Koesalah Soebagyo Toer

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Koesalah Soebagyo Toer ( lair ing Jakarta, 27 Januari 1935) ya iku pangripta basa Jawa[1]. Jeneng bapaké ya iku Mastoer lan jeneng ibuké ya iku Oemi Saidah. Dhèweké mantha garwa Utari lan nduwé anak 3. Mandawa basa sing tau aktif ing Ansambel Nyanyi lan Tari "Gembira" (1954 - 1957) iki tau dadi pamesta ing kedutaan Cekoslowakia (1957 - 1959), Kantor Berita Indonesian National Press and Publicity Servise, lan Kantor Berita Novosti ing Moskow (1963 - 1965). Dhèweké uga tau dadi dosen basa Ruslan lan guru privat basa indonésia kanggo wong asing. Saliyané pangripta lan pamesta, Koesalah Soebagyo Toer uga dadi pembesut basa Inggris, Landa, Ruslan, lan Jawa.

Karyané Koesalah Soebagyo Toer akèh banget lan werna - werna amarga dhèwèké nulis ing basa Indonésia lan basa Jawa. Tuladhané ya iku Kunang - Kunang, Aneka, Pentja, Mimbar Indonesia, Siasat, Merdeka, Keluarga, Pemuda, Duta Sasana, Garuda, Pewarta PPK, Brawijaya, Sastra, lan Jaya Baya. Geguritan, cerkak, kronik, lan pengalaman pribadhi dheweké digawé buku rena – rena, tuladhane Antologi Cerpen Ibuku di Surga, cathetan pengalaman Kampus Kabelnaya, Antologi Melodiye Poeti Indonyenzii, lan kumpulan cerkak revolusi Adhine Tentara. Buku pertalan karyané dhèwèké ya iku Mushashi karya Eiji Yoshikawa saka basa Inggris, Anna Karenina karya Leo Tolstoi saka basa Ruslan, Ivanhoe karya Walterscott saka basa Inggris, lan Ajaib di Mata Kita karya F.C. Kamma saka basa Landa.

Koesalah Soebagyo Toer entuk piagam penghargaan Buku Terbaik babagan Karya Terjemahan taun 1997 saka Yayasan Buku Utama. Saiki dhèwèké lagi ngrampungaké telung karya ya iku Ensiklopedia Sejarah Indonesia, Ensiklopedia Foklor Jawa, lan Ensiklopedia Wayang sarta aktif dadi pamesta.

Koesalah mrasa gèdhé pangarèp - arèpé urip saka karyane dhèwe lan karya - karyane bisa nginspirasi wong akeh. Dhèwèké nduwé pemikiran menawa karya sastra kudu tètèp ngendelaké kwalitas lan kwantitas. Dhèwèké uga ngarep - arep menawa kasusastran Jawa kudu luwih urip lan urup.

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. Widati, Sri; Rahayu, Prapti; Prabowo, Dhanu Priyo (2015). Ensiklopedi Sastra Jawa. Yogyakarta: Balai Bahasa Yogyakarta. kc. 275–276. ISBN 9789791852357.