Kontèks

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
(Dilih saka Konteks)

Kontèks[besut | besut sumber]

Miturut Leech (1983) njlèntrèhaken one cannot really understand the nature of language itself unless he understands pragmatics, i.e. how language is used in communication, punika tegesipun manawi tiyang badhé wicantenan kaliyan mitranipun, ngagem basa sepisan utawi basa kaping kalih, piyambakipun kedah mangertosi fungsi saking basa ingkang dipun-ginakaken ing salebetipun wicantenan punika. Perkawis punika dipunlampahi supados maksud ingkang badhé kasampèkaken saking penutur saged dipuntampi kanthi saé dhateng mitra tuturipun. Ugi sawangsulipun mitra tutur kedah mangertosi maksud ingkang dipunsampèkaken déning panutur dhumateng piyambakipun ingkang dipunsengkuyung kanthi situasi lan kawontenan ingkang nyengkuyung utawi kontèks.

Punika ugi sami kaliyan pamanggihipun Levinson (1983) inggih punika pragmatics is the study of the relation between language and context that are basic to an account of language understanding. Tegesipun kanggé mangertosi makna basa, tiyang punika boten namung mangertosi makna tembung lan gayutan gramatikal antawisipun tembung kémawon ananging ugi saged mendhet dudutan ingkang wonten gegayutanipun kaliyan punapa ingkang dipunwicantenaken kaliyan punapa ingkang dipunasumsekaken utawi punapa ingkang dipunwicantenaken sadèrèngipun. Perkawis punika ugi kanggé basa produktif, panutur lan mitra tuturipun kedah saged njumbuhaken ukara – ukaraipun kanthi kontèksipun.

Miturut Rustono (1999:21), kontèks inggih punika samukawis ingkang dados sarana kanggé nyethakaken pikajeng utawi maksud. Sarana punika wonten kalih inggih punika ingkang sepisan babagan èksprèsi ingkang saged nyengkuyung kacethanan maksud utawi saged dipunsebat kontèks. Ingkang kaping kalih inggih punika situasi ingkang wonten gegayutanipun kaliyan sawènèhing kadadosan punika dipunsebat kontèks.

Miturut Alwi (1998:421), kontèks dumadi saking pérangan – pérangan, situasi, pamicara,pamireng, wekdal lan papan, adhegan, wosing rembag, kadadosan, wujud, amanat, tenger, lan sarana.

Miturut Hymes (1984) ingkang salajengipun dipunkutip kaliyan Brown (1983) njlèntrèhaken manawi titikanipun konteks punika wonten walu, inggih punika panutur, mitra tutur, topik tuturan, wekdal lan papan tuturan, saluran utawi, tenger (dialek utawi gaya), amanat utawi pesen, lan prastawa utawi kadadosan.[1]

Pamicara[besut | besut sumber]

Mangertosi sinten ingkang nembé pacelathon, lan mangertosi pamicara wonten ing salah satunggalipun situasi punika nggampilaken kanggé manginterpretasiaken pacelathonanipun. Tuladha, ukara : oprasi kudu dilakoni. Ukara “operasi kudu dilakoni” tegesipun:

  1. Pembedahan (pamicaranipun dhokter)
  2. Dropping bahan panganan menyanng pasar (pamicaranipun ahli ékonomi)
  3. Perampokan, pencurian (pamicaranipun penjahat)
  4. Razia (pamicaranipun pulisi)
  5. Golek mangsa (pamicaranipun pelacur)

Pamireng[besut | besut sumber]

Kaperluan mangertosi pamicara sami kaliyan kaperluan mangertosi pamireng. Tuladhanipun, manawi nembé wicantenan kaliyan tiyang sepuh kedah ngginakaken basa karma inggil.

  1. A(anak) : Bapak badhé tindak pundi?
  2. B (bapak) : arep menyang kantor.

Lare punika kedah mangertosi kaliyan sinten piyambakipun wicantenan, ampun dipunpadhaké kaliyan kanca teparonipun.

