Maggie Smith

Dame Margaret Natalie Smith (28 Dhésèmber 1934 – 27 Sèptèmber 2024) iku sawijiné aktris Britani Agung. Dhèwèké ditepungi minangka kapinterané sarkasme ing paraga kumidhi lan dramatis, dhèwèké ndarbèni karir sing dawa panggung lan kelir sajroné luwih saka pitung dasawarsa lan dhèwèké iku salah sawijiné aktris Britani sing misuwur lan prodhuktif.[1] Dhèwèké olèh akèh bebungah, kalebu bebungah Academy Awards (Oscar) loro, limang bebungah BAFTA Awards, patang bebungah Emmy Awards, telung bebungah Golden Globe Awards lan bebungah Tony Award siji, saha nominasi kanggo enem bebungah Olivier Awards. Maggie Smith iku salah sawijiné juru paraga sing tau olèh Triple Crown of Acting.[2]
Smith miwiti kariré ing panggung minangka mahasiswi, lain main ing Oxford Playhouse ing taun 1952, lan main kanthi profésional kapisan ing Broadway ing New Faces of '56 (Rai-Rai Anyar saka 56).Sajroné sawetara dasawarsa sabanjuré, Smith nuduhaké awaké dhéwé minangka salah sawijiné juru paraga téater Britani sing wigat dhéwé, lan nyambut gawé kanggo National Theatre lan Royal Shakespeare Company. Ing Broadway, dhèwèké olèh bebungah Tony Award for Best Actress in a Play kanggo Lettice and Lovage (1990). Dhèwèké uga tau olèh nominasi kanggo sandiwara Private Lives (1975) anggitané Noël Coward lan karyané Tom Stoppard Night and Day (1979).
Maggie Smith menangaké rong bebungah Academy Award: siji kanggo kategori "Aktris Becik Dhéwé" kanggo The Prime of Miss Jean Brodie (1969) lan siji kanggo "Aktris Panyengkuyung Apik Dhéwé" kanggo film California Suite (1978). She was Oscar-nominated for Othello (1965), Travels with My Aunt (1972), A Room with a View (1985) and Gosford Park (2001).[3] Dhèwèké maragaké Profèsor Minerva McGonagall ing film-film Harry Potter (2001–2011). Dhèwèké uga main ing Death on the Nile (1978), Hook (1991), Sister Act (1992), The Secret Garden (1993), The Best Exotic Marigold Hotel (2012), Quartet (2012) and The Lady in the Van (2015).
Maggie Smith olèh kawigatèn internasional manèh lan dadi kawentar olèhé maragakaké Violet Crawley ing drama historis Britani Downton Abbey (2010–2015). Paraga iki mènèhi awaké telung bebungah Primetime Emmy Awards; sadurungé dhèwèké wis tau menangaké siji kanggo film HBO My House in Umbria (2003).[4][5] Salawasé kariré dhèwèké tau nampa akèh bebungah pamemulé, kalebu saka British Film Institute Fellowship ing taun 1993, BAFTA Fellowship ing taun 1996 lan Society of London Theatre Special Award ing taun 2010.[6][7][3] Maggie Smith didadèkaké dame déning Ratu Elizabeth II ing taun 1990.[8]
Filmografi
[besut | besut sumber]Film
[besut | besut sumber]Télévisi
[besut | besut sumber]| Year | Title | Role | Notes |
|---|---|---|---|
| 1955 | BBC Sunday-Night Theatre | Performer | Episode: "The Makepeace Story #3: Family Business" |
| 1956 | Theatre Royal | Paula Benson | Episode: "Death Under the City" |
| The Adventures of Aggie | Fiona Frobisher-Smith | Episode: "Cobalt Blue" | |
| 1957 | Sing for Your Supper | Ann Carter | Television film |
| Kraft Television Theatre | Performer | Episode: "Night of the Plague" | |
| ITV Play of the Week | Various roles | 6 episodes: 1957–1960 | |
| On Stage – London | Performer | Episode: "Episode #1.3" | |
| 1958 | Armchair Theatre | Julie, The Girl, Anna Carnot | 3 episodes: 1958–1960 |
| 1959 | ITV Television Playhouse | Doto, Elaine | 2 episodes |
| 1966 | ITV Play of the Week | Victoria | Episode: "Home and Beauty" |
| 1967 | Much Ado About Nothing | Beatrice | Television film |
| 1968 | Play of the Month | Ann Whitefield | Episode: "Man and Superman" |
| ITV Playhouse | Mrs Wislack | Episode: "On Approval" | |
| 1972 | Play of the Month | Portia | Episode: "The Merchant of Venice" |
| Epifania | Episode: "The Millionairess" | ||
| 1974–75 | The Carol Burnett Show | Various roles | American TV debut; 3 episodes |
| 1983 | All for Love | Mrs Silly | Episode: "Mrs Silly" |
| 1988 | Talking Heads | Susan | Episode: "A Bed Among the Lentils" |
| 1992 | Screen Two | Mrs Mabel Pettigrew | Episode: "Memento Mori" |
| 1993 | Great Performances | Violet Venable | Episode: "Suddenly, Last Summer" |
| 1999 | All the King's Men | Queen Alexandra | Television film, BBC |
| David Copperfield | Betsey Trotwood | Miniseries – 2 episodes | |
| 2003 | My House in Umbria | Emily Delahunty | Television film, HBO |
| 2007 | Capturing Mary | Mary Gilbert | |
| 2010–15 | Downton Abbey | Violet Crawley, Dowager Countess of Grantham | Series – 52 episodes |
| 2014 | National Theatre Live: 50 Years On Stage | Mrs Sullen | Television special, PBS |
Réferènsi
[besut | besut sumber]- ↑ "Maggie Smith | Biography, Movies, & Facts". Encyclopædia Britannica. 7 September 2023. Dibukak ing 4 October 2023.
- ↑ "Triple Crown of Acting Winners". GoldDerby. 5 April 2024. Dibukak ing 4 June 2024.
- 1 2 "Maggie Smith BAFTA Awards". British Academy of Film and Television Arts. Dibukak ing 10 July 2019.
- ↑ O'Neil, Tom (9 July 2010). "What do Al Pacino and Maggie Smith have in common?". Los Angeles Times. Diarsip saka sing asli ing 27 September 2013. Dibukak ing 7 August 2013.
- ↑ Croggon, Alison (10 June 2009). "Jewel in the triple crown". News.com.au. Diarsip saka sing asli ing 14 August 2015. Dibukak ing 1 January 2014.
- ↑ "BAFTA Awards Search | BAFTA Awards". awards.bafta.org. Dibukak ing 4 October 2023.
- ↑ "Dame Maggie Smith's BAFTA Special Award Acceptance Speech in 1993". Youtube. 28 December 2014. Dibukak ing 8 May 2023.
- ↑ Spears, W. (30 December 1989). "Queen Honors Naipaul, Maggie Smith". The Philadelphia Inquirer. Diarsip saka sing asli ing 4 March 2016. Dibukak ing 1 January 2014.