Sutan Syahrir: Béda antara owahan
c →Cathetan sikil: + kat using AWB |
c →Cathetan sikil: ganti kat using AWB |
||
Larik 58: | Larik 58: | ||
[[Kategori:Mentri Manca Nagara Indonésia]] |
[[Kategori:Mentri Manca Nagara Indonésia]] |
||
[[Kategori:Tokoh saka Padangpanjang]] |
[[Kategori:Tokoh saka Padangpanjang]] |
||
[[Kategori: |
[[Kategori:Lair 1909]] |
Révisi kala 18 Oktober 2016 09.14
Sutan Syahrir | |
| |
Mangsa jabatan 14 November 1945 – 3 Juli 1947 | |
Présidhèn | Soekarno |
Didhisiki déning | Ora ana, jabatan anyar |
Diganti déning | Amir Sjarifoeddin |
Mangsa jabatan 14 November 1945 – 12 Maret 1946 | |
Présidhèn | Soekarno |
Didhisiki déning | R.A.A. Wiranatakusumah |
Diganti déning | Sudarsono |
Mangsa jabatan 14 November 1945 – 3 Juli 1947 | |
Présidhèn | Soekarno |
Didhisiki déning | Achmad Soebardjo |
Diganti déning | Agus Salim |
Miyos | Padangpanjang, Sumatra Kulon, Hindhia Walanda | 5 Maret 1909
Tilar donya | April 9, 1966 Zurich, Swiss | (umur 57)
Kabangsan | Indonésia |
Partai pulitik | PSI |
Garwa | Maria Duchateau Siti Wahyunah |
Profèsi | Pulitikus |
Agami | Islam |
Sutan Syahrir (éjaan biyèn:Soetan Sjahrir) (lair ing Padangpanjang, Sumatra Kulon, 5 Maret 1909 – pati ing Zürich, Swiss, 9 April 1966 ing umur 57 taun) ya iku pulitikus lan perdhana mentri pisanan ing Indonésia.[1] Dhèwèké njabat dadi Perdhana Mentri Indonésia saka 14 November 1945 nganti tekan 20 Juni 1947.[1] Syahrir ngedegaké Parté Sosialis Indonésia ana ing taun 1948.[1] Sutan mati ana ing pangasingan nalika dadi tawanan pulitik lan dikubur ing TMP Kalibata, Jakarta.[1]
Babad slira
Syahrir lair saka pasangan Mohammad Rasad gelar Maharaja Soetan bin Soetan Leman gelar Soetan Palindih lan Puti Siti Rabiah kang asalé saka Koto Gadang, Agam.[2][3] Bapak saka Syahrir njabat dadi penaséhat sultan Deli lan kepala jaksa (landraad) ing Medan.[2] Syahrir seduluran tunggal bapak karo Rohana Kudus, aktivis lan wartawan wadon kang misuwur.[2] Syahrir sekolah ana ing (ELS) lan sekolah menengah (MULO) paling apik ing Kutha Medan, lan mbetaheken kumpul karo wong Walanda lan buku-buku asing lan atusan novèl Walanda.[2] Mbengine Sutan ngamèn ing Hotèl De Boer (saiki Hotèl Natour Dharma Deli), hotèl khusus kanggo tamu-tamu kulit putih.[2]
Akir urip
Taun 1955 PSI gagal ngumpulaké swara jroning pamilihan umum pisanan ing Indonésia. Sawisé kasus PRRI taun 1958[4], gegandhèngan Sutan Syahrir lan Présidhèn Soekarno saya ala nganti akiré PSI dibubaraké taun 1960. Taun 1962 tekan taun 1965, Syahrir dicekel lan dikunjara tanpa diadili nganti nandhang stroke. Sawisé iku Syahrir diidinaké kanggo tetamba menyang Zürich, Swiss, salah sawijining kanca cerak sing tau njabat wakil ketua PSI Sugondo Djojopuspito ngeteraké dhèwèké menyang Papan Anggegana Kemayoran lan Syahrir ngekep Sugondo kanthi luh, lan akiré ninggal ing Swiss nalika tanggal 9 April 1966.
Cathetan sikil
- ↑ a b c d (ing basa Indonésia)nurulfikri.sch.id
- ↑ a b c d e (ing basa Indonésia)www.biografitokohdunia.com
- ↑ www.sutansjahrir.com
- ↑ Robert Cribb, Audrey Kahin Historical Dictionary of Indonésia, Metuchen, N.J.: Scarecrow Press, 1992