Menyang kontèn

Majel Barrett

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Majel Barrett (2006)

Majel Barrett-Rodenberry (lair minangka Majel Leigh Hudec;23 Fébruari 1932 – 18 Dhésèmber 2008) iku aktris Amérika Sarékat. Dhèwèké misuwur olèhé maragakaké manéka warna karakter ing waralaba Star Trek: Suster Christine Chapel (ing seri Star Trek asli, Star Trek: The Animated Series, lan rong film saka waralaba iku), Number One (uga ing sèri asli), Lwaxana Troi (ing Star Trek: The Next Generation lan Star Trek: Deep Space Nine), lan pangisi swara ing sabagéan gedhé antarmuka komputer kapal ing saindhenging sèri iku wiwit taun 1966 nganti 2008. Dhèwèké rabo karo sing ngripta Star Trek Gene Roddenberry ing taun 1969. Minangka garwané lan amarga gandhèngané karo Star Trek — mèlu ing sawatara cara ing saben sèri sajroné uripé — dhèwèké kadhangkala diparabi "Ibu Nagarané Star Trek."

Pranala njaba

[besut | besut sumber]