Masakan Kadhaton Dinasti Joseon

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Masakan Kadhaton Dinasti Joseon
Hangul조선왕조 궁중요리
Hanja朝鮮王朝 宮中料理
Alihaksara Koréa Kang SinampurnaJoseon Wangjo Gungjung yori
McCune–ReischauerChosŏn Wangcho Gungchung yori

Masakan Kadhaton Dinasti Joseon utawi Joseon Wangjo Gungjung Yori inggih punika kulinèr tradhisional ingkang dipunkonsumsi déning kulawarga astana Dinasti Joseon, karajan ingkang mimpin Koréa saking taun 13921910. Kondhangipun kulinèr punika inggil malih nalika pungkasan abad punika. Wonten 12 jinis dhaharan ingkang dipunsajèkaken kaliyan sekul lan sop. Sapérangan ageng masakan punika dipunsajèkaken wonten ing piranti mirunggan ingkang kadamel saking metal perunggu (bangjja). Set masakan, sekul, lan sop dipunwastani sura sarta padatanipun lauk paukipun dipundamel kategori kados wonten ing ngandhap punika :

Mangkok utama[besut | besut sumber]

Sura[besut | besut sumber]

goldongban utawi bibimbap khas astana.

Sura (수라) inggih punika semangkok sekul lan wiji-wijian. Kalih jinis sura ingkang kedah wonten inggih punika sura putih lan abrit.

  • Sura putih (흰수라): beras ingkang dipunmasak tanpa dipuntambah bahan menapa kemawon.
  • Sura merah (홍반): beras ingkang dipunmasak mawi godhogan toya kacang abrit. Kacang abrit punika boten kalebet ing sura.
  • Sura lima biji-bijian (오곡수라): kadamel saking campuran beras putih, beras legi, beras pulen, beras milet, lan kacang abrit.
  • Goldongban (골동반): sekul ingkang dipuncampur kaliyan janganan ingkang dipunkukus, daging sapi panggang, lan tigan ingkang dipundadar. Goldongban punika bibimbap astana [1].

Juk, mi-eum lan eun-gi[besut | besut sumber]

Juk (죽), mi-eum (미음), lan eun-gi (응이) punika kados bubur lan limrahipun dipunsajèkaken nalika wayah énjing.

  • Omija eun-gi (오미자응이): bubur bubur saking tuwuhan omija.
  • Sok mi-eum (속미음): bubur ingkang dipundamel saking beras legi, jojoba abrit, oyot ginseng, lan Hwang Oyul.
  • Jatjuk (잣죽): beras ingkang dipunmasak kaliyan kacang cemara ingkang dipundamel alus.
  • Haengin-juk (행인죽) : beras ingkang dipunmasak kaliyan wiji aprikot ingkang dipundamel alus.
  • Tarak-juk (타락죽): beras ingkang dipunmasak kaliyan susu.
  • Jangguk-juk (장국죽): godhogan daging sapi cincang kaliyan jamur shiitake.

Guksu[besut | besut sumber]

Guksu utawi myeon punika jinisingmie ingkang dipundamel saking glepung gandum utawi buckwheat.

  • Myeon-shinseollo: Guksu ingkang dipunsajèkaken kaliyan duduh kaldu sapi dipuntambah kaliyan paeju, peterseli Jepang lan bung.
  • On-myeon: Guksu ingkang dipunsajèkaken kaliyan kaldu sapi dipuntambah tigan dadar lan daging sapi panggang.
  • Nan-myeon: Guksu saking glepung gandum ingkang dipunsajèkaken kaliyan kaldu sapi.
  • Domi-myeon: Guksu ingkang dipunsajèkakan kaliyan campuran daging ikan srengéngé angsang biru,tigan dadar, wiji ginkgo, kacang kenari, bola daging goreng lan kacang cemara ing duduh kaldu sapi.

Mandu lan ddeokguk[besut | besut sumber]

Mandu punika jiaozi ingkang dipungodhog utawi dipun-dang (dipunkukus), Bahan kulit mandu punika kadamel saking glepung gandum lajeng dipunsajèkaken kaliyan manéka isi sanès. Tteokguk punika sop kué beras (ddeok)[2].

Hidangan utama[besut | besut sumber]

Tang[besut | besut sumber]

Tang utawi guk punika jinising sup ingkang dipundamel saking godhogan balung garing, usus, lan balung sikil sapi.

  • Malgeun-guk: sup anget lan bening, jinis punika kalebet sup lobak, sup daing sapi, sup miyeok (ganggang laut;Jepang=wakame), sup jamur song-i (jamur cemara matsutake), sup ulam pollock lan sanèsipun.
  • Gom-guk
  • Naeng-guk

Jochi lan gamjeong[besut | besut sumber]

Jochi punika jinis masakan ingkang dipungodhog lan kondhang kanthi nama jjigae. Jjigae ingkang dipunparingi bumbu gochujang dipunsebat gamjeong. Bahan kanggé isi jochi padatanipun dhaharan sagara : Variasi:

  • Gamjeong kepiting.
  • Gamjeong ketimun.
  • Jochi tiram.
  • Jochi zucchini.
  • Jochi ikan, dan sebagainya.

Jjim lan seon[besut | besut sumber]

Baechuseon.

Jjim punika godhogan daging-dagingan kaliyan janganan. Seon punika godhogan daging-dagingan kaliyan janganan lan tahu. Variasi :

  • Jjim ulam kembung fugu.
  • Jjim chamdeom (ulam kakap abrit).
  • JJim ddeok.
  • JJim buntut sapi.
  • Seon tahu.

Ugi pirsani[besut | besut sumber]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. Gaya Makanan era Kerajaan Korea Archived 2013-03-10 at the Wayback Machine., (dipunakses tanggal 2 Maret 2013)
  2. Mandu[pranala mati permanèn], (dipunakses tanggal 2 Maret 2013)

Pranala njawi[besut | besut sumber]