Srikandhi: Béda antara owahan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Konten dihapus Konten ditambahkan
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
éjaan, replaced: wae → waé, Senopati → Senapati (2), Sejarah → Sajarah, sedulur → sadulur, seda → séda, Sakliyane → Saliyané, raja → ratu (2), Raden → Radèn (3), nduwèni → duwé, jroning → sajeroning, bapake → bapaké, anggo...
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
→‎Lairé Srikandhi: éjaan, replaced: Yen → Yèn
Larik 14: Larik 14:


== Lairé Srikandhi ==
== Lairé Srikandhi ==
Dewi Srikandhi iku dumadi saka geni kang dipuja déning [[Prabu Drupada]].<ref name="buku2">Subardi. 2000. ''Mutyara Rinonce Budi pekerti ing Pewayangan''. Jakarta</ref> drupada tumindak mangkono kanggo golèk cara males wirang marang [[Bambang Kumbayana]] (Pandita Durna).<ref name="buku2"/> Prabu Drupada tau diwirang - wirangaké déning para muride Durna ya iku Kurawa.<ref name="buku2"/> Prabu Drupada dilarak – larak kaya wong sudra.<ref name="buku2"/> Durna tumindak mangkono kanggo males lara atiné nalika dipulasara Gandamana (patihe Drupada) jalaran nalika semana Durna anggoné matur marang prabu Drupada amung njangkar (ora basa).<ref name="buku2"/> Gandamana nesu lan Bambang Kumbayana|[[Bambang Kumbayana]] dipala nganti rusak awaké.<ref name="buku2"/> Amarga lara atine, Prabu Drupada muja geni.<ref name="buku2"/> Saka tengahé geni katon bayi loro, lanang lan wadon.<ref name="buku2"/> Banjur bayi mau pinaringan asma Srikandhi lan [[Arya Dresthajumena]].<ref name="buku2"/> Saliyané iku Srikandhi uga duwé sadulur wadon asma [[Dewi Drupadi]], kang ora liya garwane Puntadewa.<ref name="buku2"/> Yen ing carita wayang, Srikandhi digambaraké minangka prajurit wanita sing peng – pengan.<ref name="internet1"/> Nalika isih enom dhèwèké merguru manah marang Radèn Arjuna|[[Radèn Arjuna]].<ref name="buku1"/> Banjur dhèwèké dipek bojo déning Radèn [[Arjuna]].<ref name="buku1"/>
Dewi Srikandhi iku dumadi saka geni kang dipuja déning [[Prabu Drupada]].<ref name="buku2">Subardi. 2000. ''Mutyara Rinonce Budi pekerti ing Pewayangan''. Jakarta</ref> drupada tumindak mangkono kanggo golèk cara males wirang marang [[Bambang Kumbayana]] (Pandita Durna).<ref name="buku2"/> Prabu Drupada tau diwirang - wirangaké déning para muride Durna ya iku Kurawa.<ref name="buku2"/> Prabu Drupada dilarak – larak kaya wong sudra.<ref name="buku2"/> Durna tumindak mangkono kanggo males lara atiné nalika dipulasara Gandamana (patihe Drupada) jalaran nalika semana Durna anggoné matur marang prabu Drupada amung njangkar (ora basa).<ref name="buku2"/> Gandamana nesu lan Bambang Kumbayana|[[Bambang Kumbayana]] dipala nganti rusak awaké.<ref name="buku2"/> Amarga lara atine, Prabu Drupada muja geni.<ref name="buku2"/> Saka tengahé geni katon bayi loro, lanang lan wadon.<ref name="buku2"/> Banjur bayi mau pinaringan asma Srikandhi lan [[Arya Dresthajumena]].<ref name="buku2"/> Saliyané iku Srikandhi uga duwé sadulur wadon asma [[Dewi Drupadi]], kang ora liya garwane Puntadewa.<ref name="buku2"/> Yèn ing carita wayang, Srikandhi digambaraké minangka prajurit wanita sing peng – pengan.<ref name="internet1"/> Nalika isih enom dhèwèké merguru manah marang Radèn Arjuna|[[Radèn Arjuna]].<ref name="buku1"/> Banjur dhèwèké dipek bojo déning Radèn [[Arjuna]].<ref name="buku1"/>


