Ladrang Asmaradana
Ladrang Asmaradana inggih menika salah satunggaling gendhing anggitanipun salah satunggaling Dhalang kondhang inggih menika Ki Nartosabdo ingkang miyos saking Klatèn, Jawa tengah. Cakepan Ladrang menika ngemu suraos sengsem dhateng wanita.[1]
Cakepan
[besut | besut sumber]Ganda arum cahyane angenguwung
Cundhuk kembang menur
Kalung sekar melathi
Bregas kaya pinulas
Pindha golek kencana
Tembene kang amulat
Temah lara asmara
Kawiwitan saking gatra sepisan inggih menika "ganda arum cahyane angenguwung" cakepan menika ngemu makna bilih menawi gandrung kaliyan wanita, pasuryanipun sumunar lan gandanipun wangi. Lajeng gatra kaping kalih "cundhuk kembang menur" gadhah surasa rikmanipun wonten rerenggan satemah nambahi endahipun sang wanita ingkang dipuntresnani. "Kalung sekar melati" gadhah makna bilih gandanipun tansah arum kados ngangge kalung sekar melathi. Lajeng cakepan ''bregas kaya pinulas'' pasuryanipun ayu kados dipunpacak. "pindha golek kencana" nggambaraken bilih wanita ingkang dipuntresnani punika katon sumunar. lajeng "tembene kang amulat" gadhah makna sinten kemawon ingkang mirsani kaendahanipun lajeng "temah lara asmara" ingkang gadhah makna satemah saged tuwuh raos tresna.
Rujukan
[besut | besut sumber]- ↑ "Gendhing Ladrang Asmaradana, Apa Makna di Balik Liriknya? – UKM KESENIAN JAWA" (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2026-05-10.