Minarèt ing Jam

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Minaret Of Jam
Menara dan Sisa Arkéologi Jam
Minaret of jam 2009 ghor.jpg
Situs Warisan Donya UNESCO
Pernah Afganistan Edit this on Wikidata
Paugeran ii, iii, iv.[1]
Rujukan 211
Koordhinat 34°23′47″N 64°30′57″E / 34.396386°N 64.515888°E / 34.396386; 64.515888
Prasasti 2002 (Sèsi ke-27)
Ing Bebaya 2002– (2002–)

Minarèt ing Jam utawi Situs Menara Jam Afganistan (utawi asring kasebat Situs Jam kemawon) inggih punika salah sawijining yasan jam kuna ingkang wonten ing Afganistan. Bangunan punika madeg sewidak lima mèter[2] wonten sawijining lembah ingkang kasar wonten ing persimpangan saking Hari lan kali Jam, udakara satus kilomèter sisih wétan Herat. Dipunbangun déning Sultan Ghurid Ghiyath al-Din Muhammad bin Sam (1163-1203). Pamanggih sanèsipun déning Pinder-Wilson lan Sourdel-Thomine mratelakaken bilih taun madeging yasan punika inggih ing antawisipun 1194-1195 lan 1174-1175. Menara punika dipunyasa piyambak minangka méngeti penaklukan Ghurid dari Ghazna wontening taun 1173. Sisa-sisa permukiman ing sisih lèr Hari lan bukit ing sakanan keringipun sarta fragmen tembikar ingkang dipunkempalaken wonten ing tlatah kasebat nedahaken bilih situs sagd dados kutha krajan Ghurid ingkang sampun ical, Firuzkuh, ingkang dipunrisak kaliyan Genghis Khan wontening taun 1222. Sisa sawijining bètèng utawi puri katingal ing pucukipun bukit ing sisih wétan menara.[3]

Sedaya situs jam punika kadamel saking bata, menara punika kapérang saking wujud silindris ingkang ambanipun 7 mèter ing dhasar segi wolu. Wonten kalih andha spiral, dipunaksés saking lawang tunggal ing sanginggilipun siti, sasanesipun nyawisaken aksés kakalih balkon wonten ing nginggilipun batang ngandhap lan tengah-tengah ngantos dumugi batang nginggil, tumuju enem ruang berkubah.[4]

Kalih menara saking menara poros gadah rubeda saking strukturalipun. Batang ngandhap ingkang amba kadamel saking tembok kandel ngupengi kalih andha spiral ing pusat, minggah ing kadhuwuran tigang dasa wolu mèter, kanthi diameter éksterior kirang saking 9,7 mèter ing dhasar lan 6 mèter ing nginggil. Batang nginggil ingkang ciyut, suwalikipun, gadhah void pusat mbentang kaliyan enem kubah 'cross ngaso ing patang penopang internal. Andha wonten mriki dipunsaluraken wonten ing salebeting ruang ciyut ing antawisipun témbok lan penopang.

Dékorasi kaya menara, sapérangan ageng bertahan lsn dipunanalisis ksnthi detail déning Sourdel-Thomine. Poros nginggil fituripun tigang pita (band) epigrafi – satunggal ing ngandhap lan kalih ing ngandhapipun balkon urut kalih – ingkang ngandhut syahadat kasebat, Al-Quran ayat-ayat saking salebeting Surah al-Saff lan nama Ghiyath al-Din, piyambak-piyambak. kalih band andhap dipunpisahaken kanthi band dékoratif kandel ingkang nedahaken motip vas simbolis kapanggih wonten ing puraGhazna saking Mas’ud III lan koin ingkang dipunterbitaken wonten ing Firuzkuh.[5]

Poros ngandhap dipuntutupi sadayanipun kaliyan wolung panel ubin vértikal ingkang nuju ing sawijining band épigrafi kandel ing ngandhapipun balkon kapisan. Saben panel wonten ing mriki wujud fituripun geometris dipunbingkai kanthi tulisan Kufi kontinu lan dipunisi kanthi jalinan pola-pola géometris. Motif Kepang ing panel mujur wétan lan ngilen, ingkang mratandhani lawang mlebetipun ingkang asli lan arah kéblat, dipunbentenaken kanthi pangginaan lintang ingkang pucukipun wonten wolu.[5]

Prasasti ingkang asipat péngetan ing sanginggiling panel kalebet nama kaliyan judhul pengetan saking Ghiyath al-Din, dipunserat wonten ing salebeting skrip Kufi ingkang wonten ukiran kembang dipunsorot kaliyan pirus ubin.

Bab punika dipunbingkai kanthi band-band saking manéka warni genteng amba, kalebet sapérangan bunderan lan roundels dipunjangkepi kaliyan sisipan kembang. sawijining seratan kursif, dipunpanggenaken wonten ing tengah nginggilipun panel wétan, maringaken nama arsiték, Ali bin Ibrahim dari Nisyapur. Fragmén ingkang sisa saking band epigrafi kagangsaling dhasar nedahaken menara punika inggih kalebet judhul saking sultan Ghurid wonten ing skrip Kufi kusut.[6]

Pemantapan upaya kanggé Menara Jam dipunwiwiti wonten ing taun 1960 nyusul survei ingkang dipuntindhakaken déning Instituto Italiano per il Media ed Estremo Oriente (ISMEO) ingkang paring penget bilih karisakan ingkang dipunsebabaken kaliyan érosi siti ing dhasar menara. Sawijing bendungan sementara dipunyasa ngnagge watu lan kayu ing 1963-1964, lan dipundhereki kanthi pambangunan tembok bronjong déning UNESCO wonten ing taun 1978. Upaya nglestarékaken dipunmandegaken kaliyan perang sipil malih wonten ing taun 1999 lan wonten ing taun 2001 kanthi pambangunan tembok tambahan lan gabions wonten ing sadawaning kali Jam lan Hari.[7]

Menara lan ugi situs arkéologi ing sakanan keringipun sampun dipun-gantos ing salebeting pratélan Situs Warisan Donya UNESCO ing bebaya taun 2002. Penggalian ilégal wiwit taun 2001 sampun mbahayakaken integritas historis saking situs arkéologi.[7]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

Bahan Waosan[besut | besut sumber]