan utawa tumandang kang mung golèk pangaleman |
Aji godhong garing | Wis ora ana ajiné babar pisan |
Ajining dhiri dumunung ana ing lathi, ajining raga ana ing busana | Aji pamulyaning (kakurmataning) wong ana ing tutur pangucapé |
Alon-alon waton kelakon | Aja kesusu, nanging ajeg garap apa kang dadi tanggung jawabé |
Ambeg parama arta | Ndhisikaké tugas kawajiban kang utama |
Ana catur mungkur | Ora gelem ngrungokaké rerasan kang ora becik |
Ana dhaulaté ora ana begjané | Wis arep nemu kabegjan, nanging ora sida |
Anak polah bapak kepradah | Kalakoné anak iku apa waé kang nanggung wong tuwané |
Angon mangsa | Golèk wektu kang prayoga kanggo tumindak |
Angon ulat ngumbar tangan | Nyawang kaanan jalaran arep nyolong utawa tindak culika |
Asu belang kalung wang | Wong asor nanging sugih |
Asu gedhé menang kerahé | Wong gedhé lan nduwé panguwasa menang kuwasané |
Asu marani gepuk | Marani bebaya |
Asu rebutan balung | Rebutan barang kang sepélé |
Ati bengkong olèh oncong | Wong kang nduwé niyat ala olèh dalan |
B
Paribasa | Teges |
---|---|
Baladéwa ilang gapitéĪ | Wong kang ilang kaluhurané |
Banyu pinerang | Pasulayané sadulur mesthi énggal pulihé |
Bathang lelaku | Lelungan ngliwati panggonan kang mbebayani |
Bathok bolu isi madu | Wong asor nanging sugih kapinteran |
Becik katitik, ala katara | Tumandang apa waé mengko bakal bisa mangertèni endi kang becik endi kang ala |
Belo mèlu saton | Wong bisané mung mèlu-mèlu, ora ngerti kang dikarepaké |
Bubuk olèh lèng | Wong kang duwé niyat ala olèh dalan |
Busuk katekuk, pinter kablinger | Wong bodho lan wong pinter padha-padha nemu cilaka |
C
Paribasa | Teges |
---|---|
Canthing jali | Wong kang wis ora bisa diisi manèh pikirané kanggo ngèlmu |
Cathok gawèl | Ora diajak rembugan, nanging mèlu-mèlu ngrembug |
Car-cor kaya kurang janganan | Ngomong ceplas-ceplos ora dipikir dhisik |
Cecak nguntal cagak | Duwé kekarepan kang mokal bisa klakon |
Cecak nguntal empyak | Gegayuhan kang ora timbang karo kakuwatané |
Aja cedhak kebo gupak | Pawongan kudu bisa wicaksana anggoné kakancan |
Cilik lombok ijo | Wong cilik lakone kaya wong gedhé |
Cincing-cincing meksa klebus | Karepé ngirid nanging malah entèk akèh |
Criwis cawis | Tansah mbantah préntah nanging sumadhiya nindhakaké |
D
Paribasa | Teges |
---|---|
Dahwèn ati opèn | Nacad nanging arep dimelik dhéwé |
Datan sisip salugut kolang-kaling pinara sasra | Ora ana bédané babar pisan |
Dhemit ora ndulit, sétan ora doyan | Tansah ginanjar slamet, ora ana kang ngribedi |
Désa mawa cara nagara mawa tata | Saben panggonan duwé cara dhéwé-dhéwé |
Diwehi ati ngrogoh rempela | Nyuwun wis diparingi sithik, nyuwun kang akèh |
Dom sumuruping banyu | Laku samar utawa meneng-menengan |
Dudu sanak dudu kadang, yèn mati mèlu kelangan | Sanajan wong liya yèn ana ora kapénaké mèlu ngrasakaké |
Didhadunga medhot, dipalangana mlumpat | Padha kethikan, kang siji api-api ora ngerti |
Durung pecus keselak besus | Durung sembada wis kapéngin kang ora-ora |
E
Paribasa | Teges |
---|---|
Éman éman ora kaduman | Karepé ngéman nanging malah ora kaduman dhéwé |
Emban cindhé emban siladan | Siji lan sijiné ora padha pangrengkuhé (ora adil) |
Embat-embat celarat | Nyambut gawé klawan ngati-ati banget |
