Perang ing Kurukshetra: Béda antara owahan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Konten dihapus Konten ditambahkan
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
→‎Anané Paprangan Kurukshetra: éjaan, replaced: pasisirs → patut
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
→‎top: éjaan, replaced: - → -, - → -
Larik 4: Larik 4:
|partof=wiracarita ''[[Mahabharata]]''
|partof=wiracarita ''[[Mahabharata]]''
|caption= nalika perang ing Kurukshetra.
|caption= nalika perang ing Kurukshetra.
|date= durung mesthi, ± taun 3000 SM - 1000 SM<ref>[http://www.hindunet.org/saraswati/colloquium/colloquium01.htm Hindunet.org]</ref>
|date= durung mesthi, ± taun 3000 SM-1000 SM<ref>[http://www.hindunet.org/saraswati/colloquium/colloquium01.htm Hindunet.org]</ref>
|place=Distrik [[Kurusetra]], praja [[Haryana]], [[India|India Utara]].
|place=Distrik [[Kurusetra]], praja [[Haryana]], [[India|India Utara]].
|territory=
|territory=

Révisi kala 8 Oktober 2017 12.20

Perang ing Kurukshetra
Péranganing wiracarita Mahabharata

nalika perang ing Kurukshetra.
Titimangsadurung mesthi, ± taun 3000 SM-1000 SM[1]
PernahDistrik Kurusetra, praja Haryana, India Utara.
Asil dimenangake pihak Pandawa
Péhak kang perang
Lima anake Pandu (Pandawa) lan sekuthune, dipanggedhèni déning Yudistira Satus anake Dretarastra (Korawa) lan sekuthune, dipanggedhèni déning Duryodana
Pangarep
Drestadyumna- Bisma-
Drona-
Karna-
Salya-
Aswatama
Kakuwatan
7 Aksohini (7 divisi)
Total ± 1.530.900 wadya
11 Aksohini (11 divisi)
Total ± 2.405.700 wadya
Kurban
Meh kabèh prajurit.
Mung 7 satriya sing urip: lima Pandawa, Yuyutsu, dan Satyaki
Meh kabèh prajurit.
Hanya 3 satriya sing urip: Aswatama, Krepa, dan Kertawarma

Perang ing Kurukshetra (Dewanagari: कुरुक्षेत्रयुद्ध,IASTKurukṣētrayud'dha, कुरुक्षेत्रयुद्ध), sing dadi pérangan paling wigati saka carita Mahabharata. Sing gawé sebab anané perang iku ya iku rebutan panguwasa antarané Pandhawa lan Kurawa.Kurusetra sing dadi panggonan paprangan iki isih bisa didelok tekan saiki. Kurusetra mapan ana ing laladan Haryana, India.

Paprangan iku ora dingertèni kapan kadadéané, mula kadang-kadang diarani kadadéan ana ing jaman Mitologi. Paninggalan-paninggalan ing Kurusetra (kaya ta bètèng) kira-kira dai bukti arkeologine. Miturut kitab Bhagawadgita, perang ing Kurukshetra kadadéan 3000 taun sadurungé Masèhi (5000 taun kapungkur) lan iku dadi referènsi sing misuwur.[2]

Sanajan paperangan iki mung paprangan antarané rong kulawarga sak wangsa, nanging uga mélokaké pirang-pirang krajan ing India. Paprangan iku kadadéan 18 dina, lan yutanan wadya saka rong pihak akèh sing palastra. Paprangan mau nyebabaké akèh wanita sing dadi randha lan bocah-bocah sing dadi yatim. Paprangan iki uga ndadèkaké krisis ing India lan uga dadi gerbang nuju jaman Kaliyuga.

Anané Paprangan Kurukshetra

Paprangan Kurukshetra iku dadi puncaké Mahabharata, wiracarita paprangan Dinasti Kuru minangka titik séntralé. Parebutan panguwasan sing dadi jalaran perang iki, amarga putra-putrane Dretarastra ora gelem nyerahake singgasana krajan Kuru marang seduluré sing tuwa dhéwé, ya iku Yudistira, salah sawijiné Pandawa.Jeneng Kurusetra sing dadi panggonan paprangan iki duwé teges "daratan Kuru", utawa Dharmakshetra lan "daratan keadilan". Lokasi iki dipilih kanggo paprangan amarga dianggep suci déning umat Hindhu. Dusa-dusa apa waé yèn kelakon ana ing kana mesti bakal diampuni ing laladan kana.[3]

Ing kitab Mahabharata dijelasna manawa pangéran Dretarastra sing wuta awit lair kapeksa nyerahaké takhta krajan Kuru sing punjer pamaréntahané ing Hastinapura marang adhiné, Pandu, sanajan dhèwèké anak mbarep. Pandu duwé putra lima kang misuwur déning sebutan Pandawa, lan Yudistira sing mbarep. Sawisé Pandu ora ana, Dretarastra nggantèni dadi Raja tekan anaké Pandu sing pambarep diwasa.