Wosing Rembag[besut | besut sumber]

Wosing rembag punika sami wigatinipun kaliyan pamicara lan pamireng. Kanthi mangertosi wosing rembag punika saged nggampilaken kanggé tiyang anggenipun mireng utawi maos kanggé mangertosi pawicantenan utawi seratan. Kathah tembung – tembung ingkang nggadhahi makna sanès ing babagan – babagan tartamtu. Tuladhanipun, Mahasiswa nembé pacelathon, X : wah angèl, aku mung éntuk A siji.

Y : lumayan to, aku ora ana A ne, tapi B ne ana pitu.

Z : luwih apik aku yèn ngono, A ku 3, B lima, liyané C.

X: ora ana D ne?

Z: ora

X: dadine IP ne pira?

Z: telu koma loro.

Wicantenan punika ngèngingi biji tès. Biji tès punika dipuntamtukaken A punika 4, B punika 3, C punika 2, D punika 1, lan E punika 0, lan IP punika indèks prèstasi. Wosing rembag punika kedah dipunmangertosi déning pamireng lan pamaos supados mangertosi punapa ingkang nembé dipunrembag. Tuladha punika kanthi mangertosi wosing rembagipun inggih punika biji – biji mahasiswa, ugi cetha punapa maksudipun A, B, C, lan D, ugi punapa IP punika.

Wekdal lan papan[besut | besut sumber]

Pamicara lan pamireng kedah nggatèkaken papan lan wekdal anggenipun wicantenan. Ugi antawisipun pamicara lan pamireng kedah nggatèkaken obahing awak lan obahing pasuryan. Kanthi mangertosi sadaya punika saged dipunmangertosi maknanipun anggenipun wicantenan.[2] Tuladhanipun:

A : Wis jam siji. Mosok ngono kok ora siyap. Dhiluk manèh bel. Apa kudu ngenteni ning kéné? Kesuwen. Ayo rikat.

Saking tuladha punika manawi saged katingal papan panggénanipun, kadosipun wonten ing ngajeng kelas, tabuh satunggal siyang, lan ingkang micara nembé duka, antawisipun dwija kaliyan siswanipun. Saged dipunmangertosi ingkang dipunwicantenaken inggih punika soal kerja siswa – siswa ingkang sampun dipunparingi wekdal ananging dèrèng purna anggenipun ngerjaké.

Amanat/pesen[besut | besut sumber]

Amanat ingkang badhé dipunsampékaken kedah tepat, amargi amanat punika sipatipun fundaméntal lan wigati. Kathah pesen ingkang boten kasampékaken dhateng pamireng amargi wujud pesenipun boten jumbuh kaliyan kawontenanan.

Kadadosan[besut | besut sumber]

Kadadosan tutur punika mawarni – warni, dipuntamtuaken kaliyan ancasipun wicantenan punika. Tuladhanipun: A : Dicepakké piranti-pirantiné dhisik.

B : Sampun sadaya pak.

A : Bendho wis dikosèk?

B : sampun landhep pak.

A : Péso?

B : Nggih sampun Pak. Jam pinten dikerjaké Pak?

A : Mengko subuh – subuh.

B : Butuh tali napa boten Pak?

A : Ya, mengko ditalèni dhisik.

Saking wicantenan punika ngèngingi mbelih sapi utawi kebo. Piranti – piranti kados peso, bendho, tali dipun-ginakaken kanggé ngrajapati sapi utawi kebo.

Tenger[besut | besut sumber]

Punika gegayutan kaliyan ragaming basa ingkang kaginakaken. Iinggih punika ing basa Jawi wonten basa ngoko lan karma, lan dialèk – dialèk saking pinten – pinten panggénan.[3]

Sarana[besut | besut sumber]

Punika wahana kanggé sesambetan ingkang awujud pirembagan lumantar télpon, serat utawi media TV.

Cathetan sikil[besut | besut sumber]

  1. ^ Lubis, A. Hamid Hasan. 1993. Analisis Wacana Pragmatik. Bandung: Angkasa.
  2. ^ [1](dipunundhuh tanggal 18 November 2012)
  3. ^ Yule, George. 2006. Pragmatik. Yogyakarta: Pustaka Pelajar.