Mekah: Béda antara owahan
→Sajarah: éjaan, replaced: nabi Muhammad → Muhammad |
|||
Larik 18: | Larik 18: | ||
Perkembangan kutha Mekkah magepokan karo kanyatan anané [[Ismail]] lan [[Siti Hajar]] minangka padunung kapisan kutha iki kang ditempataké déning [[Ibrahim]] karana préntah [[Allah]]. ''Perkembangan'' sabanjuré muncul wong-wong [[Jurhum]] kang sidané manggon ing kana. Sabanjuré kutha iki dipanggedhèni déning [[Quraisy]] minangka kabilah utawa suku kang utama ing [[Jazirah]] [[Arab]] amarga nduwé hak pemeliharaan tumrapé Ka'bah. Suku iki misuwur ing babagan dagang malahan wektu iku aktivitas dagangé kaloka nganti tekan Damaskus, [[Palestina]] lan Afrika. Tokoh minangka kepala kabilah quraisy ya iku [[Qussai]] kang diterusaké déning [[Abdul Muthalib]]. [[Muhammad]] iku keturunan langsung saka [[Ismail]] sarta [[Qussai]]. |

||
Taun [[671]], Muhammad lair ing kutha iki lan tuwuh diwasa. Pisanan nampa wahyu saka Allah ajarané ditolak déning kaumé dhéwé kang wektu iku isih ana sajeroning pepetenging pikir ([[Jahilliyah]]) saéngga pindhah menyang kutha [[Madinah]]. Sawisé Madinah tuwuh ngrembaka, |
Taun [[671]], Muhammad lair ing kutha iki lan tuwuh diwasa. Pisanan nampa wahyu saka Allah ajarané ditolak déning kaumé dhéwé kang wektu iku isih ana sajeroning pepetenging pikir ([[Jahilliyah]]) saéngga pindhah menyang kutha [[Madinah]]. Sawisé Madinah tuwuh ngrembaka, Muhammad balik menyang Mekkah manèh kanthi misi mbebasaké kutha Mekkah tanpa wutahing getih. |
||
Sakbanjuré Mekkah kapatah déning administrasi [[khalifah]] kang punjeré ing Madinah, lan para ratu kang wektu iku kuwasa ing Damaskus ([[Dinasti]] [[Ummayyah]]), Baghdad (Dinasti [[Abbasiyah]]) lan Turki ([[Usmaniyah]]) kang nalika iku dipanggedhèni déning [[Syarif Hussein]] nuli didadèkké siji déning Abdul Aziz ibnu Saud, dadi andhahané pamaréntahan Saudi Arabia nganti dina iki minangka pelayan kutha suci kaloroné (Mekkah lan Madinah). |

Révisi kala 27 Juli 2017 14.11
Mekkah utawa Makkah Al Mukarromah, basa Arab: ( مكة المكرمة) uga kaloka minangka Makkah ya iku kutha utama ing Saudi Arabia kang dadi tujuan utama kaum Muslimin sajeroning ibadah kaji. Ing Mekkah dumunung yasan utama Ka'bah kang dadi pathokan arah kiblat kanggo salat kaum muslimin ing saindhenging jagad sarta prosesi Ibadah haji. Kautaman kutha Mekkah, saliyané panggonan lahiré Muhammad, uga anané Masjid Al Haram lan Ka'bah ing njeroné, kacetha ing sabda Nabi:
- "Shalat ing Masjidil Haram duwé pahala 100000 x"
Géografi
|
Kutha Mekkah dumunung watara 600 km sisih kidul kutha Madinah, kurang luwih 200 km sisih wétan lor kutha Jeddah persisé ing koordinat 21°25′24″N 39°49′24″E / 21.42333°N 39.82333°E. Kutha Mekkah arupa lembah ciut kang diubengi déning gunung gunung lan wangunan Ka'bah minangka punjeré. Mulané, ing jaman biyèn kutha iki rawan banjir yèn musim udan. Pungkasané pamaréntah Saudi Arabia ndandani lan ngrenovasi kutha iki. Kayadéné kutha-kutha ing tlatah Arab liyané kutha Mekkah duwé iklim ara-ara.
Ékonomi
Kutha Mekkah kaloka minangka kutha dagang, wektu jaman biyèn kaloka dadi jalur dagang antara Yaman-Mekkah-Madinah-Damsyiq (Damaskus) kanthi penghasilan saben pemberangkatan kafilah nganti 600.000 pound. Saliyané kaloka minangka kutha dagang, ékonomi kutha Mekkah uga madeg saka tetanèn, peternakan lan pelayanan jasa kanggo jemaah haji, antarané usaha perhotèlan lan penginepan.
Wiyata
Minangka punjer agama Islam liyané kutha Madinah, kutha iki nduwé punjer punjer pendidikan lan pengajaran agama Islam.
Sajarah
Perkembangan kutha Mekkah magepokan karo kanyatan anané Ismail lan Siti Hajar minangka padunung kapisan kutha iki kang ditempataké déning Ibrahim karana préntah Allah. Perkembangan sabanjuré muncul wong-wong Jurhum kang sidané manggon ing kana. Sabanjuré kutha iki dipanggedhèni déning Quraisy minangka kabilah utawa suku kang utama ing Jazirah Arab amarga nduwé hak pemeliharaan tumrapé Ka'bah. Suku iki misuwur ing babagan dagang malahan wektu iku aktivitas dagangé kaloka nganti tekan Damaskus, Palestina lan Afrika. Tokoh minangka kepala kabilah quraisy ya iku Qussai kang diterusaké déning Abdul Muthalib. Muhammad iku keturunan langsung saka Ismail sarta Qussai.
Taun 671, Muhammad lair ing kutha iki lan tuwuh diwasa. Pisanan nampa wahyu saka Allah ajarané ditolak déning kaumé dhéwé kang wektu iku isih ana sajeroning pepetenging pikir (Jahilliyah) saéngga pindhah menyang kutha Madinah. Sawisé Madinah tuwuh ngrembaka, Muhammad balik menyang Mekkah manèh kanthi misi mbebasaké kutha Mekkah tanpa wutahing getih.
Sakbanjuré Mekkah kapatah déning administrasi khalifah kang punjeré ing Madinah, lan para ratu kang wektu iku kuwasa ing Damaskus (Dinasti Ummayyah), Baghdad (Dinasti Abbasiyah) lan Turki (Usmaniyah) kang nalika iku dipanggedhèni déning Syarif Hussein nuli didadèkké siji déning Abdul Aziz ibnu Saud, dadi andhahané pamaréntahan Saudi Arabia nganti dina iki minangka pelayan kutha suci kaloroné (Mekkah lan Madinah).
Kutha-kutha sajeroning Ibadah Haji
Saliyané Mekkah, kutha utawa laladan kang dipigunaaké sajeroning peribadatan haji ya iku Mina, Muzdalifah lan Arafah. Uga ana kutha utawa laladan kang dipigunaaké déning para jemaah haji minangka miwiti prosesiné, antarané Bir Ali utawa Dzulkulaifah kang dumunung ing njaba kutha Madinah dadi pathokan jamaah kang asalé saka Madinah, sarta Qarnul Manazil utawa Yalamlam kanggo jemaah haji kang m;ebu saka arah Yaman.
Pranala njaba
Artikel ngenani Islam iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |