Klindamisin

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Molèkul Klindamisin

Klindamisin minangka sawijining antibiotik kanggo nambani infèksi amarga baktèri. Klindamisin iku obat sing kagolong ing kelas antibiotik loncomycin. Pakaryan obat iki mendhegaké tuwuhing baktèri lan nyegah supaya baktèri kasebut ora nyebar ing pèrangan awak liyané.

Wujud[besut | besut sumber]

Wujud klindamisin bisa arupa:

  • Kapsul
  • Salep
  • Jèl
  • Pad
  • Larutan utawa cuwèran
  • Lotion

Piguna[besut | besut sumber]

Klindamisin kerja kanthi cara mandhegaké ngrembakaning baktèri lan ngatasi bakteri ing kulit, paru-paru, sistem pancernaan, sendhi, balung, uga jantung. Masiyo mangkono, klindamsin ora bisa kanggo nambani inféksi virus kayata pilek utawa flu.[1]

Klindamisin awujud jèl

Klindamisin bisa kanggo nambani:

  • Kukul lan bekas kukul
  • Radhang bangkèkan
  • Lara untu
  • Anthrax
  • Malaria
  • Infèksi kuping
  • Amandhel (tonsilitis)
  • Radhang gurung (faringitis)
  • Toksoplasmosis
  • Nyegah infèksi katup jantung (éndokarditis)

Dhosis[besut | besut sumber]

Panganggonan klindamisin digayutaké marang umur, infèksi lan kahanan panandang. Dhosis miturut wujudé kaya déné:

Klindamisin kapsul[besut | besut sumber]

  1. Dhiwasa: 150-300 mg saben 6 jam. Dhosis paling akèh ing sepisanan ngombé ya iku 450 mg lan dhosis paling akèh saben dina ya iku 1,8 gam.
  2. Bocah: 3-6mg/kg saben 6 jam. Menawa bobot bocah kurang saka 10 kg, dhosis paling setitik diwènèhaké 37,5 mg saben 8 jam.

Klindamisin salep lan jèl[besut | besut sumber]

Klindamisin salep lan jèl cukup diusapaké ing bageyan kulit sing kena infèksi kaya déné kukul. Obat iki racaké diusapaké 1-2 usapan saben dina utawa miturut prèntah dhokter.

Cara migunakaké[besut | besut sumber]

Klindamisin kapsul[besut | besut sumber]

Obat iki bisa diombé sakdurungé mangan utawa sakwisé mangan. Kapsul klindamisin diolu wutuh karo segelas banyu. Aja mlumah utawa turu sakwisé ngombé klindamisin. Ngombé klindamisin kudu padha jamé saben dinané. Obat iki kudu dientèkaké masiyo lara uwis mari.

Klindamisin jèl lan salep[besut | besut sumber]

Kumbah tangan lan kulit sing amèh diwènèhi salep iki nganggo banyu lan sabun nganti resik. Sakwisè iku garingaké nganggo andhuk resik. Banjur klindamisin diusapaké menyang pèrangan kulit sing nandang lara. Adohi bagéyan cedhak mripat, irung lan lambé,

Panyimpenan[besut | besut sumber]

Klindamisin minangka sawijining obat sing kudu disimpen ing suhu ruwangan. Adohaké obat iki saka sunaring srengéngé langsung lan panggonan sing ampeg. Aja disimpen ing kolah utawa jedhing lan aja diwènèhaké freezer. Adohaké klindamisin saka bocah cilik lan kéwan ingon-ingon. Menawa tanggal kadaluwarsa uwis kliwat, aja dienggo lan luwih becik diguwak.[2]

Èfèk samping[besut | besut sumber]

Sajroning migunakaké klindamisin ana èfèk piguna sing bisa kadadéyan kayata:

Klindamisin awujud cuwèr
  • Ana gangguan weteng kayata eneg, mukok-mukok, cangkem krasa kaya wesi lan mèncrét.[3]
  • Rasa lara ing gurung naluka ngolu
  • Keju lan kemeng ing sendhi
  • Rasa panas kaya kobong ing dhadha (heartburn)
  • Iritasi ing kulit nalika diusapi klindamisin salep utawa jèl.

Luwih becik temoni dhokter menawa èfèk samping ora lekas mari lan sansaya parah, kayata:

  • Kulit dadi gatel-gatel, ruam lan mlepuh.
  • Angèl ngolu.
  • Swara dadi serak.
  • Uyuh dadi sethithik.
  • Kulit lan mripat dadi kuning (jaundice).
  • Metu getih nalika ngising
  • Pambengkakan ing rai, ilat, tangan lan sikil.
  • Sesek napas utawa mengi

Pangèlingan[besut | besut sumber]

Ing sajroning migunakaké klindamisin, ana perkara-perkara sing kudu digatèkaké ya iku;

  • Bocah cilik, wong meteng, wong nyusoni, lan sopir kudu rembugan dhisik karo dhokter.
  • Rembug dhisik karo dhokter menawa duwé lelara alèrgi, mengi, kolitis, lara crohn., èksim, gagal ginjel, gangguan ing ati lan meningitis.[4]
  • Ngati-ngati sajroning ngonsumsi klindamisin menawa uga ngonsumsi pbat liyané kaya déné: rythromycin, rifampicin, aspirin, utawa ketoconazole, uga suplemén arupa obat herbal.
  • Blaka marang dhokter menawa amèh oprasi.
  • Blaka marang dhokter menawa ameh vaksinasi.
  • Blaka marang dhokter menawa asring ngrokok utawa ngombé ciu utawa alkohol.
  • Menawa ana alèrgi obat sakwisé migunakaké klindamisin, gagé-gagé temoni dhokter.

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. "Clindamycin, Antibiotik untuk Infeksi Bakteri Anaerob". Detik. 2011-08-08. Dijupuk 2020-01-31. 
  2. "Clindamycin". Alodokter. 2019-11-21. Dijupuk 2020-01-31. 
  3. "Clindamycin – Manfaat, Dosis, dan Efek Samping". Dokter Sehat. Dijupuk 2020-01-31. 
  4. "Klindamisin". Pusat Informasi Obat Nasional Badan Pengawas Obat dan Makanan. Dijupuk 2020-01-31.