Menyang kontèn

Klenthèng Tjoe Hwie Kiong Rembang

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Klenthèng Tjoe Hwie Kio
Sisih ngarep Klenthèng Tjoe Hwie Kiong Rembang
Tetélan pokok
PernahTasikagung, Rembang, Rembang
Koordhinat-6.717489, 111.353761 (lintang/bujur)
Diyasa kawit1841

Klenthèng Tjoe Hwie Kiong (carakan: ꦏ꧀ꦭꦼꦤ꧀ꦛꦺꦁ​​ꦕꦸ​ꦲꦸꦮꦶ​ꦏꦶꦪꦺꦴꦁ​) yaiku klenthèng sing mapan ana ing Marga Plabuhan, Nomer 1, Désa Tasikagung, Kecamatan Rembang, Kabupaten Rembang, Propinsi Jawa Tengah. Klenthèng madhep segara lor utawa muwara Kali Karanggeneng.[1]

Sujarah

[besut | besut sumber]

Klenthèng Tjoe Hwie Kiong iki diadegaké déning Kapitèn Lie ing taun 1841. Kawitané Klenthèng iki madeg ing Désa Jangkungan, Kecamatan Kaliori banjur diboyong menyang Désa Tasikagung, Kecamatan Rembang.[2] Sabab pamindhahan klenthèng menyang panggonan sin saiki jalaran anané rerangkèn prastawa sing diwiwiti saka Gègèr Pacinan ing Batawi banjur lumèbèr ing kutha-kutha liyané. Pamrèntah Koloniyal Indiya-Walanda banjur mrèntahaké para bangsa Cina diboyong saka Désa Jangkungan menyang tlatah ing sapinggiré Kutha Rembang, ora kalalèn klenthèng lawas sing wus angadeg ana ing kunu. Klenthèng lawas iku diarani "Klenthèng Dewi Samudra Mak Co Poo Thian Siang Sing Bo Nio-Nio" manggon ing marga K.S. Tubun nomer 3; titik panggonan klenthèng lawas iki diwènèhi tetenger sing isih wujud nganti saiki, tetenger iku rupa watu sing nandhani boyongané klenthèng.[3]

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. "Klenteng Tjoe Hwie Kiong » Budaya Indonesia". budaya-indonesia.org. Dibukak ing 2026-01-15.
  2. "Klenteng Tjoe Hwie Kiong". TripTrus. Dibukak ing 2026-01-15.
  3. Ciberindo. "Tjoe Hwie Kiong - Dewi Samudra". www.wihara.org. Dibukak ing 2026-01-15.