Menyang kontèn

Lir-Ilir

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Grup Karawitan Sanggar Seni Laras Siwi.
Tembang Lir-Ilir.

Lir-Ilir yaiku anggitanipun Sunan Kalijaga. Tembang punika kaanggit dening abad kaping 16, nalika guguripun keraton majapahit ugi wiwitanipun agama islam mlebed wonten tanah jawa utaminipun wonten pesisir jawa.[1] Tembang Lir-ilir punika tembang dolanan laré-laré alit jaman kawuri lan miturut cariyosipun simbah-simbah ingkang nganggit inggih punika kanjeng Sunan Bonang. Sekar punika ngandhut falsafah agami ingkang lebet, ingkang maringi pepadhang dhumateng bebrayan agung ing tanah Jawi kala samanten, amrih sageda ngugemi dhawuhipun Gusti ingkang Maha Welas Asih marang sedanten umatipun. tembang lir-ilir dipunginaaken sunan kalijaga kagem media dakwah liwat kesenian daerah salah satunggalipun tembang lir-ilir menika, ingkang ngemot pitutur utawi piwulang luhur.

Cakepan

[besut | besut sumber]
ꦭꦶꦂꦲꦶꦭꦶꦂꦭꦶꦂꦲꦶꦭꦶꦂꦠꦤ꧀ꦢꦸꦫꦺꦮꦸꦱ꧀ꦱꦸꦩꦶꦭꦶꦂ Lir-ilir lir-ilir tandure wus sumilir
ꦠꦏ꧀ꦲꦶꦗꦺꦴꦫꦺꦴꦪꦺꦴꦫꦺꦴꦪꦺꦴ Tak ijo royo royo
ꦠꦏ꧀ꦱꦺꦁꦒꦸꦃꦠꦺꦩꦤ꧀ꦠꦺꦤ꧀ꦲꦚꦂ Tak sêngguh têmantèn anyar
ꦕꦃꦲꦔꦺꦴꦤ꧀ꦕꦃꦲꦔꦺꦴꦤ꧀ꦥꦺꦤꦺꦏ꧀ꦤꦧ꧀ꦭꦶꦩ꧀ꦧꦶꦁꦏꦸꦮꦶ Cah angon cah angon peneknå blimbing kuwi
ꦭꦸꦚꦸꦭꦸꦚꦸꦥꦺꦤꦺꦏ꧀ꦤꦏꦁꦒꦺꦴꦩ꧀ꦧꦱꦸꦃꦢꦺꦴꦢꦺꦴꦠꦶꦫ Lunyu lunyu peneknå kanggo mbasuh dodot-irå (dodot sirå)
ꦢꦺꦴꦢꦺꦴꦠꦶꦫꦢꦺꦴꦢꦺꦴꦠꦶꦫꦏꦸꦩꦶꦠꦶꦂꦧꦺꦝꦃꦲꦶꦁꦥꦶꦁꦒꦶꦂ Dodot-irå (dodot sirå) dodot-irå (dodot sirå) kumitir bêdhah ing pinggir
ꦢꦺꦴꦤ꧀ꦢꦺꦴꦩꦤꦗ꧀ꦭꦸꦩꦠꦤꦏꦁꦒꦺꦴꦱꦺꦧꦩꦺꦁꦏꦺꦴꦱꦺꦴꦫꦺ Dondomånå jlumatånå kanggo sebå mêngko sore
ꦩꦸꦩ꧀ꦥꦸꦁꦥꦝꦁꦫꦺꦩ꧀ꦧꦸꦭꦤꦺ Mumpung padhang rêmbulane
ꦩꦸꦩ꧀ꦥꦸꦁꦗꦺꦩ꧀ꦧꦂꦏꦭꦔꦤꦺ Mumpung jêmbar kalangane
ꦪꦱꦸꦫꦏꦱꦸꦫꦏ꧀ꦲꦶꦪ Yå surakå surak-iyå

Maknanipun pada satunggal inggih punika: Minangka tiyang Islam sampun ngantos kesèd anggènipun nuwuhaken iman dhumateng Allah ingkang kagambaraken kanthi tetuwuhan ingkang tuwuh saé. Tiyang Islam punika kedah nuwuhaken tetuwuhan kala wau ngantos ageng satemah pikantuk karaharjan saha saged minulya kados raharjaning penganten énggal.

Kapustakan[2]

[besut | besut sumber]
  1. Online, Tebuireng (2023-05-24). "Lirik, Terjemah, dan Makna Syair Lir Ilir". Tebuireng Online (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2026-03-15.
  2. https://www.goodnewsfromindonesia.id/2022/04/19/makna-di-balik-tembang-lir-ilir-filosofi-dan-ajaran-keimanan-dari-sunan-kalijaga. {{cite web}}: Missing or empty |title= (pitulung)