Emprit abuntut bedhug | Prakara kang sepélé dadi gedhé |
Endhas gundhul dikepeti | Wis kapénak ditambahi luwih kapénak manèh |
Enggon welut didoli udhet | Panggoné wong pinter dipamèri kapinteran kang ora sapiraa |
Entèk jaraké | Wis entèk kasugihané |
Ésuk dhelé soré témpé | Méncla-ménclé |
G
Paribasa | Teges |
---|---|
Gagak nganggo laring merak | Wong cilik tumindak kaya wong gedhé |
Gajah alingan suket teki | Lair lan batin ora padha, mesthi bakal katara |
Gajah elar | Sarwa gedhé lan dhuwur kakarepané |
Garang garing | Wong sumugih nanging sabeneré kakurangan |
Gupak puluté ora mangan nangkané | Mèlu rekasa nanging ora mèlu kepénak |
Gegedhèn empyak kurang cagak | Kagedhèn kakarepan nanging ora kuwawa nandangi |
Golek uceng kèlangan dheleg | Kapingin olèh kang luwih aji malah kélangan apa kang wis diduwèni |
H
Paribasa | Teges |
---|---|
Harda walépa | Tumindak kang ora patut, ditakoni malah ganti takon |
Hasta kukila warsa | Pralambang saka wong urip nalika wis tuwa umuré |
Hèr gung raja manah anung | Wong sugih, pangkaté dhuwur, lembah manah, lan ngurmati sapadha-padha |
Hèru cakra | Sang raja kang dipercaya ngeculaké rakyaté saka kasangsaran |
Holopis kuntul baris | Nindakake pagawéyan bebarengan |
Hyang kalingga surya | Panuntun gedhé kang bisa ngayomi lan misuwur ing bebrayan |
Hyang Sukma Adiluwih | Kabèh kang ana ing donya iki wis dadi karsané Gusti |
I
Paribasa | Teges |
---|---|
Idu didilat manèh | Narik manèh ukara-ukara kang wis diujaraké |
Idu geni | Apa kang diujaraké mesthi kedadèn |
Ilang jaraké kari jailé | Sipat wicaksanané ilang, kari sipat alané |
Ilang leginé kari ampasé | Wong kang wis ora bisa mènèhi paédah, dilalèkaké jasané |
Ilang-ilangan endhog siji | Wong tuwa kang wis ora gelem ndhaku anak amarga duraka |
Ilu-ilu kapiluyu | Wong kang senengé mung mèlu-mèlu |
Ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri andayani | Pamimpin nalika ana ing ngarep kudu bisa dadi patuladan, nalika ana ing tengah bisa nggatokaké rakyaté, lan nalika ing buri bisa mènèhi panyengkuyung |
Ing sandhi praléna | Wong kang tumindak wewadi lan grusa-grusu saéngga gawé cilaka wong liya |
Iwak lumebu wuwu | Wong kang gampang kapusan amarga bodho |
J
Paribasa | Teges |
---|---|
Jail mringkil | Wong kang tumindak ala ora patut didadèkaké kanca |
Jajah désa milang kori | Wong kang seneng lalungan lan nyawangi akèh papan panggonan |
Jalma angkara mati murka | Kangèlan amarga nesuné dhéwé |
Jalma limpad saprapat tamat | Wong kang duwé daya linuwih bisa weruh sadurunge winarah |
Jamur ing mangsa katiga | Kaanan kang arang kadadèn |
Jaran karubuhan empyak | Kapok banget |
Jarit lawas ing sampiran | Duwé kalantipan nanging ora digunakaké |
Jer basuki mawa béya | Samubarang gegayuhan mbutuhaké wragat |
Jati katlusuban luyung | Wong-wong apik kang kalebon wong-wong ala kang banjur ngrusak |
Jiniwit katut | Yèn sadulur sedhih mèlu ngrasa sedhih |
Jujul wuwul | Prakara kang tambah angèl |
Jurang growah ora mili | Wong kang mesthi mblénjani janji |
K
Paribasa | Teges |
---|---|
Kacang mangsa ninggal lanjaran | Sipaté anak ora bakal béda adoh karo sipaté wong tuwané |
Kadang konang | Ngakoni sadulur mung karo kang sugih-sugih |
Kalah cacak menang cacak | Samubarang pagawéan luwih becik dicoba dhisik bisa lan orané |
