Menyang kontèn

Kreteg Kutai Kartanegara

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Kreteg Kutai Kartanagara ing Martadipura
Kreteg Kutai Kartanagara 2026
Nama resmiKreteg Kutai Kartanagara
Mengangkutkendaraan R4, R2, dan pejalan kaki
MelintasiKali Mahakam
DaerahKutai Kartanagara, Kalimantan Wétan
Panjang total710 mèter
Rentang terpanjang270 mèter
Mulai dibangun1995
Selesai dibangun2001
TolRp1.000 (lan sabanjuré digratisake)
Ditutup26 November 2011 (amarga ambrol)
Koordinat0°26′40″S 117°00′10″E / 0.444433°S 117.00288°E / -0.444433; 117.00288Koordhinat: 0°26′40″S 117°00′10″E / 0.444433°S 117.00288°E / -0.444433; 117.00288

Kreteg Kutai Kartanagara iku kreteg kang ngelewati kali Mahakam uga kagolong kreteg gantung kang paling dawa ing Indonésia. Kreteg Kutai duwé dawa tanpa saka tengah kanthi dawa 270 mèter, saka gunggungé dawa kreteg 710 mèter.[1] Kreteg Kutai Kartanagara ngubungake antara kutha Tenggarong déning kacamatan Tenggarong Seberang kang tumuju ing Kutha Samarinda.

Minangka diresmikake ing awal taun 2002, kreteg iki dijenengi Kreteg Gerbang Dayaku kang dijupuk saka slogan pambangunan kang digagas déning panjenengané bupati Kutai Kartanagara ya iku Syaukani Hasan Rais. Ing mangsa Syaukani wis lengser keprabon, kreteg iku diganti jeneng dadi Kreteg Kutai Kartanagara ing Martadipura utawa Kreteg Kartanagara.

Kreteg iki uga minangka aksès tumuju kutha Samarinda utawa suwaliké kang bisa ditempuh mung watara 30 menit. Ngliwati Kreteg Gerbang Dayaku Kutai Kartanagara ana sesawangan ya iku pulo cilik kang misahaké Tenggarong lan Kacamatan Tenggarong Seberang, ya iku Pulo Kumala, sawijining pulo kang wis disulap dadi Kawasan Wisata Rekreasi.

Ing kawasan Kreteg Kutai Kartanagara uga ana Jam Bentong kang wujud tugu kanthi taman asri yèn dideleng saka dhuwur kreteg. Ing sacedhaké kreteg dibangun sarana ulah raga pènèk dhindhing.

Kreteg Kartanagara kagolong kreteg kaloro kang dibangun nyebrang Kali Mahakam sawisé Kreteg Mahakam ing Samarinda saéngga akèh kang njebutake kanthi jeneng Kreteg Mahakam II. Saliyané iku, kreteg iki misuwur kathi sesebutan Golden Gate Kalimantan amarga wangun memper Kreteg Golden Gate kang ana ing San Fransisco, Amérikah Sarékat.Kreteg iki wiwit dibangun ing taun 1995 lan rampung ing taun 2001 déning kontraktor PT Hutama Karya[2] kang nangani proyek pambangunan kreteg mau. Kreteg iki ambrol ing tanggal 26 November 2011 tabuh 16.20 wektu saenggonref>VIVANews - Jembatan Tenggarong Runtuh Saat Ramai[pranala mati permanèn]. Diakses pada 26 November 2011</ref>.

Ing tanggal 26 November 2011 tabuh 16.20 wektu saenggon, kreteg Kutai Kartanagara ambrol lan rubuh.[3] Puluhan tetunggangan kang pinuju ana ing sandhuwuring jreteg kecemplung Kali Mahakam. 18 jiwa tiwas lan puluhan tatu lan dirawat ing RSUD Aji Muhammad Parikesit[4].

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. ↑ "Indoplaces - Jembatan Kartanagara". Diarsip saka sing asli ing 2023-06-08. Dibukak ing 2011-11-26.
  2. ↑ Kutai Kartanagara Bridge Collapsed[pranala mati permanèn]. Diakses pada 26 November 2011
  3. ↑ VIVANews - Jembatan Tenggarong Runtuh Saat Ramai[pranala mati permanèn]. Diaksès 26 November 2011
  4. ↑ Artikel: Inilah Identitas 13 dari 18 Korban di Mahakam di kompas.com 29 November 2011

Pranala njaba

[besut | besut sumber]