Para Kurawa, mliginé Duryudana, duwé ambisi arep nguwasani Dinasti Kuru. Nanging ambisi mau ora bisa kelakon amarga sing luwih patut dadi ratu ya iku Yudistira. Kanggo minangka ambisiné, Duryudana terus golèk cara kanggo nyingkiraké Yudhistira lan para pandhawa, dhèwèké uga duwé karep matèni para pandhawa. Nanging para pandhawa slamet saka usaha Kurawa sing arep matèni Pandhawa amarga olèh dukungan saka Arya Widura lan Kresna sing isih kalebu pakné cilik.[3]

Sawisé gagal matèni Pandhawa banjur Kurawa duwé rencana liya. Kurawa ngajak Pandhawa dolanan dadu, kanthi syarat sing kalah kudu metu saka krajan nganti telulas taun. Dolanan dadu iku disetel licik déning Kurawa sing nyebabaké pandhawa kalah. Sadurungé Pandhawa dibuwang, Dretarastra janji arep nyerahaké krajan marang Yudhistira amarga dhèwèké iku minangka aak pambarep wangsa Kuru.

Sawisé telulas taun, padha karo janjiné Pandhawa duwé hak njaluk manèh krajan Astina. Nanging Duryodana ora gelem menehake Krajan manèh, sanajan kaya mangkono Yudhistira lan adhi-adhiné isih bisa sabar. Minangka Pengeran, Pandhawa krasa yèn dhèwèké duwé hak lan wajib mèlu ana ing urusan administrasi krajan, banjur Pandhawa njaluk lima désa. Nanging Duryudana gumbedhe ora gelem mènèhi sanajan sakpucuk dom. Kuwi sing dadi sebab anané paprangan amarga Pandhawa wis kentekan sabar.Pandhawa minangka pangeran kudu lan duwé hak ana ing administrasi pamerentahan Sebagai seorang pangeran, Pandawa merasa wajib dan berhak turut sarta dalam administrasi pamaréntahan, maka mereka meminta lima buah désa saja. Tetapi Duryodana sombong dan berkata bahwa ia tidak bersedia memberikan tanah kepada para Pandawa, bahkan yang seluas ujung jarum pun. Jawaban itu membuat para Pandawa tidak bisa bersabar lagi dan perang tak bisa dihindari. Di pihak lain, Duryodana pun wis mengharapkan peperangan.[2]

Misi damai Sri Kresna

Sadurungé kaputusa perang diumumké, para Pandawa duwé usaha nggolèk sekuthu kanthi mikiraké surat permohonan karo ratu-ratu ing daratan India Kuno supaya gelem ngirimaké prajurit kanggo mbiyantu Pandhawa saumpama perang sida kadadéan. Mangkono uga sing dilakokaké déning Kurawa, nggolèk sekuthu. Kaya mangkono sing ndadèkaké ratu-ratu ing daratan India Kuno kapérang dadi rong pihak, pihak Pandhawa lan Kurawa.

Sauntara iku, Kresna nyoba kanggo nglakokaké musyawarah supaya bisa damai. Kresna menyang Hastinapura ngusulaké tata-tentrem antarané Pandawa lan Kurawa. Nanging Duryudana nulak usulé Kresna amarga ngrasa diece, mula dhèwèké mrentah para prajurit supaya nangkep Kresna sadurungé budal saka kraton. Nanging Kresna ora wong biyasa. Dhèwèké bisa dadi cumlorot sing ndadèkaké prajurit wuta kabèh. Nalika iku uga dhèwèké nunjukaké wujud rohaniné sing mung bisa dideleng déning wong suci ya iku: Bisma, Drona, lan Widura.

Sawisé Kresna lunga saka Hastinapura, dhèwèké menyang Uplaplawya kanggo ngandhani Pandhawa yèn perang wis ora udu kadadéan. Dhèwèké njaluk supaya Pandhawa nyiapake widyabala.

Persiapan perang

Kresna ora nyanggupi perang dhèwèkan. Dhèwèké ngajokaké pilihan karo Pandhawa lan Kurawa, yèn salah siji bisa njaluk widyabalane Kresna sing akèh lan salah siji olèh migunaake tenagane Kresna. OLeh kesempatan kaya mangkono Arjuna lan Duryodana lunga menyang Dwaraka kanggo milih salah siji saka rong pilihan mau.

Duryodana pinter ing pulitik, jenius ing babagan pulitik, banjur dhèwèké milih tentarane Kresna. Déné para Pandawa sing diwakili Arjuna, milih tenagané Kresna sing bisa ngadhani lan njaluk supaya Kresna maju perang tanpa gaman. Sri Kresna gelem marang panjaluké pandhawa.

Cathetan sikil

  1. Hindunet.org
  2. a b Kitab Bhagawadgita menurut aslinya déning Om Visnupada A.C.B. Swami Prabhupada.
  3. a b Kurukshetra is described as DHARAMKSHETRA i.e. 'Region of righteousness'.