Lambang Mangkunagaran

Mangkunagaran inggih punika kadipaten ingkang dipun adegake dening Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya (K.G.P.A.A) Mangkoenagoro I wonten ing taun 1757. Praja Mangkunagaran dipun bentuk ing 17 Mei 1757 utama sasampunipun prajanjian Salatiga ingkang dipun tapa asma nipun dening Susuhunan Paku Buwana III utawa Raden Mas Said (K.G.P.A.A. Mangkoenegoro I) ingkang dipun pasekseni dening Patih Danurejo ingkang dados wakilipun Sri Sultan Hamengkubuwana I kaliyan VOC.[1]
Wonten ing mangsa dipun adegake dumugi dipun resmi aken bangunanipun wonten ing taun 1866, yaiku diwiwiti saking Pamarentahipun Mangkunegaran I dumugi Pamarentahipun Mangkunegaran II, lambang saking Keraton Mangkunegaran dereng dipun damel lan tasih ketingalan sederhana. Ananging, awit mangsa pamarentahipun Mangkunegaran III, lambang Mangkunegaran punika dipun tambahi unsur unsur ingkang nggadahi makna simbolis.[2]
Lambang Kadipatèn Mangkunagaran awujud tutup sirah, srengéngé lan ing arepé tulisan "MN" ing aksara Latin. Banjur ing sisih kiwa ana rerèntèngan kapuk lan ing sisih tengené ana rerèntèngan pari. Rong rerèntèngan iki dadi siji kagandhèng déning pita warna abang-putih ing ngisor. Banjur ing tengahé ana jemparing lan gandhéwané.
Kupluk iki nglambangaké praja Mangkunagara. Banjur srengéngé lan sunaré bokmanawa nglambangaké pangarepan. Tulisan "MN" iku cekakan saka "Mangkunagara". Banjur kapuk lan pari iki nglambangaké karaharjan. Pita warna abang putih iki nglambangaké kasucèn lan kawanèn. Jemparing lan gandhéwa iki nglambangaké rasa kasatriyan.
Sesanti Mangkunagaran iku "Mulat sarira angrasa wani, rumangsa mèlu andarbèni."
Uga delengen
[besut | besut sumber]- ↑ Admin, Mangkunagara (2024-01-01). "Sejarah Cekak Mangkunagaran". mangkunegara.id. Dibukak ing 2025-11-20.
- ↑ Rosalinda, Kholisya, Herliyana, Umi (2017-01-01). "Nerangake Wujudipun Lambang Mangkunegaran". Jurnal Desain. 04: 73–84.