Klenthèng Thean Hou
Praèn

Klenthèng Thean Hou (Hanzi: 乐圣岭天后宫/樂聖嶺天后宮) yaiku klenthèng nem tingkat ing Kuala Lumpur, Malaysia kang mligi muja Dèwi Mazu, dèwining segara Cina. Mapan ing palemahan kang jembaré 1,67 ha (6.758 m), prenahé ing sadhuwuré Robson Heights ing Lorong Bellamy, ngadhep Dalan Syed Putra.[1] Wangunané rampung kayasa ing taun 1987 lan resmi dibukak ing taun 1989.[2] Klenthèng iki kabangun déning wong-wong Hainan kang manggon ing Malaysia, propertiné dimilik lan dirumat déning Paguyuban Hainan ing Selangor lan Laladan Fèdheral (cara Malayu: Hainan Selangor dan Wilayah Persekutuan; cara Cina: 雪隆海南会馆/雪隆海南會館). Wangunan iki dadi salah sawijining klenthèng paling gedhé ing Asia Kidul-Wétan.
Gladri
[besut | besut sumber]-
Gapura ngarepan Klenthèng Thean Hou.
-
Rerenggan rupa ukiran lan gambar corak Cina ing gerbang klenthèng.
-
Makutha kang ana ing punjeré wangunan klenthèng.
-
Lampu loling kang ngrenggani Klenthèng Thean Hou.
-
Lampu loling kang ngrenggani pérangan palataran jeron Klenthèng Thean Hou.
-
Reca dèwi kang ana ing jeron bangsal pamujan Klenthèng Thean Hou.
-
Reca-reca kang jinèjèran ana ing taman burèn klenthèng.
-
Panggonan toko olèh-olèh ing Klenthèng Thean Hou.
-
Gedhong Merdeka 118 lan Menara KL sinawang saka Klenthèng Thean Hou.
Kapustakan
[besut | besut sumber]- ↑ "CHAP GOH MEH". www.tourism.gov.my (ing basa Inggris). Dibukak ing 2025-03-08.
- ↑ "Thean Hou Temple kick-starts CNY celebrations with record-breaking artworks". thesun.my (ing basa Inggris). Dibukak ing 2025-03-08.