Menyang kontèn

Leladi (ékonomi)

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Ladèn griya dhahar minangka tuladha pakaryan sing ana gegayutané karo leladi.

Leladi, layanan, utawa jasa yaiku tumindak utawa panggunané barang tartamtu ing ngendi sangupati, parusahan, utawa pangrèh luhur gelem mbayar. [1] Tuladhané kaya pakaryan sing tumandang dening tukang cukur, dhokter, jaksa, juru bengkel, bank, parusahan asuransi, lan liya-liyané. Leladi umum yaiku leladi sing dibayar bebarengan dening masarakat akèh lumantar nagara, koperasi, utawa pangrèh dhaérah. Kanthi mupangataké sumber daya, katrampilan, kepinteran, lan wrasan, panyedya leladi menehi piguna marang sangupati. Leladi bisa dianggep minangka tumindak tanwujud, ing ngendi panyedya leladi menehi nilai marang naralanggan.

  1. McConnell, Campbell R.; et al. (2009). Economics. Principles, Problems and Policies (PDF) (édhisi ka-18th). New York: McGraw-Hill. ISBN 978-0-07-337569-4. Diarsip saka sing asli (PDF contains full textbook) ing 6 Oktober 2016., Glossary, p. G-25.