Michelle Dockery
Praèn

Michelle Suzanne Dockery (lair 15 Dhésèmber 1981) iku aktris lan penyanyi saha pangripta lagu Inggris. Dhèwèké kawentar olèhé maragakaké Lady Mary Crawley ing acara ITV Downton Abbey (2010–2015). Déné paraga iku dhèwèké dinominasèkaké kanggo bebungah Golden Globe Award lan telung Primetime Emmy Awards tinurutan sajeroné kategori aktris pokok ing sajeroné sérial drama.
Dhèwèké mbalèni paragané ing film kelir amba Downton Abbey (2019), Downton Abbey: A New Era (2022), lan Downton Abbey: The Grand Finale (2025).