Lelana Rel Tumunggal
Lelana Rel Tumunggal, Lintas Rel Terpadu, utawa sepur aringan (basa Inggris: Light Rail Transit, light rail) yaiku tetumpakan rikat pakuthan sing nganggo sarana pasepuran (rolling stock) sing tèknologi asalé saka trèm. [1] [2] Modhèl tetumpakan iki lumaku ing dalan mligi, nalika kapisah dening dalan layangé déwé, utawa nalika lumaku sesandhingan sawidang karo tetumpakan liya. [3] Modhèl kaya ngéné marakaké LRT luwih bisa dianggo ing manéka kahanan tinimbang modhèl tetumpakan pakuthan liya.[4] "Aringan" ing kéné ateges tetumpakan iki ngangkud luwih sithik panumpang, ora kaya moda raya (rapid transit) sing bisa ngangkud luwih akèh wong. [5]
Tetembungan LRT dianggo kapisan ing 1972 ing Amérika Sarékat minangka dasanama ing basa Inggris kanggo tembung basa Jérman Stadtbahn, ateges “angkuda rel pakuthan”. [6] [7] Apa-apa sing diarani LRT bisa séjé-séjé ing saben nagara. Nanging ing Amérika Sarékat, LRT lumaku turut ruwang dalan mirunggan lan nganggo gerbong ijèn utawa rerangkèn. Lumrahé kanthi daya angkud luwih sithik lan lelajuné ora sabanter sepur panumpang wrat utawa tata moda raya (rapid transit system). [8] [9] [10]
Ing teges luwih ciyut, LRT nganggo sarana pasepuran amèh padha karo trèm tradhisional. Nanging daya angkud lan lelajuné luwih dhuwur saliya asring ndarbè dalan mligi. Déné ing panganggo luwih wiyar, aran LRT bisa kanggo angkudan kaya trèm sing sapérangan akèh lumaku ing dalan gedhé. [11] [12] Sawetara jaringan LRT ndarbé sipat luwih cedhak menyang moda raya. Mung nalika angkudan iki ndarbé dalan kapisah ora sawidang, angkudan iki diarani lelana rel raya tumunggal (LRRT). [13]
- ↑ Vuchic, V.R. (1975). "Place of light rail transit in the family of transit modes". TRB Special Report. Transportation Research Board (161). Dibukak ing 1 July 2024. National Conference of the Transportation Research Board
- ↑ Transportation Glossary (ing basa Inggris). AASHTO. 2009. kc. 65. ISBN 978-1-56051-408-4.
- ↑ Boorse, J. W. (July 2001). "This Is Light Rail Transit". Transportation Research Circular. TRB. Dibukak ing 28 May 2026.
- ↑ "What is light rail?". Public transport A-Z. International Association of Public Transport. 2008. Diarsip saka sing asli ing 13 October 2008. Dibukak ing 29 July 2015.
The general term ‘light transit’ covers those systems whose role and performance lie between a conventional bus service running on the highway at one extreme and an urban heavy rail or underground metropolitan railway at the other. Light rail systems are thus flexible and expandable.
- ↑ "Light-Rail Transit (LRT)". policy.tti.tamu.edu. Texas A&M Transportation Institute. Dibukak ing 28 May 2026.
Light refers to lighter passenger capacity, not the physical weight of the vehicles.
- ↑ Thompson, Gregory L. (2003). "Defining an Alternative Future: The Birth of the Light Rail Movement in North America". Transportation Research Circular. Transportation Research Board (E-C058). Dibukak ing 26 December 2009. From: 9th National Light Rail Transit Conference
- ↑ "New railway bridge over the Neckar river". Dibukak ing 2024-06-24.
- ↑ "Fact Book Glossary – Mode of Service Definitions". American Public Transportation Association. 2015. Diarsip saka sing asli ing 25 February 2018. Dibukak ing 6 January 2015.
- ↑ "National Transit Database Glossary". U.S. Department of Transportation Federal Transit Administration. 18 October 2013. Diarsip saka sing asli ing 13 November 2013. Dibukak ing 6 January 2015.
- ↑ "This Is Light Rail Transit" (PDF). Transportation Research Board. kc. 7–9. Diarsip saka sing asli (PDF) ing 17 April 2018. Dibukak ing 6 January 2015.
- ↑ Glossary of Transit Terms. 1992. kc. 9. Dibukak ing 2024-06-24.
- ↑ "What is Light Rail?". Light Rail Transit Association (LRTA). Diarsip saka sing asli ing 5 June 2016. Dibukak ing 6 January 2015.
- ↑ Vuchic, Vukan R. (14 February 2007). Urban Transit Systems and Technology (ing basa Inggris). Wiley. kc. 579. doi:10.1002/9780470168066. ISBN 978-0-471-75823-5. Dibukak ing 15 August 2024.