Rambutan: Béda antara owahan
éjaan using AWB |
|||
Larik 16: | Larik 16: | ||
| binomial_authority = [[Carolus Linnaeus|L.]] |
| binomial_authority = [[Carolus Linnaeus|L.]] |
||
}} |
}} |
||
'''Rambutan''' |
'''Rambutan''', ''Nephelium lappaceum'' iku wit sing kalebu ing famili [[Sapindaceae]].<ref name="internet1"/> Wohé wit iku uga jenengé rambutan. Rambutan akèh ditemokaké ing tlatah tropis, kayata [[Asia Kidul-Wétan]], [[Asia Kidul]], [[Afrika]] lan [[Amérika Kidul]].<ref name="internet1"/> |
||
Ing [[Indonésia]], rambutan sing misuwur asalé saka [[Sumatra Lor]], utamané saka [[Binjai]] cedhak [[Medan]].<ref name="internet1"/> |
Ing [[Indonésia]], rambutan sing misuwur asalé saka [[Sumatra Lor]], utamané saka [[Binjai]] cedhak [[Medan]].<ref name="internet1"/> |
||
Larik 68: | Larik 68: | ||
[[Kategori:Woh]] |
[[Kategori:Woh]] |
||
[[Kategori:Tetanduran]] |
[[Kategori:Tetanduran]] |
||
[[Kategori:Flora ing |
[[Kategori:Flora ing Indonésia]] |
||
[[Kategori:Flora ing Costa Rica]] |
[[Kategori:Flora ing Costa Rica]] |
Révisi kala 23 Maret 2016 03.15
Rambutan | |
---|---|
Woh rambutan | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Plantae |
Dhivisi: | Magnoliophyta |
Klas: | Magnoliopsida |
Ordho: | Sapindales |
Famili: | Sapindaceae |
Génus: | Nephelium |
Spésies: | N. lappaceum |
Jeneng binomial | |
Nephelium lappaceum L. |
Rambutan, Nephelium lappaceum iku wit sing kalebu ing famili Sapindaceae.[1] Wohé wit iku uga jenengé rambutan. Rambutan akèh ditemokaké ing tlatah tropis, kayata Asia Kidul-Wétan, Asia Kidul, Afrika lan Amérika Kidul.[1]
Ing Indonésia, rambutan sing misuwur asalé saka Sumatra Lor, utamané saka Binjai cedhak Medan.[1] Rambutan(Nephelium sp)kalebu tanduran woh hortikultural.[1] Rambutan nduwèni jeneng liya ing Basa Inggris ya iku Hairy Fruit.[1] Rambutan kalebu woh-wohan asli Indonésia.[1] Nganti saiki rambutan nyebar ing luar laladan kang iklimé tropis, kayata Filipina lan nagara-nagara ing Amérika Latin.[1] Rambutan ditemokaké uga ing laladan kang nduwèni iklim sub-tropis.[1]
Wit rambutan dhuwuré bisa nganti 20 meter lan nduwèni kenopi kang nggrembuyeng.[2] Wit rambutan kalebu wit kang gédhé lan cendhék .[2] Kulit wit lan pangé wernané soklat tuwa lan ana putih-putih cilik ing kulite.[2] Godhong rambutan ambuné rada wangi, godhongé rada lunyu lan nduwèni wulu sithik.[2] Kembang rambutan ana kang diarani kembang lanang lan kembang wédok.[2] Rambutan merlokaké kéwan kaya srangga kanggo penyerbukan.[2] Woh rambutan bentuké bujur utawa lonjong meh bunder lan ukurané kurang luwih 5 cm.[2] Rambutan mateng kurang luwih 100 nganti 130 dina sawisé ngembang.[2]
Nandur
Wit rambutan bisa ditandur nganggo sistem tiga segi sama, empat segi sama utawa sistem sesiku keluang.[2] Jarang nandur wit rambutan ya iku 9 m x 9 m x 9 m.[2] Kanggo nggemburaké lemah bisa dilaksanakaké ing awal mangsa udan.[2] Kanggo wit kang wis tuwa ya iku 3-4 minggu sawisé ngembang.[2] Ing sakupéngé wit rambutan bisa digemburaké lemahé tujuwané kanggo nyuburaké lan hawa kang ngandhut nutrisi bisa mlebu.[2] Pengapuran bisa dilaksenakaké yèn pH tanah kurang saka 4,5.[2] Rambutan bisa diwénéhi pupuk supaya subur. Saliyané pupuk kandhang, pupuk gawéan kang bisa dianggo ya iku campuran Uréa, TSP utawa SP-36, lan KCL, kanthi perbandingan 2:2:1, utawa ditaker 50-250 gram/tanduran.[3] Rambutan dipupuk ping telu saben setaun kanthi jarak wektu patang sasi sepisan.[3] Yèn tanduran wis umur 10 taun kudu dipupuk NPK kang cacahé 500 - 1.000 gr saben wit.[3] Saliyané nganggo cara ''okulasi'', rambutan uga bisa ditengkaraké nganggo wijiné, ananging wohé luwih suwé tinimbang yèn ditengkaraké nganggo cara okulasi.[4]