Kandhang langit kemul méga | Wong kang ora duwé omah |
Katon koyo cempaka sawakul | Tansah disenengi wong akèh |
Kaya banyu karo lenga | Wong kang ora bisa rukun |
Kakèhan gludhug kurang udan | Akèh omongé ora ana nyatané |
Kabanjiran sagara madu | Nemu kabegjan kang gedhé banget |
Kebat kliwat gancang pincang | Tumindak sarwa kasusu asilé mesthi ora kabeneran |
Kebo bulé mati sétra | Wong pinter nanging ora ana kang merlokaké |
Kebo ilang tombok kandhang | Wis kilangan, ngetokaké wragat manèh kanggo nggolèki, malah ora katemu pisan |
Kebo kabotan sungu | Rekasa marga kakèhan anak |
Kebo lumumpat ing palang | Ngadili prakara ora nganggo waton |
Kebo mulih menyang kandhangé | Wong lunga adoh bali menyang omah manèh |
Kebo nusu gudel | Wong tuwa jaluk wuruk wong enom |
Kegedhen empyak kurang cagak | Kagedhèn kakarepan nanging kurang sembada |
Kajugrugan gunung menyan | Oleh kabegjan kang gedhé banget |
Kakudhung welulang macan | Ngapusi nganggo jeneng wong kang diwedèni |
Kalacak kapathak | Ora bisa mungkir, jalaran wis kabuktèn |
Kena iwaké aja nganti butheg banyuné | Kang dikarepaké kalakon nanging aja nganti gawé rusak |
Kencana katon wingka | Sanajan apik nanging ora disenengi |
Kendel ngringkel | Ngaku kendel tur pinter jebu1 jirih tur bodho |
Kenès ora ethes | Wong sugih umuk nanging bodho |
Keplok ora tombok | Wong senengé maido, ora gelem mélu cawé-cawé |
Kéré munggah balé | Batur dipek bojo karo bendaran |
Kéré nemoni malem | Wong kang bedhigasan |
Kerot ora duwé untu | Duwé kakarepan nanging ora duwé wragat |
Karubuhan gunung | Wong nemoni kasusahan kang gedhé banget |
Kasandhung ing rata, kabentus ing tawang | Olèh cilaka kang ora dinyana-nyana |
Katula-tula katali | Wong kang tansah nandhang sengsara |
Kethèk saranggon | Kumpulan wong kang tindak ala |
Kléyang kabur kanginan | Lunga ora karuwan jujugé |
Klenthing wadhah masin | Angèl ninggal pakulinan tumindak ala |
Kongsi jambul wanèn | Nganti tumekan tuwa banget |
Krokot ing galeng | Wong kang mlarat banget |
Kriwikan dadi grojogan | Prakara kang mauné cilik dadi gedhé |
Kumenthus ora pecus | Seneng umuk nanging ora sembada |
Kurung munggah lumbung | Wong cilik didadèkaké wong gedhé |
Kuthuk nggèndhong kemiri | Nganggo kang sarwa apik, liwat dalan kang mbebayani |
Kutuk rnarani sunduk | Njarag marani bebaya |
Kuncung nganti tuméka gelung | Suwé banget anggoné entèni |
L
Paribasa | Teges |
---|---|
Lali karo baruté | |
Ladhak kacocog eri | |
Lahang karoban manis | Bagus/ayu rupané tur luhur bebudèné |
Lambé satumang kari samerang | Dituturi bola-bali meksa ora digugu |
Lanang kemangi | Wong lanang kang jirih |
Legan golèk momongan | |
Lumpuh ngideri jagad | Duwé kakarepan kang mokal katurutan |
M
Paribasa | Teges |
---|---|
Maju tatu mundur ajur | Prakara kang sarwa pakéwuh |
Matang tuna numbak luput | Tansah luput kabèh panggayuhané |
Manuk emprit abuntut bedhug | Wong kang senéng gawé prakara alit digedhé-gedhékaké |
Meneng widara uleran | Katon anteng nanging sajatiné ala atiné |
Menthung koja kena sembaginé | Rumangsané ngapusi, nanging sajatiné malah kena apus |
Merangi tatal | Mbalèni pakaryan kang wus rampung |
Melok nanging aja nyolok | Wong urip aja nganti seneng pamèr |
