Masjid Pathok Nagara Mlangi

Masjid Pathok Nagara Mlangi (Carakan: ꦩꦱ꧀ꦗꦶꦢ꧀ꦥꦛꦺꦴꦏ꧀ꦤꦒꦫꦩ꧀ꦭꦔꦶ) ya iku salah siji saka patang Masjid Pathok Nagara Kasultanan Ngayogyakarta kang ngubengi wewengkon kasultanan.[1] Masjid iki mapan ana ing Dhusun Mlangi, Nagatirta, Kapanéwon Gamping, Slèman.[2] Masjid Pathok Nagara iki ora mung kanggo papan ibadah lan panyebaran agama Islam, nanging uga nduwèni fungsi dadi cagaking nagara, wates wewengkon, lan pertahanan rakyat. Masjid Pathok Nagara Mlangi iki dadi bangunan masjid kapisan saka patang Masjid Pathok Nagara liyané.[3]

Sajarah
[besut | besut sumber]Jeneng Mlangi dijupuk saka tembung 'mulangi' kang tegesé mulang utawa ngajar. Jeneng kuwi dijupuk saka pangarep-arep Kyai Nur Iman kanggo ngembangaké ajaran Islam wiwit dhèwèké isih nom. Nanging, Kyai Nur Iman ora nginceng tahta dadi raja ing Karaton Ngayogyakarta.[3]
Masjid iki didadèkaké salah sawijining masjid pathok nagara wiwit taun 1758 nalika Perang Dipanegara. Wewengkon masjid iki kanggo markas rembugan nyiapaké strategi perang.[1]
Ing taun 1985, masyarakat ngreksa Masjid Pathok Nagara Mlangi dadi wangunan masjid kang duwèni arsitèktur modèren. Nanging, renovasi kuwi ngilangaké ciri khas saka Masjid Pathok Nagara.[3]
Rujukan
[besut | besut sumber]- 1 2 "Rekonstruksi Masjid Pathok Negara Mlangi di Tahun 2012". budaya.jogjaprov.go.id (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2025-05-16.
- ↑ Masjid Bersejarah Provinsi Daerah Istimewa Yogyakarta. Yogyakarta: Sholahuddin Offset. 2007.
{{cite book}}:|first=missing|last=(pitulung) - 1 2 3 "Masjid Pathok Negoro Mlangi – Wisata Budayaku, Istimewa Jogjaku!" (ing basa Indonesia). 2020-01-23. Dibukak ing 2025-05-16.