Masjid ad-Darajat Babadan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Menyang navigasi Menyang panggolèkan
Masjid ad-Darajat Babadan
Pathoknegara Babadan Addarojat (East) Pj DSC 1718.jpg
Informasi umum
Prenah Indonesia
Afiliasi agamaIslam
NagaraIndonésia
ProvinsiDhaérah Istiméwa Yogyakarta
DaerahBabadan, Gedhongkuning, Banguntapan, Bantul
StatusDigunakaké
StatusAktif
Deskripsi arsitektur
Jinis arsitèkturMasjid
Yasa pratama simbulis1774
Kuburan kang ana ing sisih kulon Masjid ad-Darajat Babadan

Masjid ad-Darajat Babadan ya iku salah sawijining Masjid Pathok Nagara ing Ngayogyakarta kang diyasa taun 1774 déning Sri Sultan Hamengkubuwana I. Masjid ad-Darajat mapan ana ing Babadan, Gedhongkuning, Banguntapan, Bantul. Masjid iki dibangun ana ing lemah Sultan Groud lan masjid duwé amba 120 mèter persegi. Masjid ad-Darajat Babadan tau dipindah nalika jaman Jepang lan dibangun manèh. Ing masjid-masjid Pathok Nagara biyasané ana kuburan ing njaba masjid. Ing Masjid ad-Darajat uga ana kuburan kang ana ing sisih kulon masjid.[1][2]

Paninggalan saka wangunan Masjid ad-Darajat kang isih dilestarékaké ya iku mustaka masjid, toponimi utawa tapak lan kuburan kang ana ing sisih kulon masjid. Kuburan kang ana ing sandhing masjid biyasané dadi ciri khas Masjid Pathok Nagara amarga ing saben Masjid Pathok Nagara mesti ana kuburan ing sandhingé. Masjid ad-Darajat Babadan kang isih kokoh ing Babadan, Banguntapan, Bantul kuwi ya iku masjid kang wis dibangun manèh kanthi restu Sri Sultan Hamengkubuwana IX taun 1960 amarga sadurungé kuwi masjid tau digusur déning pamaréntah Jepang menyang Kentungan, Sléman.[3] Tekan saiki masjid isih digunakaké kanggo salat para warga Babadan lan para warga dusun liyané, salat Jemuwah, lan kanggo kagiyatan-kagiyatan masjid liya. Masjid ad-Darajat Babadan uga rutin nglakokaké tradhisi taunan, ya iku tradhisi nyadran ing sasi Ruwah.[4]

Sajarah[besut | besut sumber]

Masjid ad-Darajat Babadan dibangun taun 1774. Taun 1943, nalika Jepang isih ana ing nagara Indonésia, Masjid ad-Darajat lan para warga Babadan pindah menyang Désa Babadan kang ana ing Dalan Kaliurang, Kentungan, Sléman lan dhaérah kuwi kasebut Babadan Anyar. Masjid ad-Darajat lan para warga dipindah déning pamaréntah Jepang saka Babadan amarga ing Babadan, pangkalan pesawat mabur ing kana diambakaké lan didadékaké gudhang kanggo nyimpen gegaman para prajurit Jepang. Amarga kuwi mau, dhaérah Babadan kang kondhang dadi dhaérah santri dadi mati suri amarga dipindah saka dhaérah Babadan lan Masjid Pathok Nagara liyané dadi ora kaurus. Nalika para warga Babadan lan Masjid ad-Darajat Babadan dipindah déning Jepang, ana para warga kang isih ana ing Babadan lan ora mèlu pindah menyang Babadan, Kentungan. Masjid ad-Darajat kang mauné wis dipindah menyang Babadan, Kentungan lan wis ditinggal warga pindah, mung turah tèmbok lan pondhasiné waé. Isi-isi masjid uga wis mèlu dipindah nalika para warga pindah menyang Babadan, Kentungan. Saliyané kuwi, Masjid ad-Darajat kang wis dipindah ing Désa Babadan, Kentungan dibangun manèh ing papan lawas ing Babadan, Bantul sawisé Jepang kalah marang sekutu.[5][1]

Taun 1950, wis mulai akèh wong kang teka lan dhèwèké kabèh padha duwé omah ing Babadan, Bantul. Taun 1960, Muthohar, salah sawijining warga Babadan duwé usulan kanggo bangun manèh mMasjid ad-Darajat kang dadi paninggalané Sri Sultan Hamengkubuwana I. Masjid dibangun manèh nalika Kutha Ngayogyakarta dipimpin déning Sri Sultan Hamengkubuwana IX. Jeneng Masjid ad-Darajat dijupuk saka jenengé Ngarsa Dalem Sri Sultan Hamengkubuwana IX, ya iku "Ndara Jatun" amarga Sri Sultan Hamengkubuwana IX mènèhi ijin lan dukungan kanggo para warga supaya masjid dibangun manèh. Bentuk wangunan masjid kang dibangun béda karo bentuk sadurungé, nanging bentuk khas masjid kraton isih ana ing Masjid ad-Darajat Babadan.[1]

Arsitèktur[besut | besut sumber]

