Menyang kontèn

Manggis, Leksana, Wanasaba

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Manggis
Désa
Nagara Indonésia
ProvinsiJawa Tengah
KabupatènWanasaba
KacamatanLeksana
Pamaréntahan
  Lurah désa-
Pepadhet-

Manggis iku salah siji désa ing Kacamatan Leksana (Leksono), Kabupatèn Wanasaba, Provinsi Jawa Tengah, Indonésia.[1] Desa iki manggon ing sisih lor Kecamatan Leksono, adohé kira-kira 8 km saka pusat kecamatan lan 11 km saka kutha Wonosobo menyang arah kulon. Desa Manggis misuwur minangka produsen salak pondoh ing Kabupaten Wonosobo. Kajaba iku, desa iki uga duwé stadion lan lapangan paling gedhé ing Wonosobo, yaiku Stadion Tanggul Asih.

Desa Manggis ana ing dhuwur 815 nganti 880 meter saka permukaan laut (mdpl), saengga hawane adhem kanthi suhu rata-rata 23°C lan curah udan nganti 2500 mm saben taun. Ambane désa iki 332.424 m² kanthi wujud lemahé perbukitan, ndadèkaké jarak antarané papat dhusuné rada adoh. Saben dhusun manggon ing bukit sing béda-béda, mènèhi pemandangan alam sing apik banget nalika lelungan saka siji dhusun menyang dhusun liyané.[2]

Desa iki dienggoni 2.757 jiwa sing kapérang dadi 766 kepala keluarga. Akèh-akèhé warga padha dadi petani (408 wong), banjur ana sing nyambut gawé ing home industry (97 wong), tukang kayu/batu (67 wong), buruh tani (50 wong), pedagang (37 wong), PNS (15 wong), pensiunan (5 wong), lan liyané nyambut gawé serabutan.[3]

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. "Kode dan Data Wilayah Administrasi Pemerintahan (Permendagri No.56-2015) - Kementerian Dalam Negeri - Republik Indonesia". www.kemendagri.go.id (ing basa Indonesia). Diarsip saka sing asli ing 2017-04-29. Dibukak ing 2017-10-31.
  2. Setiyadi, Isrom (30 Desember 2023). "SEJARAH DESA MANGGIS". {{cite web}}: Check date values in: |date= (pitulung)[pranala mati permanèn]
  3. Setiyadi, Isrom (30 Desember 2023). "Sejarah Desa Manggis". {{cite web}}: Check date values in: |date= (pitulung)[pranala mati permanèn]

Uga delengen

[besut | besut sumber]

Pranala njaba

[besut | besut sumber]