Lembaga Dakwah Islam Indonesia
Lembaga Dakwah Islam Indonesia (LDII) (pégon: لمباݢا دعوة إسلام إندونيسيا ; cara Jawa: ꦪꦪꦱꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦮꦃꦆꦱ꧀ꦭꦩꦆꦤ꧀ꦝꦺꦴꦤꦺꦱꦶꦪꦃ; cara Arab: جمعية الدعوة الإسلامية الإندونيسية) iku sawijining organisasi masarakat Islam ing Indonésia mligi nindakaké siyaran dakwah lan pangajaran agama Islam adhedhasar Al-Qur'an lan Al-Hadis. Organisasi iki wus tuwuh ngrembaka ana ing panjuru laladan Indonésia. Warga kang mèlu dadi anggota lan non-anggota jinangka ngancik udakara 30 yuta wong.[1]
Sajarah
[besut | besut sumber]Mulabukané LDII madeg iku bisa dideleng wiwit tanggal 1 Juli 1927, kadhaptaraké mawa jeneng Yayasan Lembaga Karyawan Islam (YAKARI) ing Kutha Kadhiri, Jawa Wétan. Madegé organisasi adhedhasar Akta Notaris Mudijomo katiti-mangsa 27 Juli 1972, minangka korèksi ngeneraké akta sadurungé kang katiti-mangsa 3 Januari 1972 kang isiné babagan panetepan tanggal madegé LEMKARI.[2] Yasan bebadan iki diprakarsani déning sawetara pawongan, ing antarané yaiku:
- Drs. Nur Hasyim;
- Drs. Edi Masyadi;
- Drs. Bahroni Hertanto;
- Soetojo Wirjo Atmodjo, B.A;
- Wijono, B.A.
Ing taun 1981, lumantar Musyawarah Besar (Mubes) YAKARI, jeneng organisasi kasulih dadi Lembaga Karyawan Islam (LEMKARI).[3] Banjur ing Musyawarah Besar IV LEMKARI taun 1990, jeneng organisasi kaelih manèh dadi Lembaga Dakwah Islam Indonesia (LDII).[3][4] Owahan jeneng iki adhedhasar arahan saka Sudharmono minangka Wakil Présidhèn RI nalika iku, lan Jéndral TNI (Purn.) H. Rudini. Awit jeneng "LEMKARI" iku saèmper karo jeneng cekakané Lembaga Karate-Do Indonesia.[2] Tundhoné jeneng LDII kang dianggo minangka jeneng resmi nganti sepréné.
Pawongan
[besut | besut sumber]Warga LDII kang wis kaloka ana satengahing masarakat umum ing antarané yaiku:
- Benyamin Sueb
- Ben Kasyafani
- Ida Royani
- Didi Petet
- Keenan Nasution
- Suryo Agung Wibowo
Kapustakan
[besut | besut sumber]- ↑ "DKPP Terima Kunjungan LDII". DKPP RI - Dewan Kehormatan Penyelenggara Pemilu Republik Indonesia (ing basa Inggris Amérika Sarékat). 2023-06-16. Dibukak ing 2025-03-17.
- 1 2 Faizin, Faizin (2014). "PERSPEKTIF PEMIKIRAN POLITIK ISLAM; Suatu Analisis Pendahuluan Pemikiran Politik Lembaga Dakwah Islam Indonesia". Al-Qisthu: Jurnal Kajian Ilmu-Ilmu Hukum (ing basa Inggris). 12: 65–78. doi:10.32694/qst.v12i.1207. ISSN 2654-3559.
- 1 2 "Tentang LDII". Lembaga Dakwah Islam Indonesia (ing basa Inggris Amérika Sarékat). 2021-04-29. Dibukak ing 2025-03-17.
- ↑ "Sejarah – Pondok Pesantren Wali Barokah Kota Kediri" (ing basa Inggris Amérika Sarékat). Diarsip saka sing asli ing 2023-09-26. Dibukak ing 2025-03-17.