Mekanika fluida

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Mekanika fluida

Mèkanika fliuda inggih punika disiplin ngèlmu saking babagan mèkanika térapan ingkang ngaji prilaku saking zat-zat cair, lan gas ing kaanan mèndèl utawi gérak. Babagan mèkanika punika sampun gamblang nyangkup pinén-pintén prékawis ingkang bervariasi, wiwit saking kajian babagan alitan darah ing saluran-saluran kapilèr ngantos kajian aliran lénga méntah ingkang ngélampahi Alaska ngélangkungi pipa diamètérè namung 4 feet.[1](dipununduh Tanggal 2 Oktober 2012). Fluida inggih punika zat ingkang saged ngalir saéngga ingkang kalébét fluida inggih punika cair lan gas.[2] Prinsip téyori mèkanika fluida dipunpérlukakén kanggé jélèntréhakè punapa pésawat térbang ingkang wujudipun stremline kaliyan pérmukaanipu mulus kanggé èfisiènsi penerbangan ingkang langkung saé. Téyori mèkanika fluida gégayutan kaliyan fluida. Fluida punika saged dipuntégésakén dados zat cair. Nanging ing kasunyatanipun botné sédaya zat cair saged dipunkatégorikan dados fluida, kanthi mirunggan fluida dipunartosakén dados zat ingkang dèformasi terus-menerus manawi taksih dipunpengaruhi tégangan gésér. Sebuah tégangan gésér ingkang wujudipun manawi gaya tangensial mérdamél ing lumah.[3](dipununduh Tanggal 2 Oktober 2012).

Jinising Fluida[besut | besut sumber]

Fluida dipunbènténakén dados kalih jénis, inggih punika fluida gérak utawi dinamika fluida, lan fluida botén gérak utawi statika fluida. Dipuntingali saking jénis zatnya, fluida saged dibénténakè dados zat cair lan gas. Gas lan cuwèran dipunbénténakén amérgi gaya kohèsinipun ingkang berlainan. Cairan gadhah molèkul-molèkul ingkang gégayutan kaliya gaya kohèsi ingkang rèlatif kiat, manawi molèkul gas kasusun kanthi arang ntawis satuggal kaliyan sanèsipun, sérta gégayutan kaliyan gaya kohèsi igkang saged diabaikan. Cairan céndérung mempertahanake wujud ingkang jumbuh kaliyan wujud wadahipun, nanging gas bébas berekspansi ngantos ing dinding padat. Bénténipun ugi cuwèran manawi mlébét ing salébéting béjana ingkang kabuka lan ing ngandap péngaruh gravitasi cuwèran bakalan wujud lumah bébas. Bntén malih kaliyan gas ingkang botén saged wujud lumah bébas nanging saged wujud atmosfer.[3]

Asumsi Dasar[besut | besut sumber]

Kadasta model matematika ing limrahipun, mekanika fluida damel pinten-pinten asumsi dhasar ingkang gegayutan kaliyan studi ingkang dipunlampahi. Asumsi-asumsi punika salajengipun dipunterjemahaken ing salebeting persamaan-persamaan matematis ingkang kedah dipunjangkepi manawi asumsi-asumsi ingkang sampun dipunlampahi.

Mekanika fluida engasumsiaken manawi sadaya fluida dherek:

Limrahipun, badhé langkung mupangat (lan realistis) manawi dipunasumsiaken suatu fluida ingkang asifat inkompresibel. tegesé inggih punika densitas saking fluida boten kaubah ingkang dipunparingi tekanan. Cairan limrahipun saged dimodelaken dados fluida inkompresibel nanging sadaya gas boten saged.

sanèsipun punika, limrahipun viskositas saking suatu fluida saged dipunasumsiaken aji nol (fluida boten viskos). Nanging gas ugi saged dipunasumsiaken asifat boten viskos. manawi fluida asifat viskos lan aliranipun dipuntampung ing suatu cara (kados ta ing pipa), mila aliran ing wates sistemipun gadhah kecepatan nol. kanggé fluida ingkang viskos, mila wates sistemipun boten berpori, mila gaya geser antawis fluida kaliyan wates sistem badhé maringi resultan kecepatan nol ing wates fluida.

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. Hukum Termodinamika
  2. Kanginan,marthen.FISIKA untuk SMA Kelas XI.Erlangga.Jakarta.(2006:227)
  3. a b Mekanika Fluida
Wikibooks
Wikibooks

[[