Polen: Béda antara owahan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Konten dihapus Konten ditambahkan
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
Polen using AWB
Larik 65: Larik 65:


Propinsi Polen (ing [[Basa Polski|basa Polen]]):
Propinsi Polen (ing [[Basa Polski|basa Polen]]):
* (''Dolnośląskie'') Silasan Asor
* (''Dolnośląskie'') Silesan Asor
* (''Kujawsko-pomorskie'') Kuyav-Pomoran
* (''Kujawsko-pomorskie'') Kuyav-Pomoran
* (''Łódzkie'')
* (''Łódzkie'')
Larik 76: Larik 76:
* (''Podlaskie'') Laski andhap
* (''Podlaskie'') Laski andhap
* (''Pomorskie'')
* (''Pomorskie'')
* (''Śląskie'') Silasan
* (''Śląskie'') Silesan
* (''Świętokrzyskie'')
* (''Świętokrzyskie'')
* (''Warmińsko-mazurskie'')
* (''Warmińsko-mazurskie'')

Révisi kala 14 Sèptèmber 2016 07.24

Républik Polen
Rzeczpospolita Polska
Gendéra Polen Lambang Polen
Motto:Bóg, Honor, Ojczyzna (ora resmi)


Polen ing Uni Éropah


Lokasi: Éropah

Ko'ordinat géografi: 52° 8′ 49" Lor, 19° 22′ 41" Wétan

Basa resmi Polen
Kutha krajan Warsawa (Warszawa)
Presiden Andrzej Duda
Perdana Menteri Beata Szydło
Jembar 312,685 km²
Padunung


 - Cacah (2014)
 - Kapadhetan


38, 485, 779
123/km²

Diadegaké


 - Tanggal

Républik Polen Kaping-II


11 November 1918

Valuta Złoty (PLN)
Zona wektu UTC +2
Lagu kabangsan Mazurek Dąbrowskiego
Domain Internet .pl
Kodhe nagara +48

Républik Polen utawa Républik Polen (Polen: Polska, Rzeczpospolita Polska) iku nagara republik ing Éropah Wétan sing bebatesan karo Jerman ing sisih kulon, Cékia lan Slowak ing sisih kidul, Ruslan (Oblast Kaliningrad) lan Lituania ing sisih wétan uga Belarus sarta Ukraina ing sisih kidul-wétan.

Sajarah

Uga delengen Sajarah Polen

Polen iku nagara ing Éropah-Wétan sing wis diadegaké kurang luwih sèwu taun ing taun 966. Ing taun 1025 Polen dadi keraton lan ing taun 1569 manunggal karo Lituania dadi "Kasaraharjan Polen-Lituania". Nanging taun 1795 kasaraharjan iki rusak lan wong Polen ora nduwé nagara mardika nganti taun 1918, sawisé Perang Donya I.

Pamérangan administratif

Polen miturut administratif dipérang dadi 16 propinsi ('ka-voyevod-an') utawa województwo ing basa Polen. Saben propinsi dicacah manèh dadi pirang powiat (padha karo kabupaten, terus saben powiat dibagi dadi sawetara gmina (kurang luwih ukarané antara kecamatan utawa kalurahan)).

Propinsi Polen (ing basa Polen):

  • (Dolnośląskie) Silesan Asor
  • (Kujawsko-pomorskie) Kuyav-Pomoran
  • (Łódzkie)
  • (Lubelskie)
  • (Lubuskie)
  • (Małopolskie) Polen alit
  • (Mazowieckie)
  • (Opolskie)
  • (Podkarpackie) Karpatia andhap
  • (Podlaskie) Laski andhap
  • (Pomorskie)
  • (Śląskie) Silesan
  • (Świętokrzyskie)
  • (Warmińsko-mazurskie)
  • (Wielkopolskie) Polen ageng
  • (Zachodniopomorskie) Pomoran Kulon

Kutha-kutha

Kraków
Bielsko-Biała
Wieliczka
Artikel utama: Daftar kutha ing Polen

Démografi

Artikel utama Démografi Polen

Sukubangsa sing manggon ing Polen iku mayoritasé suku bangsa Polen sing kalebu bangsa Slav. Nanging uga ana suku bangsa Bélarus, utamané ing saidenging Białystok, suku bangsa Jerman, utamané saindenging Opole. Banjur uga ana sithik wong Ukraina cedhak Przemyśl. Sadurungé Perang Donya II, uga ana komunitas Yahudi sing gedhé ing Polen. Nanging komunitas Yahudi disirnakaké nganti mèh entèk déning wong Nazi Jerman.

Wong Polen umumé agama Katulik, Paus Yokanan Paulus II asalé ya saka Polen. Nanging uga ana sing nganut agama Kristen Ortodhoks, utamané wong Bélarus. Panganut agama Yahudi wis mèh ora ana manèh namung kurang luwih 12.000 jiwa waé. Panganut agama Islam uga ana. Saliyané para migran anyar, uga ana wong Polen keturunan bangsa Tatar sing wis atusan taun manggon ing kéné kaya wong Yahudi. Cacahé umat Muslim kurang luwih ana 30.000 jiwa. Wong Buddha uga ana nanging cacahé panganuté ora patiya akèh; namung kira-kira 5.000 jiwa waé.

Géografi

Polen iku nagara sing datar lan bagéyan saka lemah ngisor Éropah lor. Nanging ing sisih kidul ana pagunungan Beskida lan Karpatia.

Kali sing paling dawa ing Polen iku kali Wisla sing mili ngliwati kutha Warsawa.

Daftar kali ing Polen

Artikel utama: Daftar kali ing Polen

Uga delengen

Galeri

Pranala jaba

 Uni Éropah