Dèwi Srikandhi tau dilamar déning [[Prabu Jungku Mardea]] saka nagara [[Parangkubarja]].<ref name="internet1"/> [[Drupada|Prabu Drupada]], bapaké Srikadhi seneng karo lamarane Jungku Mardea, nanging Srikandhi ora seneng. Banjur dhèwèké madul marang Arjuna.<ref name="internet1"/> Arjuna mbela Srikandhi, banjur Srikandhi dhaup karo Arjuna.<ref name="internet1"/>
Dèwi Srikandhi tau dilamar déning [[Prabu Jungku Mardea]] saka nagara [[Parangkubarja]].<ref name="internet1"/> [[Drupada|Prabu Drupada]], bapaké Srikadhi seneng karo lamarane Jungku Mardea, nanging Srikandhi ora seneng. Banjur dhèwèké madul marang Arjuna.<ref name="internet1"/> Arjuna mbela Srikandhi, banjur Srikandhi dhaup karo Arjuna.<ref name="internet1"/>

Révisi kala 7 Agustus 2017 10.32

Srikandhi
Srikandi sajeroning pewayangan Jawa
Srikandi sajeroning pewayangan Jawa
Déwanagari: शिकण्ढी
Éjaan Sanskerta: Śikhaṇḍin; Śikhaṇḍinī
Jeneng liya: Sikandin; Sikandini;
Bismahanta
Asal: Kerajaan Panchala

Srikandhi utawa Dèwi Srikandhi, utawa Wara Srikandhi (Sangskreta Śikhaṇḍī) iku paraga ing wiracarita Mahabharata. Srikandhi iku putriné Prabu Drupada (jeneng enomé Sucitra), ratu saka nagara Cempalaraja.[1]

Srikandhi kondhang minangka prajurit èstri. Kedadéyan iku nalika Srikandhi mlaku metu saka kraton, banjur nemokaké kalung kembang teraté sing ana ing gapura kraton. Kembang iku arupa kembang sing ditinggal déning Dèwi Amba ana ing nagara Pancala minangka pratandha dendam, sapa waé kan migunakaké kalung iku, wong iku sing bakal merjaya Begawan Bisma.

Lairé Srikandhi

Dewi Srikandhi iku dumadi saka geni kang dipuja déning Prabu Drupada.[2] drupada tumindak mangkono kanggo golèk cara males wirang marang Bambang Kumbayana (Pandita Durna).[2] Prabu Drupada tau diwirang - wirangaké déning para muride Durna ya iku Kurawa.[2] Prabu Drupada dilarak – larak kaya wong sudra.[2] Durna tumindak mangkono kanggo males lara atiné nalika dipulasara Gandamana (patihe Drupada) jalaran nalika semana Durna anggoné matur marang prabu Drupada amung njangkar (ora basa).[2] Gandamana nesu lan Bambang Kumbayana|Bambang Kumbayana dipala nganti rusak awaké.[2] Amarga lara atine, Prabu Drupada muja geni.[2] Saka tengahé geni katon bayi loro, lanang lan wadon.[2] Banjur bayi mau pinaringan asma Srikandhi lan Arya Dresthajumena.[2] Saliyané iku Srikandhi uga duwé sadulur wadon asma Dewi Drupadi, kang ora liya garwane Puntadewa.[2] Yèn ing carita wayang, Srikandhi digambaraké minangka prajurit wanita sing peng – pengan.[3] Nalika isih enom dhèwèké merguru manah marang Radèn Arjuna|Radèn Arjuna.[1] Banjur dhèwèké dipek bojo déning Radèn Arjuna.[1]

Dèwi Srikandhi tau dilamar déning Prabu Jungku Mardea saka nagara Parangkubarja.[3] Prabu Drupada, bapaké Srikadhi seneng karo lamarane Jungku Mardea, nanging Srikandhi ora seneng. Banjur dhèwèké madul marang Arjuna.[3] Arjuna mbela Srikandhi, banjur Srikandhi dhaup karo Arjuna.[3]

