Lagu dolanan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Lagu dolanan utawa Tembang dolanan iku awujud gendhing kang prasaja sing biyasa ditembangaké déning bocah cilik nalika dolanan. Nanging kadhangkala uga ditembangaké déning waranggana sajeroning swasana tinamtu ing pagelaran wayang kulit lan wayang liyané.

Lagu dolanan minangka salah sijiné seni sastra tradhisional utawa lagu rakyat kanthi irama lan gerak tinamtu kang ditindakake bocah-bocah. Saben lagu duwé maksud dhéwé-dhéwé. Lagu dolanan diarani wujud karya sastra amarga kadhapuk saka tembung-tembung éndah lan ngemu teges.[1]. Lagu dolanan ditembangake ing wayah-wayah tinamtu, mbiyèn lagu dolanan ditembangake bocah-bocah ing plataran omah wayah mbulan ndhadhari. Saliyané nembang, bocah-bocah padha dolanan lan jejogedan jumbuh karo lagu dolanan kang ditembangake.[1]

Kanggo nembangake lagu dolanan, bocah-bocah mono bisa nganggo jogèd, jejogedan, lan dolanan. Nanging bisa uga lagu dolanan iku amung awujud tembang kang ora perlu ana tariane, upamane lagu Gundhul-gundhul pacul. Ana uga lagu dolanan kang diiringi piranti musik kaya ta suling, kendang, lan liya-liyané.[1] Saben wewengkon utawa laladan nduwé lagu dolanan khas dhéwé-dhéwé. Gunggunge bisa atusan. Suwardi Endraswara ing bukune ngandharake manawa lagu dolanan iku kapérang dadi 8 jinis ya iku : Proto Folksong, Lagu Nina Bobo (lullaby), Lagu profetik, Lagu Permainan (play song), Lagu Perjuangan, Lagu Jenaka, Lagu Mantra Anak, dan Lagu Sindiran.[1]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. a b c d Endraswara, Suwardi. 2005. Tradisi Lisan Jawa. Yogyakarta: Narasi