Jinis
Saka panalitén lan survey ditemokaké ana 22 jinis rambutan.[1] Asalé ana sing saka galur murni lan ana uga kang asil okulasi utawa nggabungaké saka rong jinis galur kang béda.[1] Ciri-ciri kang mbedakaké saben jinis rambutan bisa didelok saka sifaté woh rambutan.[1] Sifat woh rambutan bisa didelok saka daging woh rambutan, akéh sithiké banyu ing woh rambutan, bentuk, werna kulit, lan dawané rambut rambutan.[1] Ana ''varietas'' rambutan kang paling disénéngi lan nilai ''ekonomis'' kang rélatif dhuwur.[1]
Rambutan Rapiah
Rambutan rapiah wohé ora patia akéh nanging buah iki mutuné apik, kulit wohé rupané ijo-kuning-abang ora rata.[1] Rambutan rapiah rambuté arang-arang.[1] Daging woh rambutan rasané legi, kenyal, lan ngelotok.[1] Daging wohé uga kandel lan bisa tahan nganti 6 dina sawisé dipetik.[1]
Rambutan Aceh Lebak bulus
Rambutan iki wité dhuwur lan wohé akeh. Asilé kurang luwih 160-170 gendhel saben wit.[1]Kulit wohé wernané abang, kuning lan alus. Rambutan iki rasané séger legi lan kécut.[1] Rambutan acéh lebak bulus ngandhut akéh banyu lan ngelotok.[1] Wohé bisa awet nganti 4 dina sawisé kapethik, saliyané iku woh rambutan iki uga tahan ing pengangkutan.[1]
Rambutan Cimacan
Rambutan iki wohé akéh.[1] Saben wit kurang luwih 90 nganti 170 iket.[1] Kulité wernané abang rada kuning, ana uga kang abang tuwa.[1] Rambuté kasar lan rada jarang, rasané legi lan banyuné sithik.[1] rambutan Cimacan kurang tahan ing pangangkutan.[1]
Rambutan Binjai
Rambutan jinis iki kalebu rambutan kang paling apik ing Indonésia.[1] Wohé gédhé lan kulité wernané abang tuwa.[1] Rambutan iki rambuté rada kasar lan arang, rasané legi lan rada kecut.[1] Asil wohé ora sakakéh woh acé lebak bulus ananging dagingé nglothok.[1]
Rambutan Sinyonya
Jinis rambutan iki nduwèni woh kang akéh lan disenengi utamané wong Tionghoa.[1] Wit lan pang-pangé kang kuwat pas yèn diokulasi.[1] Rambutan iki werna kulité abang tuwa nganti abang anggur lan nduwèni rambut alus lan kerep utawa rapet.[1] Wohe rasané legi rada kecut, akéh banyuné lan ''empuk''.[1] Rambutan sinyonya kalebu rambutan kang ora nglothok.[1]
Kebak Ing Guna
Rambutan dibudidayakaké lan dimanfaatké wohé.[4] Woh rambutan ngandhut gizi, zat tepung, zat énzim-énzim kang ''esensial'' lan ''nonesensial'', vitamin, zat mineral makro, mikro kang nyèhataké.[4] Ana uga kang ndadekake wit rambutan dadi wit kanggo ayom-ayom ing pekarangan omah lan dadi tanduran hias.[4] Rambutan ngandhut vitamin C saengga rambutan uga kena kanggo tamba sariawan.[4] Saliyane iku rambutan uga kena kanggo tamba lara demam lan kencing manis.[4]
Sentra Tanduran
Ing Indonésia kang dadi sentra tanduran rambutan ya iku ing Pulo Jawa khususé ing Bekasi, Kuningan, Malang, Probolinggo, Lumajang lan ing Garut.[5]
Chatetan suku
- ↑ a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w x y z aa ab ac ad ae af ag ah ai (ing basa Indonésia)warintek.ristek.go.id(dipunundhuh tanggal 1 Mei 2011)
- ↑ a b c d e f g h i j k l m n (ing basa Indonésia)deptan.go.id(dipunundhuh tanggal 1 Mei 2011)
- ↑ a b c (ing basa Indonésia)proseanet.org(dipunundhuh tanggal 1 Mei 2011)
- ↑ a b c d e f (ing basa Indonésia)deptan.go.id(dipunundhuh tanggal 1 mei 2011)
- ↑ (ing basa Indonésia)trubus-online.co.id(dipunundhuh tanggal 1 Mei 2011)
Pranala njaba
Galeri Rambutan
-
rambutan digendheli
-
woh rambutan
-
rambutan disigar
-
rambutan binjai
-
léci hawai
-
rambutan
-
daging rambutan
-
isi rambutan
-
godhong rambutan