Menyang kontèn

Makna gesang

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Makna gesang minangka gagasan bilih gesangipun manungsa (individu), gesangipun umat manungsa, utawi kawontenan gesang ing lumrahipun nggadhahi teges ingkang gawan utawi ancas filosofis. Boten wonten mupakat ngéngingi wincikaning gagasan kasebat, utawi menapa gagasan punika piyambak saèstu wonten miturut pamawas obyèktif menapa kémawon. Pamikiran sarta wacana ngéngingi jejer punika dipunupadi ing basa Inggris lumantar pitakènan-pitakènan kados ta—nanging boten winates ing—"Menapa maknaning gesang punika?", "Menapa ancasing kawontenan gesang?", sarta "Kénging menapa kita wonten ing mriki?". Sampun kathah wangsulan ingkang dipunusulaken dhumateng pitakènan-pitakènan kasebat saking manéka warna latar wingking budaya sarta idéologi. Pambudidaya madosi maknaning gesang sampun ngasilaken kathah panggagas filosofis, ilmiah, téologis, sarta métafisik ing sadawaning sajarah. Saben tiyang sarta kabudayan nggadhahi kapercayan ingkang béda-béda minangka wangsulan dhumateng pitakènan punika. Pamanggih ugi gèsèh ngéngingi pigunanipun ngginakaken wekdal sarta sumber daya ing pambudidaya madosi wangsulan kasebat. Pamikir ingkang keladuk saged minangka tandha saking, utawi njlomprongaken dhumateng, krisis èksistènsial.

Makna gesang saged kagali saking panggagas filosofis sarta agami, ugi panalitèn ilmiah ngéngingi kawontenan gesang, sesambetan sosial, kesadharan, sarta kabagyan. Kathah prekawis sanèsipun ingkang ugi kaemot, kados ta makna pralambang, ontologi, aji, ancas, étika, saé lan awon, kajat mardika, kawontenaning satunggal utawi manéka warna sesembahan, gagasan ngéngingi Gusti, roh, sarta alam kelanggengan. Pisumbang ilmiah mliginipun munjeraken dhumateng pamedharan kasunyatan émpiris ingkang gegayutan kalihan jagad raya, njajah wawasan saha watesan ngéngingi "kados pundi" lampahing gesang punika. Kawruh ilmiah ugi nyinaoni sarta saged paring pitedah kanggé pambudidaya madosi karaharjan sarta gagasan ngéngingi moralitas ingkang magepokan. Pamawas sanèsipun ingkang asipat humanistis ngajengaken pitakènan, "Menapa maknaning gesang kula?"