Paraga

Dewi Srikandhi mripaté jahitan, irunge mbangir, rainé rada ndhangak, nuduhaké dhèwèkée putri kang duwé swara dencing.[1] Dewi Srikandhi nganggo sanggul, arané Sanggul Gedhé.[1] Nduwèni jamang kanthi garudané mengguri.[1] Sebagian rambuté diumbaraké polos.[1] Kalunge awujud bulan sabit.[1] Anggone kain dodot putrèn.[1]

Patemon Klawan Arjuna

Prabu Drupada nganakaké sayembara kanggo ngrebutaké Dèwi Drupadi.[4] Sapa sira sing bisa nglawan Patih Gandamana bakal dadi bojoné Dèwi Drupadi.[4] Ing sawijining dina Werkudara maju tandhing klawan Patih Gandamala|Patih Gandamala dikancani déning Arjuna.[4] Sanadyan Werkudara kang maju tandhing, ananging Dèwi Drupadi mau digarwa déning Puntadewa.[4] Katon semburat abang ning pipiné Srikandhi nalika satriya gantheng saka Astinapura iku katon ngematke polah tingkahé Srikandhi sinambi mèsem.[4] Ésuké Puntadewa karo adhi – adhiné lan ibuné, Dèwi Kunthi mara manèh ing Nagara Pancalaretna kanggo nglamar Dèwi Drupadi. Nalika iku Dèwi Srikandhi golèk cara kanggo cedhak karo Arjuna.[4] Pungkasané Srikandhi meguru manah marang Arjuna. Malah sabanjuré Srikandhi digarwa déning Radèn Arjuna. Srikandhi Suwita ing Pandhawa.[2]

Senapati Perang Wanita

Srikandhi iku prajurit wanodya kang cukat, trengginas, omongane ladak, kumresek, nanging ngantasi karya, jujur, setya marang garwa, tata kramane genep.[2] Polahe Srikandhi ora béda kaya satriya perang.[5] Kajaba iku Srikandhi pinter perang lan olah panah.[5] Dadi ora kleru yèn para Pandawa ngangkat Srikandhi dadi Senapati perang ndampingi Arjuna nalika perang Bharatayuda ing lapangan Kurusetra.[4] Ing perang Bharatayudha, Dewi Srikandhi diutus dadi senapati perange Pandawa, nggenteni Resi Seta, satriya saka Wirata kang séda nalika perang tandhing lawan Resi Bisma, senapati saka Kurawa.Bhisma kaget nalika wewayangan Dewi Amba|Dewi Amba nyawiji ing ragane Srikandhi.[2] Mesthi waé Srikandhi dudu tandhingane.[2] Srikandhi mulat sigra nyekel panah Pasopati|pasopati.[2] Panah diloloske, banjur disaut déning Dewi Amba ditamakake ing jajane Bhisma.[2] Getih muncrat, nyawa pegat.[2] [3] Kadadean iku padha karo kutukane Dewi Amba, putri Prabu Darmahambara, ratu nagara Giyantipura|Giyantipura, kang mati déning Resi Bisma|Resi Bisma.[3]

Cathetan suku

  1. a b c d e f g h i Hardjowirogo. 1982. Sajarah Wayang Purwa. Jakarta: Balai Pustaka (halaman 199-200)
  2. a b c d e f g h i j k l m n o p q Subardi. 2000. Mutyara Rinonce Budi pekerti ing Pewayangan. Jakarta
  3. a b c d e f Dewi Srikandhi, situs wèb ki-demang.com (diakses tanggal 5 Maret 2011).
  4. a b c d e f g [Kresna, Ardian.2011.Panah Srikandhi. Yogyakarta: DIVA Press]
  5. a b [Marsono, Hendrosaputro, Waridi. 1999. Ensiklopedi Basa Jawa. Yogyakarta: Lembaga Studi Jawa]