Tibèt Kuna: Béda antara owahan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Konten dihapus Konten ditambahkan
BeeyanBot (parembugan | pasumbang)
c →‎Fonologi: éjaan, replaced: yaiku → ya iku using AWB
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
→‎top: éjaan, replaced: sajroning → sajeroning
Larik 17: Larik 17:
'''Tibèt Kuna''' iku tegesé mangsa uriping basa-basa Tibèt sing kacathet ana naskah-naskah Kraton Tibèt saka madyaning abad ka-7, nalika kraton nembé ngangkat aksara, nganti purwaning abad ka-11 M.
'''Tibèt Kuna''' iku tegesé mangsa uriping basa-basa Tibèt sing kacathet ana naskah-naskah Kraton Tibèt saka madyaning abad ka-7, nalika kraton nembé ngangkat aksara, nganti purwaning abad ka-11 M.


Ana taun 816 M, sajroning panguwasaning Sadnaleg, basa sastraning Tibèt menangi owah-owahan agung kanthi madhakaké basa lan tetembungan ana ing pertalan serat-serat saka India. Paugeran anyar iki banjur miwiti mangsa sing diarani mangsa Tibèt Klasik.{{sfn|Hodge|1993|p=vii}}
Ana taun 816 M, sajeroning panguwasaning Sadnaleg, basa sastraning Tibèt menangi owah-owahan agung kanthi madhakaké basa lan tetembungan ana ing pertalan serat-serat saka India. Paugeran anyar iki banjur miwiti mangsa sing diarani mangsa Tibèt Klasik.{{sfn|Hodge|1993|p=vii}}


== Fonologi ==
== Fonologi ==

Révisi kala 8 Agustus 2017 06.33

Cithakan:Infobox Language/IPA notice
Tibèt Kuna
Turfan fragment tibt.jpg
Dituturaké ing Tibèt
Gunggung panutur
Rumpun basa Cithakan:Infobox Language/genetic2
Sistem tulisan Aksara Tibèt
Kodhe basa
ISO 639-1 None
ISO 639-2
ISO 639-3 otb

Tibèt Kuna iku tegesé mangsa uriping basa-basa Tibèt sing kacathet ana naskah-naskah Kraton Tibèt saka madyaning abad ka-7, nalika kraton nembé ngangkat aksara, nganti purwaning abad ka-11 M.

Ana taun 816 M, sajeroning panguwasaning Sadnaleg, basa sastraning Tibèt menangi owah-owahan agung kanthi madhakaké basa lan tetembungan ana ing pertalan serat-serat saka India. Paugeran anyar iki banjur miwiti mangsa sing diarani mangsa Tibèt Klasik.[1]

Fonologi

Fonologi Tibèt Kuna kaciri ing pirang-pirang cihna (fitur) sing banjur cicir ana ing mangsa Tibèt Klasik, ya iku uni my- (dadi m- ana ing basa Tibèt Klasik) sadurungé uni swara (uni vokal) -i- lan -e-, uni klompok sts- (dadi s-), lan wujud kawalikaning aksara swara "i" (gi-gu).[2]

Pranata kasus

Morfologi kasus awujud sandhangan (afiks) tumrap kabèh frasa nomina, dudu tembung-tembung tunggal (Gruppenflexion). Basa Tibèt Kuna nduwèni sepuluh kasus padha kayata basa Tibèt Klasik:[3]

  • absolutif (legena, tanpa tetenger morfologis)
  • gènitif (གི་ -gi, གྱི་ -gyi, ཀྱི་ -kyi, འི་ - 'i, ཡི་ -yi)
  • agèntif (གིས་ -gis, གྱིས་ -gyis, ཀྱིས་ -kyis, ས་ -s, ཡིས་ -yis)
  • lokatif (ན་ -na)
  • alatif (ལ་ -la)
  • tèrminatif (རུ་ -ru, སུ་ -su, ཏུ་ -tu, དུ་ -du, ར་ -r)
  • komitatif (དང་ -dang)
  • ablatif (ནས་ -nas)
  • élatif (ལས་ -las)
  • komparatif (བས་ -bas)

Nanging mangkono, sanajan lokatif, alatif, lan terminatif alon-alon kaguwang saka basa Tibèt Klasik (lan kaanggep tradhisi tatabasa purwa la don bdun), saben kasus iki nduwé piguna dhéwé-dhéwé ana ing basa Tibèt Kuna.[4]

Juru tatabasa Tibèt Tradhisional ora mbédakaké tetenger kasus kayata mangkéné, nanging nggolongaké morfèm-morfèm kasus iki (kajaba -dang karo -bas) dadi wolung kasus miturut basa Sangskreta.

Tembung sesulih

Ana telung tembung sesulih kapisan tunggal ana ing basa Tibèt Kuna: ང་ nga, བདག་ bdag, lan ཁོ་བོ་ kho-bo, lan telung tembung sesulih kapisan jamak: ངེད་ nged, བདག་ཅག་ bdag-cag, lan འོ་སྐོལ་ 'o-skol. Tembung sesulih kapindho ana rong tembung tunggal ཁྱོད་ khyod karo ཁྱོ(ན)་འདའ་ khyo(n)-'da' lan satembung jamak ཁྱེད་ khyed.[5]

Rujukan

Cathetan sikil

Karya sing dipethik

  • Hill, Nathan W. (2010a), "Overview of Old Tibetan synchronic phonology" (PDF), Transactions of the Philological Society, 108 (2): 110–125, doi:10.1111/j.1467-968X.2010.01234.x, diarsip saka sing asli (PDF) ing 28 July 2013. {{citation}}: Unknown parameter |deadurl= ignored (|url-status= suggested) (pitulung)
  • Hill, Nathan W. (2010b), "Personal pronouns in Old Tibetan" (PDF), Journal Asiatique, 298 (2): 549–571, doi:10.2143/JA.298.2.2062444, diarsip saka sing asli (PDF) ing 1 August 2013. {{citation}}: Unknown parameter |authormask= ignored (pitulung); Unknown parameter |deadurl= ignored (|url-status= suggested) (pitulung)
  • Hill, Nathan W. (2011), "The allative, locative, and terminative cases (la-don) in the Old Tibetan Annals", New Studies in the Old Tibetan Documents: Philology, History and Religion (PDF), Old Tibetan Documents Online Monograph Series, vol. 3, Tokyo: Research Institute for Languages and Cultures of Asia and Africa, Tokyo University of Foreign Studies, kc. 3–38. {{citation}}: Unknown parameter |authormask= ignored (pitulung)
  • Hill, Nathan W. (2012), "Tibetan -las, -nas, and -bas" (PDF), Cahiers de Linguistique Asie Orientale, 41 (1): 3–38, diarsip saka sing asli (PDF) ing 2014. {{citation}}: Unknown parameter |authormask= ignored (pitulung); Unknown parameter |deadurl= ignored (|url-status= suggested) (pitulung)
  • Hodge, Stephen (1993), An Introduction to Classical Tibetan (édhisi ka-revised), Warminster: Aris & Phillips, ISBN 978-0-85668-548-4.

Pranala njaba