Kendhang: Béda antara owahan
c busak cithakan, per Special:Diff/1146451; panggantèn kosmètik |
éjaan, replaced: nduwèni → duwé, isa → bisa, sisi → sisih (2) |
||
Larik 1: | Larik 1: | ||
[[Gambar:SambaSunda Quintett in Cologne (0253).jpg|thumb]] |
[[Gambar:SambaSunda Quintett in Cologne (0253).jpg|thumb]] |
||
[[Gambar:Traditional indonesian drums.jpg|thumb|Kendhang]] |
[[Gambar:Traditional indonesian drums.jpg|thumb|Kendhang]] |
||
'''Kendhang''' iku piranti [[gamelan Jawa]] sing ditabuh nganggo kombinasi antara [[tlapakan]] karo [[driji]], dadi ora nganggo [[tabuh]]. Ing musik modhèrn, piranti iki digolongaké piranti [[perkusi]]. Kendhang disèlèhaké ing wadhah panyangga saka kayu sing wujudé mèmper huruf '''Y'''. Kendhang ing musik gamelan fungsiné kanggo mimpin lan ngarahaké musik.<ref name="internet1">[http://www.joglosemar.co.id/gamelan.html joglosemar.co.id](dipunundhuh tanggal 30 Mei 2011)</ref> Kendhang |
'''Kendhang''' iku piranti [[gamelan Jawa]] sing ditabuh nganggo kombinasi antara [[tlapakan]] karo [[driji]], dadi ora nganggo [[tabuh]]. Ing musik modhèrn, piranti iki digolongaké piranti [[perkusi]]. Kendhang disèlèhaké ing wadhah panyangga saka kayu sing wujudé mèmper huruf '''Y'''. Kendhang ing musik gamelan fungsiné kanggo mimpin lan ngarahaké musik.<ref name="internet1">[http://www.joglosemar.co.id/gamelan.html joglosemar.co.id](dipunundhuh tanggal 30 Mei 2011)</ref> Kendhang duwé jinis lan ukuran kang werna-werna.<ref name="internet1"/> Ukurané '''kendhang''' antarané 20 [[cm]] nganti [[45]] [[cm]].<ref name="internet1"/> Kendhang bentuké kaya drum lan dimainaké kanthi cara ditabuh.<ref name="internet1"/> |
||
== Wujud == |
== Wujud == |
||
Larik 17: | Larik 17: | ||
== Jinis swara lan cara nabuh == |
== Jinis swara lan cara nabuh == |
||
Akèh jinis swara sing |
Akèh jinis swara sing bisa diasilaké saka piranti kendhang iki ya iku antarané: |
||
* '''Dlong''': swara iki metu saka tengah bagéyan kendhang sing gedhé (kejaba [[kendhang ketipung]]), ditabuh nganggo kabèh driji lan sabagéyan tlapakan sing langsung diculaké. Swara iki nduwé nadha paling cendhèk. |

* '''Dhah''': swara iki metu saka |
* '''Dhah''': swara iki metu saka sisih utawa pinggir bagéyan kendhang sing gedhé (kejaba kendhang ketipung), ditabuh nganggo kabèh driji lan sabagéyan tlapakan tangan sing langsung diculaké. |
||
* '''Thung''': swara iki metu saka tengah bagéyan kendhang sing gedhé, ditabuh nganggo driji sing langsung diculaké. Yèn ing kendhang ketipung, swara iki metu saka bagéyan kendhang sing gedhé ning ditabuh nganggo jempol utawa driji panuding sing langsung diculaké. |

* '''Ket''': swara iki metu saka pérangan tengah kendhang sing gedhé, ditabuh nganggo pucuk driji utamané pucuk driji panuding, driji panunggul karo driji manis lan ora langsung diculaké (tetep nempèl) utawa nutup. |

* '''Tong''': swara iki metu saka |
* '''Tong''': swara iki metu saka sisih utawa pinggir bagéyan kendhang sing cilik, ditabuh nganggo pucuk driji panunggul lan driji manis lan langsung diculaké. |
||
* '''Tak''': swara iki metu saka bagéyan kendhang sing cilik, ditabuh nganggo kabèh driji lan sabagéyan tlapakan tangan lan ora diculaké utawa tetep nempèl, déné tlapakan tangan tengen nempèl ing bagéyan kendhang sing gedhé. Swara iki nduwé nadha paling dhuwur. |

