Langgar merdeka
Langgar Merdeka, salah setunggalipun papan ngibadah umat islam ing Kampoeng Batik Lawèyan, Langgar Merdeka manggon ing dalan gede utawi dalan propinsi yaiku ing Dalan Dr. Radjiman No. 565 Surakarta ingkang dados ikon Kampoeng Batik Lawèyan. Miturut SK Walikota Surakarta No. 646/116/1/1997 bab pranatan daerah cagar Budaya, mula Langgar Merdeka punika salah setunggaling bangunan cagar budaya ing Kampoeng Batik Lawèyan kang kudu direksa, dijaga lan dilestarekaken. Bangunan Langgar Merdeka ana ing tanah wakaf 179 M2 , karo sertivikat lemah wakaf No. 06 katitih 06 September 2007.[1]
Miturut sejarah, bangunan Langgar Merdeka punika wakaf saking dipun babarake kanthi cara lisan saking almarhumah ibu Hj. Aminah Imam Mashadi, Langgar Merdeka disahaken dhening almarhum Bapak Mulyadi Joyo Martono taun 1944. Langgar Merdeka, wiwitanipun punika bangunan salah setunggaling toko kagungan warga keturunan Tionghoa sing dipunkiraken ngadeg taun 1877.[2] Bangunan toko punika kasunyatan inggih menika toko ingkang nyadeni candu Archived 2022-08-18 at the Wayback Machine. dados pengobatan. Saged dipunaturaken, bangunan ingkang menika dipunkenal dados salah setunggaling destinasi wisata religi.
- ↑ "Langgar Merdeka". Kampoeng Batik Laweyan (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2025-09-13.
- ↑ nn. "Langgar Merdeka Solo, Dari Toko Ganja Menjadi Musholla".