Mikul dhuwur, mendhem jero | Bisa njunjung drajaté wong tuwa |
Mrojol selaning garu | Linuwih (pinunjul ing kawruh) lan langka kang madhani |
Mulat sarira angrasa wani, rumangsa mèlu andarbèni, wajib mèlu angrukebi | Wani mawas dhiri, rumangsa mèlu nduwé lan njaga apa kang ana |
N
Paribasa | Teges |
---|---|
Nabok nyilih tangan | Tumindak ala kanthi kongkon wong liya |
Nawu lintang | Tumindak kang angèl dilakoni (tangèh lamun). |
Nagara mawa tata, désa mawa cara | Sesami manungsa ingkang gesang wonten ing pundi kémawon saged ngurmati dhumateng martabat tiyang sanèsipun |
Ngagar metu kawul | Ngojok-ojoki supaya dadi pasulayan |
Ngemut legining gula | Bareng karasa kapénak, lali asalé |
Nglungguhi klasa gumelar | Wong asor bisa ngalahaké wong luhur (gedhé) nganti gawé kagèt wong akèh |
Nguyahi banyu segara | Nglakokaké barang kang ora ana gunané |
Ngrusak pager ayu | Ngrebut bojoné wong |
Ngundhuh wohing pakarti | Wong bakal nampa wales apa kang ditindakaké |
Nguthik-uthik macan dhédhé | Njarag wong kang wis lilih nepsuné |
Nucuk ngiberaké | Wis disuguh, mulihé nyangking suguhan (brekat) |
Nututi layangan pedhot | Ngupaya barang sepélé kang wis ilang |
Nyangoni kawula minggat | Ndandani barang kang pijer rusak |
Nyunggi lumpang kenthèng | Luwih becik rekasa dhisik, ing tembé mburiné bakal kapénak |
O
Paribasa | Teges |
---|---|
Obor blarak | Pagawéan kang mung grengseng sadhéla waé |
Opor bèbèk mentas awaké dhéwé | Rampung saka rekadayané dhéwé |
Ora gonja ora unus | Wong kang ala rupané, atiné uga ala |
Ora mambu enthong irus | Dudu sanak dudu kadang |
Ora ana banyu mili mendhuwur | Wataké anak adaté niru wong tuwané |
Ora ana kukus tanpa geni | Ora ana tundhon tanpa ana larahé |
Ora tembung ora tawung | Njupuk barangé liyan tanpa kandha dhisik |
Ora uwur ora sembur | Ora gelem cawé-cawé babar pisan |
Othak athik gathuk | Nggothak-nggathukaké kaanan kang dumadi saéngga cocog, kamangka durung karuwan ana gayutané |
Othak athik didudut angèl | Rembugé sajak kapénak bareng ditandangi jebulé angèl |
P
Paribasa | Teges |
---|---|
Pakulinan iku kodrat kang kapindho | Yèn nglakokaké barang tartamtu ora usah dipikir manèh |
Palang mangan tuwuhan | Wong kang diprecaya malah ngrusak |
Pitik trondhol diumbar ing padaringan | Wong ala dipasrahi tunggu barang aji |
Pupur sadurungé benjut | Ngati-ati mumpung durung cilaka |
R
Paribasa | Teges |
---|---|
Rawé-rawé rantas malang-malang putung | Apa-apa kang ngalangi ing patujon kudu dibabad entèk |
Rebut balung tanpa isi | Regejegan prakara kang sepélé |
Rindhik asu digitik | Dikongkon nglakoni gawéan kang cocog karo karepé |
S
Paribasa | Teges |
---|---|
Sabaya pati sabaya mukti | Rukun nganti tekaning pati |
Sadumuk bathuk sanyari bumi | Ajining dhiri lan panggonan bakal dibéla mati-matian |
Sandhing kebo gupak | |
Sapa gawé nganggo | Samubarang bakal mènèhi pituwas marang kang nglakoni |
Sapa sira sapa ingsun | Aja waton ngguroni utawa mréntah wong liya |
Sapa kang salah bakal sèlèh | Sapa kang salah bakal konangan |
Sadhakep awé-awé | Marèni tumindak ala nanging isih kapingin tumindak manèh |
Sembur sembur adus siram siram bayem | Bisa kaleksanan jalaran pandungané wong akèh |
Sepi ing pamrih ramé ing gawé | Seneng tumindak becik marang wong liya tanpa ngarep-arep piwales |
