Menyang kontèn

Médhia wilènan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Ing sasana web kaya YouTube, vidéo kaya film NASA cekak bab rekacipta seragam antariksa iki diputer kanthi instan gumantung saka sambungan internet naraguna, lan vidéo kasebut diundhuh sebagéyan ing latar wuri.

Médhia wilènan utawa médhia striming yaiku kekirimaning data multimèdhia lumantar jaringan kanggo diputer ing pamuter media. Médhia sing dikirim arupa wilènan utawa aliran paket-paket jaringan saka server menyang klien lan dikirim kanthi cara sakala (real-time) utawa nyedhaki sakala. [1] Prosès iki séjé karo ngundhuh berkas, ing ngendi naraguna pungkasan piwoleh kabeh berkas media sadurungé muter berkas kasebut. Wilènan luwih lumrah diguna ing babagan video on demand (video miturut jejaluk), wilènan televisi, lan leladi wilènan musik lumantar Internet.

Sauntara wilènan akèh digayutaké marang piwolehé multimèdhia saka server let adoh lumantar internet, leladi iki uga kalebu multimèdhia jaring (offline) antarpiranti sajeroné jaringan area lokal. Kayata, nggunakakè DLNA [2] lan server omah, utawa sajeroné jaringan aréa pribadhi antarané rong piranti piguna Bluetooth (sing nggunakaké gelombang radio tinimbang IP).[3] Wilènan jrojing (online) wiwitané dikondhangaké dening RealNetworks lan Microsoft ing taun 1990-an [4] lan wiwit tuwuh dadi cara misuwur déwé kanggo muter musik lan vidéo, [5] kanthi akèh leladi lelangganan wujud wiwit taun 2010-an. [6] Wilènan audio menyang salon nirkabel, asringé piguna Bluetooth, minangka piguna liya sing wis umum sajroné dasawarsa kasebut. [7] Wilènan sanalika (live streaming) yaiku kekirimaning konten kanthi cara sakala, padha karo giyaran télévisi sanalika sing ngirim konten lumantar saluran télévisi. [8]

Prabédan cara kekirimaning konten saka medhia mung dipatrap mligi kanggo konten digital modhèren. Amarga ing médhia tradhisional cara kekirimaning konten gumantung saka wujuding konten iku déwé. Bisa arupa wilènan (kaya ing radio lan télévisi) utawa tanwilenan (kaya ing buku, kaset video, CD audio). Tetembungan "médhia wilènan" bisa dianggo ing babagan saliyané video lan audio. Kayata ing sulih teks katutup (closed caption) sanalika, ticker tape, lan teks sakala, sing kabeh dianggep "teks wilènan".

  1. Patrikakis, Charalampos; Papaoulakis, Nikos; Stefanoudaki, Chryssanthi; Nunes, Mário (2010), Daras, Petros; Ibarra, Oscar Mayora (èd.), "Streaming Content Wars: Download and Play Strikes Back", User Centric Media, Berlin, Heidelberg: Springer Berlin Heidelberg, vol. 40, kc. 218–226, doi:10.1007/978-3-642-12630-7_26, ISBN 978-3-642-12629-1, dibukak ing 5 May 2024
  2. "DLNA Network Guide" (PDF). Dibukak ing 21 August 2024.
  3. Fayyoumi, Ebaa; Idwan, Sahar; Muhared, Hiba; Matar, Izzeddin; Rawashdeh, Obaidah (November 2014). "L2CAP-based prototype media streaming via Bluetooth technology". International Journal of Networking and Virtual Organisations. 14 (3): 221. doi:10.1504/IJNVO.2014.065785.
  4. The history of streaming media - PC Plus (PDF). 2012.
  5. "Music consumption at all time high powered by streaming and video apps | Complete Music Update". Diarsip saka sing asli ing 5 May 2024. Dibukak ing 5 May 2024.
  6. "Streaming Wars". The Verge. Diarsip saka sing asli ing 6 December 2019. Dibukak ing 1 December 2019.
  7. Bonnington, Christina (12 April 2018). "Even Ikea Has a Connected Speaker Now". Slate (ing basa Inggris Amérika Sarékat). ISSN 1091-2339. Dibukak ing 5 May 2024.
  8. "What is live streaming?". Cloudflare.