Lenga cengkèh
Lenga cengkèh iku lenga Atsiri sing diasilaké dening Destilasi bagéan saka tanduran cengkeh, utamané godhong lan kembang cengkeh .[1] :52 Kabeh bagéan saka tanduran cengkeh ngandhut lenga, nanging kembang nduweni paling akeh lenga.[2] :27 Amarga godhong cengkeh lan galih uga ngasilake lenga, loro-lorone uga dadi pangasilan kanggo among tani cengkeh kang ngasilake kembang cengkeh kanggo rokok . wong-wong mung nglumpukake godhong lan galih sing ambruk ing saubengé wit lan nggawe panyulingan biasa kanggo ngasilaké lenga cengkeh.[3] :27
Sejarah
[besut | besut sumber]Reformasi bidang kedokteran saka Switserlan, ya iku Philippus Aureolus Paracelcus ing abad kaping 16 ngira-ira menawa tanduran arum éntuk ganda saka senyawa tartamtu. Dheweké ngundang esensiia quinta . Hipotesis kasebut minangka kunci kalairan prodhuksi minyak esensial ana ing Eropa. Prodhuksi lenga cengkeh sing pisanan ora bisa dipisahaké saka sejarah kolonialisme Walanda ing Indonesia. Ing dataran Eropah nalika dadi lenga lavender sing populer, yaiku lenga atsiri kang minangka asil penyulingan saka kembang lavender . ora suwé sasampunipun wonten cengkèh ing Eropah, maneka warna tetanduran ingkang ambune arum, kalebu cengkèh, disuling kanggo ngasilake lengané.[3] :3
Isi kimia
[besut | besut sumber]Minyak cengkèh ngandhut eugenol nganti 78-98 persen.[4] :125 Zat kasebut diprodhuksi saka kelenjar minyak sing ditemokaké ana ing awaké kembang cengkeh.[4] :24
padatané, godhong cengkeh lan galih ngandhut eugenol kanthi konsentrasi luwih akeh tinimbang kembang cengkeh kasebut. Ing lenga kang diasilaké saka godhong cengkeh ana eugenol 82-88%, lan galih nganti 90-95%. Dibandhingaké karo lenga saka kembang cengkeh sing mung ngandung eugenol 60-90%, sing liyané yaiku eugenyl asetat, caryophyllene, lan senyawa minor liyane.[5]
Nagara Indonesia karo Negara Madagaskar minangka prodhusen utama minyak cengkèh.[5]
Mupangat
[besut | besut sumber]Minyak cengkèh digunakaké ana ing indhustri kanggo ngasilaké obat-obatan untu, perasa utawa panyedhep, minyak wangi [4] :16, minangka Fungisida, anti-bakteri, lan Insektisida .[6] :29 Minyak cengkeh uga bisa digunakakè minangka pambius pengganti sianida [3] :9 supaya pancing iwak urip bisa luwih ramah lingkungan.
Pasinaon kang dilakokake dening Universitas Kuwait nemokaké yen minyak cengkeh duwe efek efektif kanggo benzocaine minangka pareda ngelu ing tutuk.[7][8][9] Sanajan dimangerteni minangka pareda lara untu, FDA durung sarujuk.[10]
Trivia
[besut | besut sumber]Minyak clove ana ing novel Perfume dening Patrick Süskind . Ing novel, ana sing nyebutaké yen lenga cengkeh minangka salah sawijining campuran kanggo ngasilake wangi kang ngganda supaya bisa tangi wong sing semaput.[11]
Rujukan
[besut | besut sumber]- ↑ Dian Malini (2006). 20 ramuan esensial nusantara untuk cantik dan bugar. ISBN 9797814157.
- ↑ Kardinan, A. Tanaman Pengendali Lalat Buah. Agromedia. ISBN 9793357290.
- ↑ a b c Minyak Asiri. PT Niaga Swadaya.
- ↑ a b c Aak. Petunjuk Bercocok Tanam Cengkih. Kanisius. ISBN 9794135984.
- ↑ a b Lawless, J. (1995). The Illustrated Encyclopaedia of Essential Oils. ISBN 1-85230-661-0.
{{cite encyclopedia}}
: Missing or empty|title=
(pitulung) - ↑ Kardinan, A. Tanaman Pengusir & Pembasmi Nyamuk. Agromedia. ISBN 9793357177.
- ↑ Alqareer, Athbi (November 2006). "The effect of clove and benzocaine versus placebo as topical anesthetics". Journal of Dentistry. 34 (10): 747–750. doi:10.1016/j.jdent.2006.01.009. PMID 16530911.
{{cite journal}}
:|access-date=
requires|url=
(pitulung) - ↑ O'Connor, Anahad (2011-02-17). "Remedies: Clove Oil for Tooth Pain". The New York Times. Dibukak ing 2012-05-06.
- ↑ "Cloves". American Cancer Society. Diarsip saka sing asli ing 2012-05-14. Dibukak ing 2012-05-06.
- ↑ "Clove". MedlinePlus. NIH.
- ↑ novel Perfume bab sembilan halaman 91