Menyang kontèn

Lompat tali

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Bocah-bocah dolanan lompat tali.

Lompat Tali yaiku salah sijining dolanan tradhisional kang umum ditemokaké ana ing Nusantara salah sijine ana ing pulo Jawa. Dolanan iki mbutuhkaké tali kang biasane digawé bocah-bocah cilik saka karèt gelang kang digandhèng dironcé-roncé nganthi dawane kurang luwih 1,5 meter. [1]

Dolanan iki dilakokake déning bocah-bocah cilik lanang utawa wadon ing plataran sekolah, plataran omah, lapangan, utawi nang papan panggonan kang amba lumrahé dianggo dolanan bocah-bocah. Lompat tali kuwi ora mung bisa dadi dolanan ananging uga bisa dadi sarana kanggo nglatih ketangkasan, kekompakan, lan keseimbangan. [2]

Asal-usul

[besut | besut sumber]

Ora ana cathetan resmi babagan wiwitan saka dolanan lompat tali, ananging dolanan iki wis suwé dimangertèni minangka salah sijining dolanan tradhisional utawa dolanan rakyat ingkang wus nyebar ana ing manca, mligine ana ing Asia Tenggara dan uga Nusantara. [3]

Anggone dolanan biasane minimal wong 3, amarga wong 2 nggujengi tali lan ingkang wong 1 mlumpati tali. Dolanane bisa minangka kelompokan utawi dhewe-dhewe. [4]

Ing Jawa dhewe, dolanan lompat tali uga bisa diarani yéyé. Dolanan iku wus dimangertèni saka suwé lan wus dadi dolanan rakyat amarga cara nggawe taline gampang lan murah. Ing sawetara daerah liya dolanan iki duweni jeneng beda-beda ananging prinsip dolanane padha yaiku ngungkuli utawa mlumpati tali kang diobahake karo kanca-kancane kang jaga. [5]

Piranti

[besut | besut sumber]

Dolanan lompat tali kudu duwèni piranti lan papan:

Tali kang dironce saka karet
  • Tali kang digawé saka karèt gelang kang dironcé-roncé.
  • Papan dolanan kang antawis jembar amarga anggone dolanan kudu aman kanggo mlumpat. Alat yang digunakan dalam permainan lompat tali adalah tali yang terbuat dari bahan karet. Permainan lompat tali biasanya dilakukan di sekolah atau di rumah.[6]

Mupangat

[besut | besut sumber]

Lompat tali minangka salah sijining jinis olahraga ringan kanggo bocah. Saking olahraga kuwi bocah-bocah bisa kanggo ngembangkake syaraf motorik kang lagi tuwuh. Bocah-bocah kang dolanan lompat tali bisa duweni otot kang sehat, padet, lan kuwat. Uga bisa nambah katitisan kanggo mlumpat dhuwur. [7]

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. Achmadi dan Lailiyyah, L. (2018). "Pengaruh Permainan Lompat Tali Terhadap Kemampuan Motorik Kasar Anak Kelompok B TK Kartika IV-9 Raider Surabaya". Wahana. 70 (1): 64. ISSN 0853-4403. Diarsip saka sing asli ing 2020-08-11. Dibukak ing 2025-09-27.
  2. Anggraeni, M. A., dkk. (2018). "Pengaruh Permainan Tradisional Lompat Tali Terhadap Perkembangan Motorik Kasar Anak Usia 5-6 Tahun" (PDF). Journal of Early Childhood Care & Education. 1 (1): 19. doi:10.26555/jecce.v1i1.60.{{cite journal}}: CS1 maint: multiple names: authors list (link)
  3. Fitriyadi, S., dkk. (2020). "Pengaruh Permainan Tradisional Lompat Tali Terhadap Sikap Sportivitas Siswa Sekolah Dasar (SD)" (PDF). Journal of Educational Review and Research. 3 (2): 72. ISSN 2597-9752.{{cite journal}}: CS1 maint: multiple names: authors list (link)
  4. Rahayu, E. D., dan Firmansyah, G. (2019). "Pengembangan Permainan Tradisional Lompat Tali untuk Meningkatkan Kinestetic Intelegency pada Anak Usia 11-12 Tahun". Jendela Olahraga. 4 (2): 9. doi:10.26877/jo.v4i2.3611. ISSN 2579-7662.{{cite journal}}: CS1 maint: multiple names: authors list (link)
  5. Kurniawan, Ari Wibowo (2019). Olahraga dan Permainan Tradisional (PDF). Malang: Penerbit Wineka Media. kc. 27. ISBN 978-602-5973-94-9.{{cite book}}: CS1 maint: url-status (link)
  6. Kamtini dan Kaban, D. (2016). "Pengaruh Permainan Tradisional Lompat Tali Terhadap Perkembangan Motorik Kasar Anak Usia 5-6 Tahun Di TK Santa Lusia Medan T/A 2015/2016". Bunga Rampai Usia Emas. 2 (1): 62. ISSN 2301-9409.
  7. Nizar, I.Z., dan Ali, A. Z. (2018). "Pengaruh Permainan Lompat Tali Terhadap Peningkatan Fisik Motorik Kasar Anak Usia Dini Kelompok A DI TK Al-Azhar Pakusari Jember" (PDF). JECIE: Journal of Early Childhood and Inclusive Education. 2 (1): 38. ISSN 2614-4387.{{cite journal}}: CS1 maint: multiple names: authors list (link)