Menyang kontèn

Logistikon

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Logistikon uga kasebut akal Utawa pikiran. Ing babagan kawruh Plato, Logistikon iki kudu dadi ratune utawa sing dadi sais. Mula, kabeh tumindak, kalebu ibadah lan agama, kudu tetep dikendhalekake dening akal sehat. Ora prayoga yen ibadah tanpa nggunakake pikiran. Yen ora, gampang banget kena ideologi-ideologi sing ora cetha. Panjenengan entuk melu ideologi apa wae, nanging kudu disaring luwih dhisik dening akal sehat. Logistikon iki manggon ing sirah utawa gulu, mula pangendhaline urip ana ing kono.[1]

Al-Ghazali uga nduweni panemu menawa negara kuwi kaya raga manungsa. Ana pambageyan, ana sing dadi ati, weteng, lan sirah. Mula, pimpinan negara (ratu utawa presiden) kudune duwe sipat filsuf, amarga filsuf iku minangka wujud saka sirah sing ngatur lan ngendhalekake kabeh raga. Dadi, pimpinan kuwi ora kudu melu kerja ing tataran ngisor, nanging tugase ngontrol, ngukur kekuwatan, lan ngendhalekake kabeh. Kabeh perangan raga, kaya tangan, sikil, ati, lan weteng, nduweni tugas dhewe-dhewe. Nanging, sing ngendhalekake kabeh yaiku sirah, yaiku akal.[1]

Mula, logos (akal) kudu dadi nomer siji. Logos iki kaya sais. Sanajan seapik-apike kreta, yen sais-e ora becik, mesthi wae kreta ora bakal mlaku kanthi bener. Sanajan fasilitas panjenengan wis canggih, yen akale ora mlaku, urip bakal semrawut lan ora genah. Urip ora bakal bisa maju, nanging bakal nabrak ngiwa utawa nengen. Mula, ancase sinau filsafat yaiku kanggo nglatih sirah utawa logos, amarga logos minangka kunci ing urip kita.[1]

Sakabehing urip iku dikendhalekake dening sirah, yaiku akal. Mula, logos (akal) kudu dadi nomer siji. Akal kuwi minangka sais utawa kusir. Sanajan sekaya apa wae, senajan kretane apik banget, yen kusire elek, mesthi wae kreta kuwi ora bakal bisa mlaku kanthi bener. Sanajan samubarang fasilitasmu wis canggih, nanging yen akalmu ora mlaku, uripmu bakal dadi semrawut. Arah uripmu ora bakal bisa maju, nanging malah nabrak ngiwa lan nengen. Kuwi fungsi utama logos. Sejatine, sinau Filsafat iku nglatih sirah utawa logos, amarga akal minangka kunci utama ing urip kita.[1]

Sitiran

[besut | besut sumber]
  1. 1 2 3 4 Faiz, Fahruddin (2025). Filsafat kebahagiaan: dari Plato, via Al-Farabi dan Al-Ghazali, sampai Ki Ageng Suryomentaram (ing basa Indonesia). PT Mizan Pustaka. ISBN 978-602-441-332-3.