Malih sandi (pangelingan)
Praèn
Pangelingan bisa nindakaké malih sandi, nyimpen, lan ngèmut-èmut desana. Pangelingan menehi makluk kaconggahan sinau lan ngowahcocog (adaptasi) dhiri marang kupengané saka pangalaman-pangalaman sing linakonan sadurué. Semana uga menehi kaconggahan kanggo wangun hubungan marang pepadhané. Malih sandi tegesé samubarang rasa sing piwolèh saka pancadriya lan ati malih wujudé murih bisa disandi utawa disimpen menyang wutek lan bisa dièmut-èmut ing wayah ngarep kanthi cara "njupuk" desana saka pangelingan wangen dawa (ingatan jangka panjang) [1] Pangelingan tanduk (working memory) nyimpen desana sing bisa digunakaké sanalika lan dijurung dening pangélingan sing sadurungé wis sumimpen sajeroné pangelingan wangen dawa sawijiné wong.[1]
- 1 2 Goldstein, E. Bruce (2015). Cognitive Psychology; Connecting the Mind, Research and Everyday Experience. Stamford, CT. USA: Cengage Learning. kc. 122. ISBN 9781285763880.