Bentuk arsitèktur Masjid ad-Darajat umumé padha karo arsitèktur Masjid Pathok Nagara liyané lan padha karo arsitèktur Masjid Gedhé Kauman.[3] Umumé, arsitèktur lan bentuk saka masjid-masjid pathok nagara ora béda adoh nalika didelok saka disain lan saka guru kang nyangga masjid. Dénah masjid bentuk bujur sangkar utawa kotak, ana mimbar kanggo khotbah ing njero masjid, bedhug, papan pawestrèn kanggo salat para jamaah putri, lan serambi masjid. Ing njaba masjid uga ana kolam kang ngubengi masjid. Biyasané, kolam kang ngubengi masjid digunakaké para jamaah sadurungé mlebu masjid kanggo papan bersuci. Sadurungé mlebu masjid, biyasané para jamaah bisa nyelupaké sikilé ing kolam kuwi mau. Ing njero masjid uga ana papan khusus kanggo salat raja.[3] Amarga masjid tau dipindah menyang Dusun Babadan ing Kentungan, ana bentuk masjid kang béda karo sadurungé. Nanging, sanajan bentuké ana kang béda, pembangunan Masjid ad-Darajat Babadan tetep nglestarèkaké ciri khas masjid pathok nagara, ya iku mustaka masjid tetep dipasang. Mustaka Masjid ad-Darajat Babadan nalika pindahan menyang Kentungan isih disimpen lan dirumat karebèn bentuké isih tetep apik lan bisa dianggo manèh nalika masjid dibangun manèh. Nanging, mustaka asli kang kagawé saka bahan lempung ora dipasang manèh. Mustaka kang dipasang ana ing dhuwur masjid ya iku mustaka kang kagawé saka bahan kuningan. Mustaka asli kang kagawé saka bahan lempung disimpen ana ing masjid tekan saiki amarga mustaka kuwi dadi paninggalan masjid sadurungé. Nalika masjid dibangun manèh, bentuk wangunan utama masjid digawé kaya sadurungé, ya iku bentuk wangunan joglo kang kagawé saka kayu jati asli. Wangunan joglo dibangun nganggo papat saka guru dhuwuré 7 mèter saben saka guru lan nganggo konstruksi tajug.[5]

Pembangunan[besut | besut sumber]

Taun 1960an, Masjid ad-Darajat dibangun manèh ing papan lawas, ya iku ing Banguntapan, Bantul lan bentuké isih semi permanèn. Taun 1988, masjid didandani lan dibangun manèh nganggo duwit dana saka pamaréntah lan dana kang dilumpukaké déning para warga masarakat. Taun 1992, sawisé dana dilumpukaké banjur wangunan induk masjid dibongkar lan mulai gawé wangunan kang bentuké joglo kaya bentuk masjid sadurungé. Setaun sawisé, ya iku taun 1993, papan utama utawa wangunan induk masjid rampung dibangun, ya iku ana serambi ngarep lan pager kanggo mlebu lingkungan masjid. Taun 2001, papan kanggo wudhu lan wc rampung dibangun. Taun 2003, mustaka masjid kang kagawé saka kuningan dipasang ana ing dhuwur masjid. Mustaka masjid dadi ciri khas masjid pathok nagara.[1] Pembangunan Masjid ad-Darajat ing Babadan iki gawa dampak menyang para warga Babadan. Para warga dadi cedak karo ajaran-ajaran agama Islam. Saliyané kuwi, ana manéka warna utawa ragam pikiran saka para warga Babadan amarga ana Masjid ad-Darajat. Para warga Babadan dadi mangertèni pentingé toleransi karo warga kang duwé agama lan kapercayan kang béda. Rasa toléransi kang tuwuh ing para warga Babadan bisa dadi conto kanggo kauripan para warga masarakat ing njaba Babadan, khususé ing babagan urip ing masarakat amarga masarakat kang ana ing lingkungan béda-béda latar wuriné. Saliyané kuwi, para warga dadi bisa ngurmati pandangan masarakat Islam kang béda-béda nalika nglakokaké syariat-syariat agama Islam. Rasa toléransi kuwi mau wis ana kawit suwi lan katon banget nalika mlebu mangsa pasa, apa manèh nalika nglakokaké salat tarawèh. Saliyané kuwi, anané pembangunan Masjid ad-Darajat ing Babadan bisa ndadèkaké para warga Babadan dadi luwih religius lan agamis.[6]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. a b c d Hamzah, Slamet; dkk (2007). Masjid Bersejarah Provinsi daerah Istimewa Yogyakarta. Yogyakarta: Kantor Wilayah Departemen Agama Provinsi Daerah Istimewa Yogyakarta.
  2. "3 Masjid Keraton Mataram". Republika Online (ing basa Indonesia). 2017-04-10. Dibukak ing 2020-06-01.
  3. a b c Darmawan, Iwan (2019-07-16). "Model Peningkatan Tata Lingkungan Masjid Cagar Budaya Sebagai Penguat Indentitas dan Citra Kawasan". Jurnal Arsitektur dan Perencanaan. 2(1): 44–61.
  4. "Tiadakan Nyadran, Masjid Pathok Negara Ad Darojat Babadan Imbau Bersedekah". suara.com (ing basa Indonesia). 2020-04-08. Dibukak ing 2020-06-02.
  5. a b "Masjid Pathok Negara Sebagai Pilar Kasultanan Yogyakarta". www.kratonjogja.id (ing basa Inggris). Dibukak ing 2020-06-01.
  6. Abror, Indal. "Aktualisasi Nilai-nilai Budaya Masjid Pathok Negoro". Esensia. 17(1): 63–79.