Sing bisa rumangsa aja rumangsa bisa | |
Sugih tanpa bandha, digdaya tanpa aji, nglurug tanpa bala, menang tanpa ngasoraké | Manungsa kang sugih ing budi |
Sumur golèk timba |
T
Paribasa | Teges |
---|---|
Téga larané ora téga patiné | Téga nglarani, nanging ora téga yèn nganti blai (mati) |
Tembang rawat-rawat ujaré bakul sinamberawa | Kabar kang durung mesthi bener lan luputé |
Timun jinara | Prakara gampang banget |
Timun mungsuh durèn | Wong cilik mungsuh panguwasa |
Timun wungkuk jaga imbuh | Kanggo jagan yèn ana kurangé |
Tinggal glanggang colong playu | Kaplayu saka tanggung jawab |
Tumbak cucukan | Wong kang seneng wadulan |
Tumbu olèh tutup | Wong kakancan kang cocog banget |
Tuna sathak bathi sanak | Tuna bandha nanging bathi olèh sadulur |
Tunggak jarak mrajak tunggak jati mati | Turunané wong cilik dadi wong gedhé, turunané wong gedhé dadi wong cilik |
Tulung menthung | Ditulungi malah ngrusuhi. |
U
Paribasa | Teges |
---|---|
Ubaya saksi | Wong kang janji sumedya mènèhi kakucah marang saksi |
Ubut saksi | Wong prekaran tanpa nampik saksi |
Udan gemblong omahé wong, udan gaplèk omahé dhéwé | Saapik-apiké omahé wong liya isih luwih becik yèn manggon ing omahé dhéwé |
Ulah semu | Nandukaké pratingkah kang sinamon ing pasemon praèn |
Ujaring wong pepasaran | Kabar kang ora genah asal usulé karo parané |
Ula marani gebug | Nemaha marang kacilakan |
Ulangan cumbon | |
Ulat madhep ati arép | |
Ula-ula dawa | |
Undhaking pawarta sudaning kiriman | |
Undhaking pawarta sudaning titipan | |
Undha usuk | |
Ungak-ungak pager arang | Ngisin-ngisinaké pokal gawéné |
Unjal angempan | |
Upaya prabéda | |
Upaya saksi | |
Urik klelet candhu tiké | |
Urun rembug | |
Urun wudhu | |
Usung-usung lumbung | |
Utangé nurut wulu | Wong kang utangé akèh banget |
Utang lara nyaur lara utang pati nyaur pati | Wong kang arep mbales sakemengé |
Utang nyaur nyilih ambalèkaké | Wong iku kudu netepi kawajibané |
Uwot gedebog | Wong kang ngundani kasaguhané awaké dhéwé |
Uyah kacemplung segara | Mènèhi wong kang wis sugih |
W
Paribasa | Teges |
---|---|
Wastra bedhah kayu pokah | Tiyang nandhang tatu, babak kulité, putung balungé (wong ketula-tula uripé) |
Watra lungsèt ing sampiran | Tiyang pintèr ora diguroni, Tiyang sanès ingkang ala dipanuti nganti tuwa |
Wedi rai wani silit | Waniné mung saka mburi, wedi yèn adhep-adhepan |
Wédhus diumbar ing pakacangan | Tiyang mlarat dipércaya njaga barang pakarèmané |
Wèlas tanpa alis | Badhé tetulung (mélasi) wong liya nanging malah dadi bilainé |
Wéruh ing grubyug, ora wéruh ing rémbug | Melu-mèlu tumindak nanging ora ngérti kang dikarepaké |
Wis kebak sundukané | Wong kang akèh banget kaluputané |
Witing tresna jalaran saka kulina | Bisa dadi tresna amarga kulina |
Wiwit kuncung nganti gelung | Wiwit cilik nganti gedhé |
Wong mati ninggal jéneng | |
Wong wadon cowek gopél | Drajating wong wadon kang ora pangaji |
Y
Paribasa | Teges |
---|---|
Yitna yuwana léna kena | Wong kang ngati-ati bakal nemu slamet, kang sembrana bakal nemoni cilaka |
Yiyidan mungging rampadan | Biyèné wong durjana saiki dadi wong kang alim |
Yoga anyangga yogi | Murid nirokaké piwulangé guru |
Yuyu rumpung mbarong rongé | Omahé magrong nanging sajatiné mlarat |