Menyang kontèn

Laudya Chintya Bella

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Laudya Chyntia Bella
Lair24 Fèbruari 1988 (umur 38)
Bandung, Jawa Barat, Indonesia
BangsaIndonesia
PakaryanArtis, Penyanyi, Model
Taun aktif2002–saiki
BojoEngku Emran Engku Zainal Abidin (o. 2017; peg. 2020) [1]
Karir musik
Génre
PirantiVokal
LabèlAquarius Musikindo
Sing magepokan
Laudya Chintya Bella

Laudya Chintya Bella lumrahé diundang Bella (lair ing Bandung, 24 Fèbruari 1988; umur 38 taun).[2] Laudya Chintya Bella iku salah sijiné bintang sinétron, aktris kang asalé saka Indonesia.[2] Film lan sinétron kang tau dibintangi Laudya Chintya Bella ya iku Virgin, Lentera Merah.[2] Leloroné kalebu filem kang misuwur.[2] Déné sinétron kang misuwur kang tau dibintangi Bella ya iku Senandung Masa Puber lan Juragan Jengkol.[2] Saliyané akting main filem lan sinétron, Laudya Chintya Bella uga tau nyanyi bareng karo grup vokal asuhan Melly Goeslaw kang jenengé Bukan Bintang Biyasa.[2] Ing grup vokal iki, Bella nyanyi bareng karo artis remaja liyané kaya ta Raffi Ahmad, Chelsea Olivia Wijaya, Dimas Beck, lan Ayushita.[2] Laudya Chyntia Bella duwé zodiak Pisces lan shio Naga.[2] Bella iku anak kang kaping papat saka sadulur kang cacahé papat.[2]

Lumantar filem Virgin, Laudya Chintya Bella sinau akting saka Eka D. Sitorus, pengasuh Sakti Acting School Jakarta.[2] Bella banjur kepilih dadi salah sijiné nominasi artis utama wadon kang paling apik ing Festival Film Indonesia (FFI).[2] Bella uga dadi Aktris Terpuji ing Festival Film Bandung (FFB) nalika taun 2004.[2]

Laudya Chyntia Bella uga tau dadi bintang ing filem kang judhulé CINTA REMAJA, LENTERA MERAH dan BUKAN BINTANG BIASA.[2] Lumantar sinétron kang judhulé JURAGAN JENGKOL, Laudya Chyntia Bella bisa dadi aktris paling top versi SCTV Awards nalika taun 2006.[2]

Ing babagan asmara lan pacar Laudya Chyntia Bella tau pacaran karo Rivaldo, Rafi Ahmad lan putu saka Présidhèn Soeharto ya iku Panji Trihatmodjo lan pembalap Ananda Mikola.[2] Sawisé pacaran karo Ananda, Bella fokus ing kariré lan main sinétron kang judhulé CINTA BUNGA.[2] Sawisé main ing sinétron iki Laudya Chyntia Bella banjur main manèh ing sinétron Cinta Bunga 2.[2] Ing kéné Laudya Chyntia Bella banjur cinta lokasi karo lawan mainé ya iku Chicco Jerikho.[2] Nanging Laudya Chyntia Bella ngaku yèn jarang ketemu Chicco Jerikho amarga padha-padha sibuk syuting.[3]

Filmografi

[besut | besut sumber]

Film kang dibintangi Ladya Chintya Bella.[2]

Sinetron

[besut | besut sumber]

Sinetron kang dibintangi Laudya Chintya Bella.[2]

Iklan kang dibintangi Laudya Chintya Bella.[2]

Lagu kang dinyanyekake Laudya Chintya Bella.[2]

Komedi kang dibintangi Laudya Chintya Bella.[2]

Album kang dibintangi Laudya Chintya Bella.[2]

Prestasi

[besut | besut sumber]

Prestasi kang ditampa Laudya Chintya Bella.[2]

  • Juara Favorit Putri Jawa 2003
  • Juara 2 Model Kawanku 2002
  • Finalis Putri Bobo 1997
  • Aktris Favorit SCTV AWARD 2005
  • Juara 1 Model di Bandung

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. "Kronologi Laudya Cynthia Bella Cerai dari Perkenalan 5 Bulan Hingga Pisah Baik Baik". Liputan 6. Dibukak ing 2020-10-13.
  2. 1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 11 12 13 14 15 16 17 18 19 20 21 22 23 24 25 selebriti.kapanlagi.com(dipunundhuh tanggal 21 Juli 2011)
  3. celebrity.okezone.com(dipunundhuh tanggal 21 Juli 2011)