Maharsi Cyawana
Maharsi Cyawana iku putrane Maharsi Bhregu, kaprenah canggah karo Maharsi Ramaparasu. Canggah iku urutane turunan kapapat (generasi kapapat saka Bapak/Ibu: anak, putu, buyut, canggah). Wujude pandhita tuwa, adhedhepok ing madyaning alas cedhak tlaga.
Nadyan Maharsi Cyawana wis kaduk yuswa (kakehan umur, tuwa), mlakune gruyah-gruyuh, nanging garwane wujud putri sulistya ing warna, isih enom, setya bekti marang kakunge, sesilihe Dewi Sukannya. Kasetyane Dewi Sukannya kena kanggo tepa palupi para wanita sing wis bebojoan.
Ing sawijining dina, Dewi Sukannya mbeneri lagi sesuci ana ing tlaga. Dumadakan karawuhan Bathara Aswan lan Aswin (dewa kembar) kang nedya nyoba kasetyane Sang Dewi marang kakunge.
"Heh wanita endah ing warna. Sapa jeneng kita? Ngendi pinangka kita? Apa sababe kita mung ijen tanpa rowang ing tengahing alas kang kaya ngene sepine?" pandangune Bathara Aswin.
Dewi Sukannya atur wangsulan, "Nami kula Dewi Sukannya, bojonipun Maharsi Cyawana; ingkang adhedhepok ing sacelakipun tlaga punika."
"O, mangkono ta? Ya, ulun wus wuninga marang Maharsi Cyawana, pandhita kang wis kaduk yuswa. O, Nini Dewi, memelas temen kita puniku. Ingatase kita wanodya sulistya ing warna, tur lagi nedheng tumaruna, lha kok gelem-geleme dadi bojone pandhita tuwa sing otote wis kendho, tenagane wis loyo. Eman temen ayu kita, dene kita duwe bojo bae kok pandhita tuwa sing wis ora digdaya ing babagan ulah asmara. Nini Dewi, prayogane tinggalen bae bojo kita puniku, banjur miliha dewa kembar iki salah siji. Mesthi bakal bisa gawe mareming ati kita," ngendikane Bathara Aswin.
Dewi Sukannya atur wangsulan, "Pukulun, nadyan bojo kula punika sampun sepuh lan pantesipun dados simbah kula, nanging kula saklangkung tresna dhumateng panjenenganipun. Kula boten badhe tumoleh dhateng priya sanes, ngemungaken satunggal kemawon, inggih Maharsi Cyawana punika. Kula saklangkung tresna dhateng Sang Maharsi. Milanipun tansah badhe tetep madhep mantep anggen kula leladi dhateng panjenenganipun."
Bathara Aswin ngendika, "Nini Dewi, sumurupa. Ulun sakloron puniki tabib utawa dhukun ing kahyangan, dhukune para dewa, ahli pangobatan. Ulun bisa ngenomake manungsa kang wis kaduk wredha, nggawe kuwat wong kang wis boya bisa ngglawat, lan bisa gawe bagus manungsa kang rupane boya pakra. Mulane Nini, gage undangen mrene guru-laki kita, bakal ulun enomake nganti padha karo jejaka kang lagi umur 17 taun, supaya bisa agawe pamareming ati kita."
Dewi Sukannya matur sendika, banjur kondur ing padhepokan. Ngaturi Maharsi Cyawana menyang tepining tlaga, bakal dienomake dening Bathara Aswin. Maharsi Cyawana kadhawuhan slulup ing tlaga. Bareng Maharsi Cyawana wis ambyur ing tlaga, Bathara Aswan lan Bathara Aswin uga nututi silem ing tlaga. Ora antara suwe telu pisan padha mancungul bebarengan, banjur padha munggah ing dharatan. Telu-telune padha baguse, padha dedeg piadege, padha enome, padha mencoronge, padha ing sakabehe.
Kapethik saking
[besut | besut sumber]Mulyantara.2020. Majalah Jaka Lodhang (cover tokoh wayang). Yogyakarta: Jaka Lodhang Press