Liru limbang ruwang wektu
Praèn
Artikel iki ora nduwèni referensi sumber saéngga isiné ora bisa diverifikasi. Réwangi Artikel sing ora bisa diverifikasi bisa dibusak sawayah-wayah déning Panata. |
Liru limbang ruwang wektu (basa Inggris : space-time trade-off), uga diarani liru limbang memori wektu (time-memory trade-off) utawa the algorithmic space-time continuum sajeroning kawruh komputer yaiku prakara minangka sawijining algoritma ngebaki ruwang nanging nyuda wektu. Ing kéné, ruwang tegesé ruwang panyinggahan data sing digunakaké nalika ngayah tugas (kayata RAM, HDD, lsp), déné wektu tegesé wektu sing dibutuhaké kanggo ngayah tugas (wektu komputasi utawa wektu respons)
Liru limbang ruwang wektu kaprabawa dening beya ajeg (fixed cost) uga beya owahan (variable cost) kayata karikatan CPU, gunggunging ruwang panyinggahan, lsp. Liru limbang iki uga manut ing ukum sudaning asil (diminishing returns)