Mawas
Praèn
Ing filsafat lan psikologi, mawas yaiku upalabi (persepsi) utawa kawruh marang sawijiné barang utawa kahanan.[1] Gagasan iki asring dipadhakaké karo udahani (kasadaran).[2] Nanging, wong bisa mawas tanpa kudu ngudahani, tuladhané ing wong-wong sing kaconggah wuta waskitha (blindsight).[1]
Kahanan mawas uga ana gandhèng kuncané karo pangalaman, saengga apa-apa sing dimawasi sadalan karo apa-apa sing dialami.[3]
- 1 2 "awareness". APA Dictionary of Psychology. American Psychological Association. Dibukak ing 17 May 2024.
- ↑ Hussain, Amir; Aleksander, Igor; Smith, Leslie; Barros, Allan; Chrisley, Ron; Cutsuridis, Vassilis (2009). Brain Inspired Cognitive Systems 2008. New York: Springer Science+Business Media. kc. 298. ISBN 978-0-387-79099-2.
- ↑ Chalmers, David (1997). The Conscious Mind: In Search of a Fundamental Theory. Oxford: Oxford University Press. kc. 225. ISBN 978-0-19-510553-7.