Miftachul Akhyar
Praèn
Miftachul Akhyar (cara Arab: مفتاح الاخيار ; miyos ing Surabaya, 30 Juni 1953) punika satunggaling ngulama ingkang mengku kalenggahan minangka Rais 'Aam Pengurus Besar Nahdlatul Ulama (PBNU) wiwit taun 2018. Panjenenganipun naté kadhapuk minangka Pangarsa Umum Majelis Ulama Indonesia (MUI) wiwit taun 2020, nunten ing taun 2022 mundur saking kalenggahan punika jalaran boten kersa manawi rangkep kalenggahan. Kajawi punika, panjenenganipun ugi mangarsani Pondhok Pasantrèn Miftachus Sunnah, Surabaya.[1][2]
Ing Muktamar ka-35 Nahdlatul Ulama taun 2026, panjenenganipun piniji minangka Rais Aam PBNU kanggé mangsa kalenggahan 2026-2031 lumantar panetepan AHWA.[3]
Réferènsi
[besut | besut sumber]- ↑ "Mengenal Rais Aam PBNU KH Miftachul Akhyar". NU Online (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2026-08-31.
- ↑ Hawari, Hanif. "Profil KH Miftachul Akhyar, Rais Aam PBNU 2026-2031". detikhikmah (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2026-09-24.
- ↑ Janaloka, Redaktur (2026-08-30). "Hasil Muktamar NU: Menetap KH Miftachul Akhyar Rais Aam PBNU 2026-2031". Janalokajournal.id (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2026-08-31.