Lelangen
Lelangen yaiku pangalaman sing krasa apik, sing mawa rasa sumringah marang sawijining babagan, prastawa, wong, utawa barang. [1] [2] Pangrasa iki kosok bali saka pilara utawa rekasa, sing minangka wujudé wrasan ala. [3] Pangrasa iki ndarbèni gegayutan raket karo aji, karep, uga tumindaké saben makluk.[4] Manungsa, uga kewan liya sing duwé udahani (kesadaran), nganggep yèn lelangen minangka perkara sing nglamlami, maremi, lan sumbut kanggo digoleki. Werna-werna kagiyatan bisa tumindak kanthi mawa rasa lelangen. Tuladhané mangan, awor turu, ngrungokaké musik, lan dolanan. Lelangen minangka bagéyan saka manéka kahanan grahita liya kaya rasika (ecstasy), saharsa (euphoria), lan kethiyu (flow). Rasa bungah lan raharja uga raket banget karo lelangen. Nanging pangrasa iki ora padha plek. [5] [6] Ora ana kasarujukan dènè apa kudu lelangen dimangerteni kanthi pangrasa, pangalaman sing wrasan, solah tingkah sing wrasan, lan liya-liyané.[7] Lelangen minangka bab sing wigati ing klumpukan téyori filsafat kondhang aran hedonisme.
- ↑ Pallies, Daniel (2021). "An Honest Look at Hybrid Theories of Pleasure". Philosophical Studies. 178 (3): 887–907. doi:10.1007/s11098-020-01464-5.
- ↑ Lopez, Shane J. (2009). "Pleasure". The Encyclopedia of Positive Psychology. Wiley-Blackwell.
- ↑ Katz, Leonard D. (2016). "Pleasure". The Stanford Encyclopedia of Philosophy. Metaphysics Research Lab, Stanford University. Dibukak ing 29 January 2021.
- ↑ Craig, Edward (1996). "Pleasure". Routledge Encyclopedia of Philosophy. Routledge.
- ↑ Craig, Edward (1996). "Happiness". Routledge Encyclopedia of Philosophy. Routledge.
- ↑ Crisp, Roger (2017). "Well-Being". The Stanford Encyclopedia of Philosophy. Metaphysics Research Lab, Stanford University. Dibukak ing 29 January 2021.
- ↑ Borchert, Donald (2006). "Pleasure". Macmillan Encyclopedia of Philosophy, 2nd Edition. Macmillan.