* '''Deng''': swara iki metu saka bagéyan kendhang sing gedhé, ditabuh nganggo kabèh driji ana ing sisih pinggir kendhang. Sumber : Hari Kendhang Kabupatèn Madiun. |
* '''Deng''': swara iki metu saka bagéyan kendhang sing gedhé, ditabuh nganggo kabèh driji ana ing sisih pinggir kendhang. Sumber : Hari Kendhang Kabupatèn Madiun. |
Révisi kala 18 Juli 2017 10.49
Kendhang iku piranti gamelan Jawa sing ditabuh nganggo kombinasi antara tlapakan karo driji, dadi ora nganggo tabuh. Ing musik modhèrn, piranti iki digolongaké piranti perkusi. Kendhang disèlèhaké ing wadhah panyangga saka kayu sing wujudé mèmper huruf Y. Kendhang ing musik gamelan fungsiné kanggo mimpin lan ngarahaké musik.[1] Kendhang duwé jinis lan ukuran kang werna-werna.[1] Ukurané kendhang antarané 20 cm nganti 45 cm.[1] Kendhang bentuké kaya drum lan dimainaké kanthi cara ditabuh.[1]
Wujud
Wujudé mèh silindher, simetris, ing salah siji sisih rada gedhé tinimbang sisih lawané. Bagéyan sing luwih gedhé umumé disèlèhaké ing tengening panabuh. Kendhang iki ukurané luwih cilik tinimbang bedhug.
Jinis
Ana 4 jinis kendhang sing umum dienggo ing gamelan ya iku: (urutan saka sing paling gedhé ukurané)
- Kendhang gendhing utawa kendhang ageng, nduwé nadha swara paling cendhèk
- Kendhang wayangan
- Kendhang batangan utawa ciblon
- Kendhang ketipung, nduwé nadha swara paling dhuwur
Fungsi
Piranti gamelan iki fungsiné kanggo ngatur irama utamané yèn arep ngowahi irama uga kanggo ngatur tempo musik supaya ajeg. Kendhang uga sok kanggo tengeran babak-babak ing reroncèn musik gamelan lan ing pérangan akir utawa panutup swara suwukan.
Jinis swara lan cara nabuh
Akèh jinis swara sing bisa diasilaké saka piranti kendhang iki ya iku antarané:
- Dlong: swara iki metu saka tengah bagéyan kendhang sing gedhé (kejaba kendhang ketipung), ditabuh nganggo kabèh driji lan sabagéyan tlapakan sing langsung diculaké. Swara iki nduwé nadha paling cendhèk.
- Dhah: swara iki metu saka sisih utawa pinggir bagéyan kendhang sing gedhé (kejaba kendhang ketipung), ditabuh nganggo kabèh driji lan sabagéyan tlapakan tangan sing langsung diculaké.
- Thung: swara iki metu saka tengah bagéyan kendhang sing gedhé, ditabuh nganggo driji sing langsung diculaké. Yèn ing kendhang ketipung, swara iki metu saka bagéyan kendhang sing gedhé ning ditabuh nganggo jempol utawa driji panuding sing langsung diculaké.
- Ket: swara iki metu saka pérangan tengah kendhang sing gedhé, ditabuh nganggo pucuk driji utamané pucuk driji panuding, driji panunggul karo driji manis lan ora langsung diculaké (tetep nempèl) utawa nutup.
- Tong: swara iki metu saka sisih utawa pinggir bagéyan kendhang sing cilik, ditabuh nganggo pucuk driji panunggul lan driji manis lan langsung diculaké.
- Tak: swara iki metu saka bagéyan kendhang sing cilik, ditabuh nganggo kabèh driji lan sabagéyan tlapakan tangan lan ora diculaké utawa tetep nempèl, déné tlapakan tangan tengen nempèl ing bagéyan kendhang sing gedhé. Swara iki nduwé nadha paling dhuwur.
- Deng: swara iki metu saka bagéyan kendhang sing gedhé, ditabuh nganggo kabèh driji ana ing sisih pinggir kendhang. Sumber : Hari Kendhang Kabupatèn Madiun.
Notasi
Notasi swara kendhang sing umum dienggo ya iku:
- Swara dlong diwakili simbol D
- Swara dhah diwakili simbol b
- Swara thung diwakili simbol p
- Swara ket diwakili simbol k
- Swara tong diwakili simbol o
- Swara tak diwakili simbol t
- Swara deng diwakili simbol B
Cathetan suku
<references>
- ↑ a b c d joglosemar.co.id(dipunundhuh tanggal 30 Mei 2011)
Wikimedia Commons duwé médhia ngenani Indonésian drums. |